Cilikanku
Dening Sysna
Setya Prananda
Jenengku Sysna Setya Prananda , biasane konco-koncoku nyeluk aku Nanda . Saiki aku wis kelas 3 SMK ,
ning SMKN 1 Ngawi. Aku tinggal ning Deso Jambangan , Kec. Paron Kab.
Ngawi. Ning kene aku ameh nyeritakake
pengalamanku sing gak iso tak lalikno pas aku isik sekolah TK .
Aku mlebu sekolah TK tahun 2005 pas umurku wis geneb 5
tahun. Aku sekolah ning TK Dharmawanita Jambangan . Siji-sijine sekolah TK seng
ono neng cedak omahku . Mbiyen aku tergolong bocah sing mbelis lan ndablek ,
ananging aku mbiyen bocah sing paling sregep mlebu sekolah dibangdingno konco-koncoku. Awal aku
mlebu sekolah TK aku mlebu kelas TK B , yaiku kelas kanggo bocah sing isek
cilik , sing bakalle sekolah TK 2 tahun. Dino kepisan mlebu sekolah aku isik
jaluk diterke lan ditunggoni ibuku , sakwise iku aku wes wani budal sekolah
dewe bareng konco-koncoku . Sakben isuk
nik ameh budal sekolah aku, Nana, Vida,Intan kumpul ning omah e Linda ben iso
budal sekolah bareng-bareng . Aku lan kanca-kancaku budal sekolah selalu mlaku
amergo ugung podo nduwe sepeda .
Pas dino minggu isuk aku lan ibuku mlaku-mlaku
menyang pasar paron , ning sepanjang
dalan akeh bocah cilik-cilik sing sepedahan , sepedane apik-apik lan
werna-werni . wis sui banget aku pengen nduwe sepeda , nanging aku ora wani
omong ning ibukku . Pas wayah kuwi ,
tak wanikne omong neng ibukku.
Aku
: “ buk aku tumbasne sepeda koyok ngonokui .” (karo ndundingi bocah-bocah sing lagi
numpak sepeda )
Ibuku
: “ halah halah.”
Aku
: “ endang to buk , aku tumbasne sepeda buk.”
Ibuku
: “ Mengko nek koe wis iso nglumpukne bintang 10 tak tumbasne sepeda .”
(bintang sing dimaksud yaiku , penghargaan soko guru TK kanggo murid sing aktif
lan pinter)
Aku
: “ tenan buk .”
Ibuku
: “ iyo, makane nik bengi sinau moco nulis ben ning sekolahan oleh bintang.”
Lego lan senenge atiku krungu ibuku janjeni ameh nukokake
aku sepeda . Sakwise iku saben bengi aku sregep sinau moco, nulis, nggambar,
nyanyi ben oleh bintang pas sekolah . wis gak sabar aku pengen ndang ditukokake sepeda anyar.sakwise sesasi luweh
aku wis berhasil nglumpukno 10 bintang , seneng e atiku langsung aku
cepet-cepet aku nemoni ibuku seng lagi lungguh ning ngarep omah .
Aku
: “ buk aku wis oleh 10 bintang loo ...”
Ibuku
: “ terus kon ngapakke ?.”
Aku
: “la jare nik wes oleh 10 bintang ameh di tumbasne sepeda buk”
Ibuku
: “ kok jik kelingan wae bocah iki , iyo sesok nik prei sekolah tumbas sepeda
ning ngawikaeo ibuk.”
Senenge
atiku....
Akhire dino seng tak tunggu-tunggu teko , aku wis
ditukoke sepeda anyar sing podo karo opo sing tak pengenni . teko omah aku
langsung belajar numpak sepeda, diajari mas ponakanku . suwene seminggunekku
belajar aku luweh prigel anggonku numpak
sepeda .sakwise iku sakbendino aku dolanan sepeda wae . aku emoh diajak dolanan
karo konco-koncoku koyok biasane , aku malah milih dolanan sepedahan dewe .
Isuk-isuk
pas wayah arep budal sekolah aku isik sarapan ning ngarep tv , ibuku nyelukki
aku soko ngarep omah .
Ibuku
: “ ndukk, ndukk,,,,,.”
Aku
: “ dalem buk .”
Ibuku
: “ ndang cepet nek maem wis di enteni Vida karo Nana lo! .”
Aku
; “ emoh bukk ..”
Ibuku
: “ lo emoh piye to maksudmu ki? Emoh sekolah ?.”
Aku
: “ aku budal sekolah dewe emoh bareng koncoku .”
Ibuku
: “ Lo piye to bocah iki , ndang dienggo tas’e koncomu wis nungu ning ngarepan
.”
(
Aku metu soko njero omah karo nuntun sepeda marani konco-koncoku)
Nana
: “ lo kok kowe nggowo sepeda , mlaku ae koyok biasane nda .”
Aku
: “ emoh , aku arep numpak sepeda oggk..”
Vida
: “ la kowe gak bareng awakdewe ? .”
Aku
: “ ogak lah aku numpak sepeda okk.. budal o disek aku budal rodok keri kan aku
numpak sepeda dadi iso cepet
Mbanjur konco-koncoku ngaleh ninggalke aku karo perasakan
pegel ning aku . rakacek suwi aku pamit
ning ibuku lan budal sekolah dewe numpak sepeda . ning ndalan aku petukan
konco-koncoku mau , aku disopo konco-koncoku nanging aku ora gelem mengo ,
malah soyo banter anggonku numpak sepeda . ning dalanan arah sekolahan TKku
dalanne rodok elek opo meneh ndek bengi bar keguyur banyu udan malah soyo jemek ora karu-karuan . Tetep
tak lanjutke anggonku numpak sepeda, malah soyo tak banterke tujuanku ben ndang
cepet teko sekolah ,teko tengah ndalan ban sepedaku oleng kepetel dalanan sing
jemek mau , ilang keseimbanganku olehku numpak sepeda ngakibatke aku tibo dlosor ning dalanan , klambiku reget
gupak endut . pas wayah kui aku nangis lan bingung kudu piye . untung ono
konco-koncoku mbanjur aku ditulungi lan diterke mulih.
Iku pengalamanku wayah aku isik cilik seng iseh tek
eleng-eleng teko saiki. Cerito oleh sepeda anyar , lan sombong marang
konco-koncoku
Pesan
sing iso dijupuk soko cerito neng nduwur yaiku , ojo pernah ngelaleke konco
sing tau ngerasake susah seneng bareng
awakmu , pas awakmu wes nduwe sesuatu seng nggawe awakmu luweh unggul
dibandingno koncomu .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar