Follow Us @soratemplates

Senin, 01 Oktober 2018


CERKAK 1 ^-^

Tresnoku Kepentok Itungan Jawa
Dening : Sefi Damayanti

Jenengku Yanti, aku lahir saking keluarga sederhana lan keluarga sing isih percaya karo itungan jawa. Bagi sebagian masyarakat ing desa ku itungan jawa isih dipercaya amarga saben ana acara sing isih ana gegayutane karo adat jawa kayata sunatan, mantenan, lamaran lan sapanunggalane mesti nganggo itungan jawa. Aku isih jalani pendidikan kuliah ing salah siji universitas sing ana ing jogja, kegiatan ku sakliyane kuliah tak sambung kaliyan kerja kanggo ngewangi biaya kuliah. Aku nduweni kanca cedak lanang, nek bocah enom ngarani ne pacaran. Jenenge pacarku yaiku Bara, deweke kancaku kuliah. aku lan Bara uwis pacaran kurang luwih 3 tahun iso diomong pacaran ku tenanan hehehe. Aku kuliah kurang 3 sasi maneh, Bara rencana arep nenani hubungan e.
"Sakwise wisuda aku arep moro menyang omah mu" ngomonge bara menyang yanti.
"Emang arep nyapo?" Pitakone yanti.
"Rencanane aku arep nglamar awakmu yan" kandhane bara
"Alhamdulillah nek emang niatmu nenani bar" jawab e yanti
"Iya aku temenan marang hubungan iki yan, yo muga-muga wae atedewe jodoh"
"Nek Allah ngeridhoi insyaallah bar"
"Mengko omongne menyang wong tuwamu ya yan"
"Insyaallah bar"
Alhamdulillah rejeki anak sholeh, akhir e aku iso pulang kampung amarga prei seminggu. Akhire aku mulih menyang ngawi lan nyeritakne masalah lamaran e Bara.
"Buk rencanane sakwise wisuda Bara arep mrene"
"Lha yoben tho, dolan mrene"
"Mrene iki ora arep dolan" yanti omong karo gugup.
"Lha arep nyapo?" ibuke bingung amarga yanti ora gelem omong langsung.
"Ngene buk... piye ya isin aku arep omong" yanti omong karo guya-guyu.
"Piye tho bocah iki, isin nyapo? lha wong ceritone yo karo ibuk e dewe, ngunu yo ijik isin"
"Ngene lho buk Bara mrene iki arep nglamar aku"
"Opo?? (praupan wajahe ibuk langsung malih kayata bingung)
"Piye buk? ibuk setuju tho?" Pitakone yanti
"Mengko tak omongne karo bapakmu disik ya nduk"
"Nggeh buk"

Akhire aku iso omong menyang ibukku, rasane nek omong masalah lamaran awak adem panas. Tapi ibuk ku durung wenehi kepastian ngenani masalah lamaran kuwi kayata ekspresi ne ibuk bingung lan kurang setuju. Bengi ne bapak lan ibukku ngajak omongan masalah lamaran e Bara.
"Kepriye nduk kepriye, mreneo omongo menyang bapak"
"Ngenten lho pak, sakrampunge wisuda Bara ajeng mriki, ajeng nglamar kula, pripun pak niki?"
"Oalah ngunu tho nduk. Ngene lho nduk jane aku yo seneng karo bocah kuwi seneng ki mergo bocah kuwi tanggung jawab lan tenanan marang awakmu tapi ki bapak lan ibu durung iso ngekei keputusan amarga durung takonn eyangmu, ngene wae nduk ben luwih penak jajal we takon o menyang bara deweke anak kepiro lan bapak e bara anak kepiro, ngunu ae wis ben kepenak itungan e"
"Nggeh pak, mangke kula tangkletke menyang bara"
"Yowis ngunu sik wae nduk, gek ndang leren nduk"
"Nggeh pak"

Sakwise bapak ngendika mangkono nyali ku langsung ciut, aku wedi bapak ku ora ngrestui aku lan bara. Akhire aku langsung njupuk HP lan ngirim pesan lewat whatsapp menyang bara. Aku takon menyang bara opo sing ditakon ke bapak mau. Sakwise aku ngirim pesan menyang Bara, langsung ana balesan WA saka bara. Opo sing tak wedeni kedadean, Bara njawab yen deweke anak kesiji lan bapake anak kesiji. Saka itungan Jawa sing isih dipercayani karo keluargaku yen anak kesiji ora oleh golek jodho ngalor ngulon lan ora oleh barep telon, artine nek sing pihak wadon anak kesiji banjur sing lanang anak kesiji lan bapake anak kesiji dadi nek manut itungan jawa kuwi ogak oleh. Aku maca pesan saka bara langsung lemes, bapak ku mesti ora setuju amarga aku anak kesiji bara anak kesiji lan bapak anak kesiji ditambah bara kuwi wong solo saka omah ku parane ngalor ngulon. Aku arep cerita menyang bara ora wani, sakwise ngerti kuwi nyaliku ciut, aku bingung arep cerito menyang sopo. Akhire aku banjur langsung ngendhika menyang bapak.
"Pak bara sampun bales terose baraa niku anak pertama lan bapak e anak pertama" aku ngomong karo kepedot-pedot"
"Lha bara ki gak yo wong solo tho nduk?"
"Nggeh pak, pripun pak?"
"Aduh piye ya nduk nek menurut itungan jawa kuwi ora oleh nduk, pamali ora apik"
"Pak sakniki niku mboten wonten ngagem itungan jawa amarga niku namung mitos"
"Nduk manut karo omongan e bapak ya nduk pamali" ngendikane ibuk
"Buk sakniki niku mboten terpaku kaliyan itungan ngonteniku, niku namong mitos buk, kula sayang buk kaliyan bara, bara nggeh sampun nenani"
"Nduk eling gak kedadean e anake lik parman kae rabi entuk ngalor ngulon kedadean opo sakwise bojone lik parman meninggal nduk, ibuk ki wedi was-was"
"Buk jodoh,maut,rejeki niku sampun wonten sing ngatur buk gusti Allah sing ngatur"
"Uwis-uwis ojo engkel-engkelan, nduk manut o tho nduk bener omongan e ibuk mu kuwi"
"Pak niki mboten jamane mbiyen maleh pak, niki sampun modern kedadean napa mawon niku sampun takdir pak"
"Uwis nduk manut o ya nduk"
Aku banjur meneng lan nangis bingung amarga ora kepenak arep omong karo bara, rasane lemes ora bisa omong apa-apa, bingung rasane campur aduk. Akhire aku ceita marang bara wani ora wani aku cerito.
"Bar bapak ku gak ngrestuni hubungan iki"
"lha opo masalah e? adewe wis pacaran 3 tahun yan bapakmu ogak masalahne opo-opo"
"Masalah e sepele bar masalah itungan jawa, aku anak kesiji kowe anak kesiji terus omahmu ngalor ngulon bar, masalahe bapakku isih percaya karo itungan jawa."
"Wajar yan wong tuwa isih percaya karo itungan jawa, bapak ku yo isih percaya marang ngunui tapi saitik-saitik bapakku tak wenehi pengertian yen iku cuma mitos"
"Uwis tak jajal bar tapi percuma bapak ku yo tetep wae percaya karp itungan jawa, solusine piye bar apa dibatalne wae bar lamaran e? aku bingung"
"Aduh yo ojo tho yan, gek ya adewe wis pacaran 3 tahun, aku meh nenani jebule ora sido kan yo isin yan karo kanca-kanca"
"Lha iki percuma bar adewe njalani hubungan tanpo restu wong tuwa ibarat e wong mangan tapi gak ngrasakne mangan hambar gak berkah gak dirihoi gusti Allah"
"Bismillah yan tak coba moro menyang omahmu, tapi aku dewekan disik mengko tak coba ngomong neng bapakmu"
"Arep o we ngomong nganti we nangis-nangis bapak ku gak bakal ngubah opo sing wis dipercayani karo sing wis dadi tradisi bar"
"Jeneng e manungsa iki yo usaha, eh menowo aku sing omong mengko bapakmu iso luluh karo aku lan ngrestoni"
"Yoweslah coba'o raopo gek menowo bapak ku iso berubah pikiran"
3 sasi wis kepungkur, akhire aku lulus dadi sarjana lan wisuda. Bara akhire moro menyang omahku, deweke tetep kukuh arep nglamar meskipun karo bapakku ogak direstuni. Isuk jam 10 bara wis teko menyang omahku.
"Assalamualaikum" Bara ngetok-ngetok lawang omah
"Waalaikumsalam, sinten nggeh" Ibuk ku banjur mbukakne lawang
"Kula Bara buk, ngapunten kula mriki badhe silaturahmi lan ajeng ngomongke masalah lamaran buk"
"Oalah iyo le gek ndang mlebu kene, lungguh le... sik-sik tak celukne bapak e yanti, arep ngombe opo le?
"Sak wontene mawon buk"
"O iyo-iyo enteni sik ya le"
Sekitar 3 menitan bara ngenteni bapak lan ibuk metu nemoni bara ning ruang tamu.
"Uwis suwi tho le leh ngenteni?" pitakone bapak
"Dereng pak nembe nggeh an"
"Oalah iyo-iyo gek yo ndang diombe teh e ojo dideloki tok, rotine gek yo ndang dicicipi"
"Nggeh pak" Akhire bara ngombe teh e lan mangan rotine.
"Yanti teng pundhi pak? pitakone bara.
"Yanti jik adus le anteni sik ya"
"Oalah nggeh pak"
"Kepriye le masalah lamaran mu menyang yanti, tetep kukuh arep nglamar yanti?"
"Nggeh pak, kulo tetep ajeng nenani yanti pak, tapi terose yanti bapak mboten ngrestuni amarga ing itungan jawa mboten pareng"
"Ngene lho le, jane ki aku srek karo awakmu, we ki bocahe tanggung jawab lan tenanan marang yanti, tapi iki karo eyang e yanti gak oleh amarga awakmu karo yanti iki podo-podo anak kesiji bapakmu yo anak kesiji barep telon le, gak oleh pamali"
"Ngapunten nggeh pak, sakniki niku mboten terpaku kaliyan itungan jawa ngoten niku pak namung mitos pak"
"Iyo le jane aku iki yo pengen ndang dilanggar wae tapi iki eyang e yanti sing ora ngolehi le, bapak gak wani nek arep nglanggar wedi dosa marang wong tuwa le"
" Mboten napa-napa pak insyaallah mboten wonten kedadean aneh pak, Nek wonten kedadean niku takdir pak"
 "Iyo le aku ngerti tapi iki wis tradisi turun temurun le, arep nglanggar iki wedi enek kedadean sing gak diarepne"
"Kulo jamin mboten wonten pak insyaallah, bismillah pak kula lan yanti nggeh sami-sami seneng pak"
"Iyo wis ngene ae le, we seminggu meneh teko'o mrene karo wong tuwamu, masalah eyang e yanti tak dadi urusanku wae, penting anakku yanti iso seneng lan bahagia"
"Ngonten pak nggeh pak matursuwun sanget, mengke dinten minggu ngajeng kula mriki maleh"
"Iyo le ngunu sik wae"
"Nggeh pak kula badhe pamit rumiyin, salam kagem yanti nggeh pak, Assalamualaikum" Bara banjur pamitan lan mulih
"Waalaikumsalam"
Seminggu wis kepungkur, luwih tepate dina minggu isuk bara lan keluargane teko menyang omahku.
"Assalamualaikum"
"Waalaikumsalam monggo-monggo pak buk pinarak rumiyin"
"Nggeh matur suwun pak"
"Monggo diunjuk riyen pak, sepuntene nggeh pak entene namung niki"
"Nggeh pak mboten napa-napa"
"Pak niki kula kaliyan sakeluarga badhe nglamar putrinipun bapak kagem putra kula"
"Nggeh pak, niki kula sampun tangket dinten marang eyange yanti, niki dinten e minggu pahing sasi ruwah"
"Nggeh pak kula namung mantun kaliyan pihak wadon"

Akhire lamaran e uwis disetujui lan sepakat resepsi manten e 6 sasi maneh. 6 sasi wis kepungkur akhire yanti lan bara syah lan resepsi temanten, sakwise resepsi lan nglakoni urip barengg wis ana 1 tahun nyatane ora ana kedadean apa-apa kayata mitos itungan jawa. Saka cerito iki bisa kepetik hikmah yen jodoh,rejeki,lan maut iku wis ana sing ngatur yaiku gusti Allah.

 TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar