Follow Us @soratemplates

Senin, 01 Oktober 2018

CERKAK 05 ^_^

Akibat gak gatekne omonge kancane
Dening Septi Budiarti

Dino sabtu lan minggu wayahe cah sekolah prei mergo sekolah wis sistem fullday kaya sekolah e Septi karo Jhella. Sabtu isuk Septi sing wis bar nyapu karo nyuci,leren karo ndelok TV ning omah. Septi ndelok TV karo dolanan hp. Ndee ngirim pesen lewat WhatsApp ning Jhella,nek ndee arek ngajak Jhella dolan ning Magetan. Ujug-ujug wetenge Septi kroso luwe mergo rung maem,akhire Septi langsung sarapan bar wi adus.
Sak wis e adus,Septi siap-siap marani Jhella. Teko omah e Jhella,tibake Jhella sik adus. Akhire Septi ngenteni Jhella. Wis rodok suwi,Septi sing ra sabar akhire protes.
"Jhell,we sik suwi gak?Wis awan ki." Protes e septi sing ra sabar ngenteni.
"Yuh-yuh sabar o sep!lagi 5 menit ae nek ku adus tek wis protes." Jhella nyauri karo bengak bengok.
"10 menit yu masamu." Septi rodok kesel jawab e.
"Healah mosok o?wkwkwk,andiku lagi sedilut." Jhella nyauri karo ngguyu banter.
"Wis ndang dibarne sik,rasah guyon ae." Septi ngakon Jhella nutukne nek adus.
Jhella ora nyauri. Bar ngono Jhella wis bar nek adus langsung salin. Sak wis e salin Jhella marani Septi sing lungguh ning ngarep TV. Bar ngono cah loro wi mau langsung budal dolan ning magetan.
"Sep,adewe ning magetan arek dolan ning ndi?" Jhella takok pas ning dalan.
"Karek ae ki,aku mung pengen muter-muter tok. La we pengen opo Jhel emang e?".
"Yowis pikir keri ae,aku rung pengen tuku opo opo,paling nek wis teko Magetan lagi kepikiran tuku opone."
Septi ora nyauri Jhella mergo sibuk nyetir. Sak wis e teko Magetan,Jhella karo Septi leren sik ning Alun-Alun Magetan.
"Eh,ning Magetan i enek bakul es kepal milo gak ya?aku ngelak eg Jhell."
"Enek sep,ning pinggiran anding sekolahanku. La we ra pengen maem opo piye o?aku luwe,rung sarapan awit isuk sep."
"Mosok we rung maem?la pas adus nyaurimu tek banter men neh?".
"Healah la peh aku rung maem kudu lemes ngono?."Jhella nyauri rodok emosi.
"Hehe,iyo iyo. La we pengen golek maem opo Jhell?"
"Maem opo ya?rujak we gelem gak sep?." Jhella
"Rujak?la we rung sarapan nolo,kok arek maem rujak?nek wetengmu loro piye?Moh aku."
"Halah... pisan e lo Sep Sep." Jhella nyauri karo rodok ngerayu Septi.
"Jhella i di omongi kok e,ngeyel ae. Ojo rujak ojo sing pedes-pedes nek we rung sarapan." Septi nyauri rodok nesu.
"Wis pisan iki tok ae Sep." Jhella nyauri singkat karo ngarep-ngarep Septi gelem dijak maem rujak.
"Hm... yowis nek nu." Septi pasrah lan nuruti Jhella.
Akhire Septi karo Jhella muter muter meneh numpak motor golek bakul rujak karo bakul es kepal milo ning andek sekolahan e Jhella. Jhella sing bagian tuku rujak,Septi sing bagian tuku es kepal. Jelalah Jhella pesen rujak e pedes kanggo ndee dewe,Septi dipesenke rujak sing ora pedes. Sak wis e tuku,Jhella karo Septi golek panggon sing penak dinggo maem jajanan mau. Septi bingung ngingeti Jhella sing pedesen paa maem rujak.
"We napo Jhell?kok iso pedesen i lo?Rujakmu opo pedes?." Septi ngomong bingung.
"Huhhaahh yo sep" Jhella nyauri singkat bar ngono nutukne nek maem rujak mergo pedesen.
"Haduh... we ki piye o?wis ngerti rung sarapan malah pesen rujak sing pedes. Nyoh Rujakku maemen mergo rujakku gak pedes!." Septi ngeroyok rujak e Jhella karo ngekekne rujak e sing gak pedes ning Jhella.
 Sak wis e ngentekne rujak e sing gak pedes wi mau,Jhella langsung ngombe es e. Septi karo Jhella leren disek mergo bar maem rujak. Wis rodok suwi akhire Septi karo Jhella mulih ning omah. Tekan  omah e Jhella,cah loro wi mau leren meneh karo ndelok TV. Ujug-ujug Wetenge Jhella loro.
"Aduhh... wetengku loro sep." Jhella ngeluh.
"Salahmu tuku rujak pedes barang,akhire yo ngeneki. Wis ngerti awit isuk rung maem sego malah awan e tuku rujak kok yo pedes barang to Jhel Jhella." Septi nyauri cerewet.
"Iyo sepurane sep,aku malah sak karepku dewe gak ngerungokne awakmu." Jhella rodok nyesel.
"Iyowis gak opo opo,ojo di baleni neh jhell." Septi nyauri alus.
"Matursuwun ya sep wis ngelingne aku,wis nyereweti aku."
"Iyo jhell,podo-podo. Sing penting gak dibaleni meneh aku wis seneng nek awakmu ngerungokne aku."
"Iyo sep".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar