"Kekancan"
Dening: Vera Rahmawati/25
Aku kiara dania, sekolahku ing SMK 17
Jakarta. Aku kelas 2 SMK. Ing Sawijining dino, ana murid anyaran ning
sekolahku. Pindahan saking daerah pelosok. Murid anyaran iku dadi kancaku,
nanging wonge gaptek banget. Kadang aku pegel, nang sekolah mbiyen opo gak ono
pelajaran komputer? Tapi aku tetep betah karo wonge, bocahe apikan lan ramah
banget.
Awal ceritane ngene, Ing dino Senin, wis
biasa kanggo cah sekolah sing jenenge Upacara. Tapi, aku kesel amargo aku
cepet-cepet. Aku tangi kawanen, langsung cepet-cepet budal sekolah, wedi kenek
hukuman. Heheeh.. Setibane teko sekolahan, untung aku ra telat. Waktu ku mepet
banget, tapi aku bersyukur. Aku langsung moro nang kelas. Teko njero kelas...
Diana : Lo ra, nyapo kok koyoke kesusu?
(Diana iki kancaku sing apik,
paling dewasa. Iso ngandani aku)
Aku : Iki wes meh upacara, kok cah-cah
jek anteng ayem nang kelas?
Diana : Dino iki upacarane kelas 1 ra,
mosok lali?
Aku : (Meneng karo hola-holo)
Yowis ayo nang kantin no di, aku
luwe gung sempet sarapan.
Diana : Ok. Aku yo luwe ra.
Pas
jam 07.30 pas upacarane wes bar, aku langsung mbalik ing kelas bareng Diana.
Pas nglewati ngarep TU, ana murid anyaran pikirku. Amargo seragame sek bedo.
Tekane kelas, aku langsung lungguh ing bangkuku. Jam pertama pelajarane Bu
Anthik, Guru Bahasa Jawa. Bu Anthik teko karo murid anyar sing tak weruhi nang
TU.
Bu Anthik : Assalamu'alaikum wr wb
Murid : Wa'alaikumsalam wr wb
Bu Anthik : Sugenf Enjing Anak-Anak !
Murid : Enjing bu !
Bu Anthik : Iki ono murid anyar pindahan
soko wates, jawa tengah. Coba nduk kenalne jenengmu lan tentangmu.
Murid Anyar : Nggeh bu. Kenalne jenengku
Lestari Rahayuningtyas. Aku soko wates. Seneng iso duwe konco anyar.
Bu Anthik : Yowis nduk, lungguho nung
kursi kosong gurine Kiara kae ya ?
Tari : Nggeh bu.
Pelajaran langsung diawiti. Gak kroso
wis bel istirahat. Aku lan Diana arep nang kantin.
Aku : Di, bakso yok!
Diana : Sek, enfeni. Tak ngrapikne buku.
Aku ngenteni Diana karo nyawang tari,
murid anyar.
Aku : Heh kowe, jenengmu tari kan?
Tari : Iyo, la jenengmu sopo?
Aku : Kiara dania. Awakmu gak nang
kantin?
Tari : Aku gak ngerti kantinne nang ndi.
Durung aku nyauri Tari, Diana wes siap.
Diana : Ayo ki !!!!!!
Aku : Bareng karo murid anyar iki ya,
ngesakne gak ngerti panggone kantin.
Diana : Ok, Kenalne jenengku Diana
Prananta.
Tari : Tari..
Diana : Yowis ayo kantin!
Pas arep nang kantin, mlaku karo
ngomong-ngomong.
Diana : Ki, wes sinau kompak? Ngko
praktek.
Aku : Wes kok
Tari : Kompak? Komputer Akuntansi ?
Aku : Iyo. Nyapo?
Tari : Gapopo. Tapi aku gak iso carane
gawe komputer.
Aku :Opo? Sekolahmu mbiyen nang ndi ta?
Mosok gak iso? Moh aku koncoan karo kowe. Isin len
Tari : Ara.. ojo nesu. Maaf !
Aku : (Cuma meneng karo nglirik sinis)
Tekane kantin, Diana langsung pesen
bakso. Aku mangan bakso karo meneng. Diana omong-omongan karo Tari. Gak kroso
wea bel masuk.
" Eh wes bel, ayok balik nang
kelas." Sahutane diana.
Aku karo liyane langsung balek nang
kelas. Teko kelas aku tetep menengi tari. Aku gak nesuni wonge, nanging aku moh
nduwe konco seng gaptek, iso dielek-elek aku ngko.
Gak kroso bel balik sekolah muni,
Kringgg Kringggg
Diana : Ki, aku ngko nang omahmu ya?
Garap tugas bareng. Garap nang laptopku ae.
Aku : Oh iyo
Tari : Aku melu ya, aku gak iso garap
Diana : Gapopo ngko tak parani nang
omahmu. Gone kiara ne bareng.
Aku : Wegah, gak usah! Tugas wes akeh la
kok ndadak marai. Yo panggah suwi len.
Diana : Ki ! We nyapo sih? We kok ngene
banget? Ndi kiara sing apikan? Trimakno isin we langsung berubah, opo enek
faedah? Gak blasss!!!
Aku : Karep..
Tari : Maaf .... (Karo nunduk)
Diana : Wes gaopo tar, umbar ae kiara.
Ben sak karepe. Koncoku kiara wonge gak ngeneki. Wi duk koncoku !
Aku : Di? (karo gak percoyo)
We belo wongw sing lagi dadi koncomu ketimbang
aku?
Diana : Go opo belani kowe? Njowo o we
wi egois ! Kudune kowe ki ngajari tari ben wonge paham, we kan yo seneng nek
iso ngewangi wong liyo. Sadaro ki ! Sadaro ! Ndek ben we yo gak njowo opo-opo
nek gak tak warai, trus saiki we jek iso sombong? Karepmu arep pye, aku ra
ngurus. Ayo tar balek ! (Karo geret tangane kiara balek)
Aku cuma ngratapi salahku, iyo iki
salahku. Diana bener, aku egois. Teko omah aku langsung ganti, arep nang okahe
diana. Tekaning omahe diana, aku mudun soko motor.
Aku : Assalamu'alaikum. Di, Diana?
(Nunggu suwi)
Diana : Enek opo?
Aku : Aku salah di, aku njaluk ngapuro
Diana : Ojo ngapuro nang aku, nang tari.
Wonge loro ati mesti. Wonge nang njero, ndek mau tak parani
Aku : Iyo suwun di, wes ngelengne aku
Diana : Gapopo. Iku gunane konco!
Aku karo Diana moro nang kamare Diana.
Nang kono enek Tari sing lagi melajari laptop. Aku langsung moro nang tari.
Aku : Tar, aku minta maaf. Aku salah,
gak kudune aku egois. Aku karo kowe jek konco kan?
Tari : Iyo gapopo ra, Koncooannnnn !
(Karo rodok bengok)
Aku langsung meluk tari, diana
melu-melu. Koncoan iku penak yen dilakoni kanthi ikhlas. Kabeh manungso iku
podo ae gak ono sing bedo. Aku seneng nduweni konco koyo Diana lan Tari.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar