Ikhlas Gawe Kanca
Dening: Shintya Bela Lorenza
Wayah
wengi, ujuk ujuk aku di chat karo konco ku ,bedo sekolah ,nanging isih sak
kabupaten yaiku kabupaten magetan, jenenge Reza .deweke sekolah ing SMAN 1
MAOSPATI ,aku saiki sekolah ing SMK Penerbangan Angkasa.Aku di chat lewat
whatsapp “Renza” langsung tak balesi “dalem,ana apa?” deweke basa basi,dengaren
takon lagi ngopo,wes mangan durung ,karo crito – crito. Ora biasane deweke chat
aku ,pirang-pirang dino Reza goleki aku lewat chat. Setu bengi deweke ngomong
menyang aku yen Reza pengen cedhak karo aku.Nanging aku durung wani cedhak
marang wong lanang maneh,amargo aku lagi ngadoh marang wong lanang tonggo deso
ku dewe.
Reza
ora ngeyeli kekarepanku,amarga deweke yo wedi nek dak gawe pelampiasan.nanging
aku ugo Reza isih tetep chat biasa,yo uwis terbiasa podo goleki yen ngilang
sue.Reza gawe Status fotoku ing whatshaap .Sing tak rasake malah wedi,amarga
aku durung pengen due perasaan marang wong lanang. Aku langsung takon menyang
Reza “Za ,ben opo fotoku kok gawe Status?” Reza jawab “ancen aku lagi pengen
gawe” .Alhamdulillah e aku iso ngantisipasi,kepriye ben aku ora kegawa perasaan
marang wong lanang sing lagi tak kenal ,lagi sering chat.pikiranku ben ora
baper ,nguatne keyakinanku,uga nyepelekne omongane wong lanang tuladha ne
“halah,wong iku nglakoni ngono kui ora menyang aku tok,wes ketok saka pawakane
“.
Reza
yo wis kelas 3 SMA ,pas wayah isuk srengenge durung pati ketok, aku iseng takon
menyang Reza “Za,sak bar e lulus sekolah awakmu ameh kuliah opo kerjo?” Reza
jawab “Aku pengen dadi Angkatan Ren” , tak bales“Yo mugo wae rejeki mu
yo,aamiin”.Ganti aku di takoni Reza “ Lha,awakmu kuliah opo kerjo?” tak jawab
“Aku kuliah Za,Paling yo neng cedhak ,STIKES madiun “.
Pirang-pirang
jam Reza lagi bales ,amarga jare deweke repot tandang gawe.Reza ngomong maneh
yen deweke pengen tenanan cedak karo aku.Aku yo bingung arep pie maneh ,sue sue
aku sithik sithik alon alon aku due rasa menyang Reza.Aku yo omong neng Reza
,yen aku ora gelem pacaran,nanging podo podo duweni komitmen.Akhire Reza Gelem
.Sak suwene sesasi,aku bar gawe komitmen ,aku lagi dijak dolan karo Reza
menyang omah mangan utawa Rumah Makan kedai paypay,pas dino ahad bengi,deweke
ngajak kancane ,uga aku ngajak koncoku.Ing kono deweke ora wani omong opo-opo
,isi ne mung meneng ,dolanan hp dewe-dewe,aku ngroso bosen banjur ngajak muleh
koncoku.akhire aku uga kancaku muleh disik,deweke isih menyang kono karo
koncone.
Sak
bar e aku muleh,deweke ora goleki aku,isih seneng karo dolanan anyar sing neng
hpne.aku kadang yo gumun karo bocah iki,mentingne sing ora penting.Sampe isuk
,deweke yo ora goleki aku.Isuk e banjur aku sekolah lali ora gowo hp.Bali
sekolah aku tibane di chat.Nanging aku sengojo ora cepet-cepet balesi.tibane
sampe bengi Reza ora goleki aku maneh.akhire aku ngalahi ,menehi pitakon
menyang deweke,lapo kok ora chat,jebule Reza males.Pirang pirang dino wes
ceritane podo ngono kui,nganti dino rebu.
Dino
rebu aku menyang sekolahan kumpul karo konco koncoku,aku biasane ora gawe koco
mripat,saiki maleh gawe,di gumuni karo kanca kancaku lan podo pangkling
kabeh.Ing kono ono konco SD ne Reza ,aku takon menyang koncone iku,koyo opo to
watake si Reza,tibake koncoku sing tonggone Reza ora pati ngerti,amarga ora tau amor.Banjur iku aku muleh nunut koncoku sing
jenenge Meldita.Ing parkiran aku di guyoni Meldita,”kena ngopo saiki gawe koco
mripat?” tak jawab “Tibake aku wes min siji punjul seprapat” meldita guyoni
“kakean delok wong lanang iku,opo maneh inget ingetan karo Reza,dadine Min” tak
jawab “Ojo ngono,ora perkoro kui lah mestine”.
Wes
beda dina,pas wayah jemah malem setu ana acara ing sekolahan e Reza,aku lan
kancaku delok acara ing sekolahane.Ing kono papasan karo koncone Reza sing
ngenalne aku karo Reza.Jenenge Santi ,deweke y sak sekolahan karo Reza. Santi
menehi kabar tentang Reza . Santi omong “Ren ,tak aturi yo,tapi awakmu ojo
ngroso tak kompori,aku iki mung menehi ngerti”, “opo San”jawabku. Santi banjur
ngomong “ Aku ndek kae ngerti, Reza gawe status ning Whatsapp fotone Meldita,aku ki mbatin tok.Piye yo
bocahki,sak ngertiku Reza cedak e karo Renza tapi kok sik gawe status fotone
wong lio” bubar aku di omongi kui,awaku langsung panas.
Banjur
aku takon menyang Santi “Meldita sopo san? Meldita sekolahanmu opo
sekolahanku?” Santi jawab “Meldita sak sekolahanmu Ren” . “Lho,opo iyo,brati
aku di delikno soko status e” sauranku menyang Santi. Santi jawab “yo tenan
to,aku yo ngerti bentukane Meldita,sing di gawe status,ikilo aku ono buktine”
,”ealah tibake Reza,lakok untung aku durung nganti suwi,nglakoni komitmen karo
Reza”,santi jawab “Wis ren ,paling Meldita yo ngerti yen Reza cedak karo
awakmu,paling Meldita mundur.” Tak jawab ngelem e Santi “halah ,aku
los,timbangane aku bertahan karo wong sing ngnoi,mending aku ngaleh,koyo raono
liane wae San “. Akhire Santi ngajak mubeng delok acara ing sekolahane bareng
aku.Wis wengi wayahe muleh,aku pamit menyang Santi yen aku arep bali.
Teko
omah aku telpon,nakoni Reza . “Za ,sak tenane awakmu cedak karo sopo
wae?,awakmu cedhak karo koncoku dewe ta?” Reza nyauri “Sopo maneh to,aku meng
cedhak karo awakmu tok Ren,awakmu entuk omongan ko sopo maneh?” aku jawab “Aku
ora entuk omongan ko sopo sopo Za,aku yo ra kenal konco-koncomu”.Reza judek
ngrasane akeh omongan sing gawe ngelek elek deweke,aku takon menyang Reza
langsung “Awakmu opo cedhak karo Meldhita?koncoku sak sekolahan.” Jawabe Reza
langsung koyo wong ngamuk “iku sopo maneh,ngerti wong e wae ora,chat wae
ora,kok enek wae sing ngomong”. Langsung tak pateni telpon saka Reza mau.
Aku
mung meneng mbatin,karo mikir ,seng bener sing ndi,ora mungkin yen sing di
omong Santi ndek mau iku salah,aku karo Santi wis bala sui,banjur aku ngumbar
omongane Reza.Wis ora iso percoyo menyang Reza ,amarga saurunge aku tau di
apusi.Sak tenane aku wis males ngurusi,pikiranku ndang mundur wae saka urip e
Reza,uga ndang bubar .Reza tak delok delok yo ora iso netepne yen deweke ora
koyo sing tak omong ndek mau.Bubar kui aku ngomong menyang Reza yen aku pengen
ngadoh,malah kaya kaya aku raoleh ngadoh saka deweke.Nanging wong wadon ngendi
sing bendino kuat di jarne,di umbar,ratau di wenehi kabar,chat mung sak perlu
ne.
Akhire
aku lan Reza iseh tetep nerusne komitmen ,nanging aku yo ora tau mikir
deweke,ora tau gatekne omongane,lan uga ora berharap.Syukur kanca-kanca ku
apikan podo menehi motivasi menyang aku.Pesenku menyang kanca-kancaku wadon,ojo
terlalu gamapng percoyo karo omongane wong lanang,mending melbu kuping tengen
,metu kuping kiwo,ora usah kegawa perasaan marang wong lanang sing tutuk e
lamis.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar