Kekarepan Kang Ora Bisa Kelakon
Dening Sri Lestari
Dino jumat sore, Anya
ndue kekarepan pengen dolan ng luar kota. Amarga sekolahe ngadakno fullday
saengga saben sabtu prei. Bengine anya ngechat kanca cedake yaiku Faya. Deweke
ngechat pengen ngajak Faya dolan ng Malang. Nganti pirang-pirang jam ora ndang
mbalesi. Akhire dijawab iyo. Anya takok ng Faya wes ngomong bapak ro ibune
durung. Jarene uwes.
Esuke wes awan, Anya ora tangi-tangi.
“Nya, wes awan ra ndang tangi. Prawan opo wi? Ra
ndang ngewangi ibuk masak. Tangi po ra?” Ibuke bengak-bengok ng dapur.
“Sek to buk, kesel aku. Bengi turuku jam 12.” Jawabe
Anya
“ Salahe dolanan hp wae” Saurane ibuke
“ Ora yo buk, sinau yo aku buk” Jawabe.
(Padahal Anya dolanan Hp, ngegame, karo moco
wattpad)
“ Yo wes, ndang raup kono!” Omonge ibune
“ Nggeh buk” Jawabe
Sakbanjure Anya ng
kamar mandi. Anya ngechat Fanya maneh. Iso tenan opo ra dolan. Tibakno iso.
Akhire Anya sarapan bar kui adus. Anya adus nganti pirang-pirang jam. Barwi
dekne dandan lan omong ng ibuke.
“Buk, aku arep dolan.” Omonge Anya
“Dolan neng endi? Sesok ijek ulangan to? Wes ndang
ng omah wae, ra sah dolan ng ndi-ndi!” jawabe ibune
“Arep nggolek buku nggo persiapan ulangan buk, nggo
un kui lo” Anya nyauri karo ngguya ngguyu amargo wonge ngapusi ibune maneh.
Padahal dekne pengen dolan amarga ng omah suntuk.
“Yo wes ndang budhal,
seng ngati-ngati ng dalan!”
“Nggeh buk”
Sakdurunge budhal Anya
ndelok Hp ne ngabari Faya “OTW”. Tapi enek pesen ko kancane kon nggawakne
pelem. Akhire Anya ngepekne pelem ngge kancane. Sakbanjure kui dekne mangkat menyang
omahe Faya. Anya numpak motor e banter banget. Kabeh-kabeh diselipi.
Setengah jam tekan
omahe Fanya. Sakurunge dekne ngoco dishek wes ayu opo urung. Akhire dekne
bengoki Fanya tanpo roso ndue isin, bengak bengok ng omahe wong.
“Ya, Faya. Ya,Faya!” Bengoke Anya
“Iyo, sek sabar to.”
Jawabe Faya
“ Yo budhal! Pak bukmu ndi? “ Omonge Anya
“ Ke bukku ng kebon, pakku ng sawah.” Saurane Faya
Anya ngingeti sampinge eruh ibuke Faya langsung
salim.
“ Arek nandi to nduk?” Pitakone ibuke Faya
“ Medhal buk,ajeng dolan. Hehehe.” Jawabe Anya
“ Ati-ati nek ngono.” Omonge ibuke Faya
“ Nggeh buk” Anya ro Faya jawab bareng
Akhire Anya ro Faya
mangkat dolan numpak motore. Ng dalan wonge crito crito lan guyon-guyon tanpo
mikir opo opo. Kelingan Anya, dheweke kudu ngeterne pelem ng omahe Reni.
“Eh,Ya. Ak ndue titipan ko Reni i? Piye? Gelem ra we
ng omahe Reni sek?” Takone Anya
“Yo rapopo” Jawabe Faya
“Chat o Reni kon ngeshare lokasine dekne.” Kongkone
Anya
“ Yo” Jawabe Faya
Sak banjure iku. Anya karo
Faya wes entuk alamat soko Reni. Anya ra tau ng omahe Reni. Faya pernah peng
pisan ng omahe Reni tapi saiki wes lali. Ng dalan Anya ro Faya bingung moco
peta seng diwei Reni. Akhire karo mlaku yo agak dong. Tibake omahe Reni adoh
banget. Sakwise wes ameh nyedaki omahe Reni. Anya kebablasen akhire dekne
mandek ng eyupan.
“ Ya iki omahe jane ndi o?” Takone Anya
“ Mbuh ki aku yo bingung” Jawabe Faya
“ Jajal chat opo telpon kono lo” Kongkone Anya
Akhire Faya telpon Reni
tapi ra ndang diangkat. Sakbanjure kui ono chat melbu soko kancane jenenge Ema.
Konco paleng sregep dewe sakkelas. Chat e yaiku “Novelmu wes bar gung?” Anya ro
Faya langsung kaget lan bingung.
“ Iki piye aku gong nggarap novel ki? Numpuke sok
senen piye ki?” Takone Faya.
“Opo adewe muleh wae” Jawabe Anya.
“Yo ojo to. Wes adoh-adoh mosok muleh” Omonge Faya
“ Yo wes ayo ndang gene Reni” Ajake Anya
“Yo ayo, nyoh seng nggonceng koe. Aku tak seng moco
petane. Koe moco peta ra iso nok.” Kongkone Anya
“ Iyo.Karepmu kono Nya” Saurane Faya
Sakwise iku wes tekan
titik lokasine. Ijek bingung lan akhire telpon Reni tapi yo ora diangkat.
Akhire enek bapak-bapak nakoni. Jebule seng nakoni paklike lan bulike. Bulike mau
seng petukan ng pertelon Anya ro Faya kebablasan.
“ Oalah koncone Reni to?” Pitakone Paklike Reni
“Nggeh pak” Jawabe Anya ro Faya
“Ren goleki kancamu lo.” Bengoke Pakleke Reni
Reni metu ko omah
“Oalah Nya Anya, Ya Faya. Nggoleki omahku e yo sui”
“La omahmu pedalaman lo” Omonge Anya
“Yo yo” jawabe reni karo mrengut
“Heh, novelmu wes gung?” Pitakone Faya
“Oh iyo ya. Piye ki aku gung nggarap blas ki. Ayo
melbu menjero sek yo.” Jawabe Reni
“ Yo ayo” Jawabe Anya ro Faya
Banjur melbu Anya ro Faya
salim ro bapak lan ibuke Reni. Bar kui Anya,Faya, Reni bingung nasibe piye leh
nggarap novel. Durung garap blas. Mati listrik pisan. Akhire wong telu iku
ngechat Ema. Nakoni opo wae isine tugas novel iku. Ditelpon Reni ra ndang
diangkat bar wi ditelpon Faya lagi diangkat. Lan wong telu iku sakbanjure
nggarap bareng ng omahe Reni nggae tulisan tangan, terus bengine duweni rencana
diketik ng laptop. Lan jebule kekarepane pengen dolan ng Malang ora biso
kelakon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar