BEKTI MARANG WONG TUWA
Dening VERA YUNITA
Ing salah sawijining deso ing tengah alas ,urip
sawijining keluarga yaiku Pak Warno ,Bu Musinem lan 3 anak e jenenge Wati
,Agung ,lan Rahayu .Bu Musinah bingung ngrasakne watak anak-anak e sing ora manut karo wong tuwa ,timo Rahayu sing ngerteni kahanane wong tuwane.Wati lan
Agung ngroso nak bapak lan ibuk e ora iso nuruti opo sing dipengeni lan isin
karo kanca-kancane.Anangin ora kaya Rahayu ,deweke gelem ngrewangi wong tuwane
.
Sak ben dino Wati
,Agung ,lan Rahayu budal sekolah bareng
.Wati karo Rahayu padha-padha kelas 12 ning SMKN 1 NGAWI ,Agung yo kelas 12 ananging
bedho sekolah.Agung lan Wati biasane goncengan
numpak motor ,amergo Pak Warno timo sanggup tuku motor siji Rahayu ngalah budal
sekolah numpak sepeda.Wati lan agung yo mesthi njalok sangu sing akeh ,nganthi
Bu Musinem nyilih duwete tanggane.Rahayu sak ben budal sekolah karo nyangking
jajanan didol ning sekolahan lan ora tahu njalok duwek sangu wong tuwane.Ing
mejo makan Pak warno ,Bu Musinem ,Agung ,lan Rahayu .Moro-moro Wati teko‘’Buk
sasi iki urung mbayar spp lho,,,,”Tuture Wati marang ibuke ‘’Iyo ,nduk ngenteni bapakmu bayaran . “Ibuk
ii mesthi lho ,aku ki isin karo kanca-kanca ku buk,”
“Rene nduk ,iki bapak timo nduwe duwek iki nggo bayar sppmu.”Pak warno
ngekek ie duwek. ”Rahayu kowe ora njalok duwek nggo bayar spp nduk?”
“Mboten Pak kulo sampun gadah arto
kangge mbayar spp.”tuture Rahayu .
”iyo wes nk ngono nduk ,sing sregep nk
sekolah supoyo bisa dadi wong sukses.”
“Nggih pak .”Wati ,Agung lan Rahayu
budal sekolah .Sak tekane ning sekolahan Rahayu nitipne jajanane ning kantin
sekolah .Songko ngguri enek kancone Rahayu.
‘’Rahayu
tak ewangi ya?”Gilang nakok ie Rahayu “Gak usah lang ,aku iso dewe
.”jawab e Rahayu tanpo ngingeti Gilang.
‘’Gilang gak perlu ngewangi Rahayu wonge
iso dewe ,”wati moro-moro nyaut ning gilang.
‘’Wat kowe wi mbak ra ngesakne adik e
delok en adikmu ,kowe jane kudhu nyonto adikmu kuwi.”jawab e gilang karo sinis
. “Aku
karo Rahayu gak selevel ,jik mending aku sak pol pol e .”Jawabane Wati
Gilang tanah awet pertama
nduweni rasa karo Rahayu ,ananging rahayu timo nganggep Gilang kancone ,tambah
wati sing duweni rasa ning Gilang . Rahayu ning mata kanco-kancone dianggep
apik ,pinter,ayu lan ora sombong ,bedho karo Wati .Rahayu lan Wati sering
dibanding-bandingne nganti Wati nggelani Rahayu.Ujian Nasional wis gari ngitong
dino ,Wati lan Rahayu kudu nglunasi spp .Rahayu songko asile dodol jajan mau
wis iso nglunasi sppne ,ananging Wati sing wis diwehi duwek bapak e mau tambah
ora dienggo bayar spp tapi di enggo tuku kebayak di enggo perpisahan.Ujian kurang
rongdino Wati binggung njalok duwek ning bapak wis ora diwehi ,nak ora ndang
bayar wonge ora bisa melu ujian .Wati njalok bantuan ning Rahayu supoyo mbujuk
bapak e ngewehi duwek Wati neh ,nanging Rahayu ora tego karo bapak e sing wis
ora nduwe duwek .Akhire Rahayu kepepet
njupuk duwek tabungane sing arep dienggo mbayar mlebu PTN sok mben
dienggo mbayar spp e Wati.Gilang meneng-meneng ngrungokne omongane Rahayu karo
wati mau ,Gilang pengen ngewangi Rahayu supoyo iso mbayarkanggo mlebu PTN nanging Gilang ngerti mesthi Rahayu
ora bakal gelem nompo bantuane .Ujian uwis bar kari nunggu hasile .Rahayu ijik
bingung amergo duwek e kurang akheh dienggo bayar mlebu PTN ,wonge kerjo ning
toko kanggo nggenepi duwek e.
Gilang
nekani omahe Rahayu ‘’Thok,thok Assalamualaikum,,,,.” ‘’Waalaikumsalam
,monggo le lenggah.”Bu Musinem ngonkon gilang lungguh.”Enek opo le?”
“Kula Gilang bu rencange Rahayu ,kula
mriki ajeng mbantu Rahayu .” “Rahayu
kenek opo le ?”jawab e Bu Musinem karo panik .
“Rahayu mboten nopo-nopo bu ,ngeten bu niki kan sampun ajeng pendaftaran
PTN lha Rahayu niku ajeng daftar nanging artone kangge mbayar spp e Wati ,sepunteni
nggih bu niki kula gadah arto sekedik kangge mbantu Rahayu kula titip ke ibuk
mawon nggih ,mengke mboten sah sanjang kalihan Rahayu arto niki sangking Kula
.”
“Nggih le matur suwun ,tambah ngrepotne
kowe le .”
“Mboten nopo-nopo bu .Kula pamit rumiyen bu.” “Iyo ,le ati-ati yo.”
Sorene
Bu Musinem moro ning kamar Rahayu e langsung nakoni lan ngewehno duwek soko
gilang mau nanging ora ngomong nk duwek mau songko gilang .Rahayu seneng banget
dewek e iso ndaftar PTN lan direstoni wong tuwa ne .”Nduk nyapo kowe ora tau
ngomong nk arep ndaftar PTN?”Takoni Bu Rumiyem.’’Kulo mboten pengen menehi
beban kangge ibuk lan bapak ,amergi kula paham kahanane ibuk lan bapak .”jawab
e Rahayu karo nangis “Ora nduk ,bapak lan ibuk ijik iso nggolekne ragat kowe
,bapak lan ibuk bakal kerjo luwih giat supaya iso ngabulke kapinginanmu ,Wati
lan Agung”.’’Mboten sah buk ,sak niki Rahayu nduweni tanggungjawab kanggo
nyeneng ake bapak kalian ibuk.” Songko ngarep lawang Wati lan Agung ngrungokno
omongane Rahayu lan Ibuk e lan melu nangis inget klakuane marang ibuk lan bapak
e.Wati lan Agung langsung ngrangkul ibuke lan Rahayu dewek e njaluk ngapuro
amergo sikap e wis nggawe ibuk,bapak lan Rahayu susah .
Dino
senin hasil ujian diumumke ,hasile Rahayu kalebu 10 besar .Seminggu kepungkur
Rahayu ndaftar ning PTN lan kelebu Rahu langsung sujud syukur ,ngambung ibuk
lan bapak .Pas kuwi ibuk e lagi ngomong nk duwek sing dienggo daftar kuwi
diwehi Gilang .Rahayu langsung nemoni Gilang lan ngucap ake matur suwun ,Rahayu
yo njalok ngapuro amergo ndek mben nggindari Gilang. Rahayu lagek ngungkapne
perasaane lak deweke yo duwe rasa karo Gilang nanging deweke wedi karo Wati.Sak
iki Wati wis ngrestuni Gilang karo Rahayu lan Gilang sanggup ngenteni Rahayu
sampek lulus PTN .Nasip e Wati lan Agung amergo ndisek gak tau tenanan sekolahe
lan ora manut wong tuwa sak iki ijik bingung nggolek pekerjaan.Ibuk lan bapak e
wis ndunga rino wengi ananging nasib e wati karo agung jik urung kepujur
,ananging cah loro mau sadar kesalahane lan tetep sabar ngadepi kahanan uripe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar