Follow Us @soratemplates

Senin, 01 Oktober 2018

CERKAK 35 ^_^

SAHABAT X KANCA
Dening : Yulia Ariska 

            Wong-wong biasane ora patio merhatikne bedane sahabat lan kanca. Asline saka tata bahasa lan pangertene iku uwis bedo. Menurutku Sahabat iku wong  sing cedak ngerteni keadaane awake dewe, nulung pas awake dewe susah lan melu seneng yen awake dewe seneng. Lek kanca iku wong sing teko nek butuh tok. Ning panggonanku basane kanca musiman.
            Sahabat iku bisa diitung karo driji, lek kanca iku akeh. Sing ketoke njobone apik, durung mesti njerone iyo apik. Iso diumpane kaya-kaya kedondong lan durian. Pinter-pintere awake dewe milih kanca. Aku lagi sadar tentang bedane kanca lan sahabat akhir-akhir iki saka pengalaman sing lagi bar tak lakoni.
            Jenengku Aska, aku nduwe pengalaman sing bakal tak bagine karo kanca-kanca. Ndek mben pas aku kelas loro SMA aku ndue kanca jenenge Anes. Menurutku pas awal-awal kelas siji, pas gung rodok akrab sikape wonge ning aku biasa. Ora nate nyalahi, apikan marang kanca-kanca liyane. Pas aku kelas loro aku mulai cedak kancanan karo Anes, ning ndi-ndi mesti bareng karo Anes. Ameh mulih sekolah ae janjian bareng.
            Pas sasi Januari aku Kunjungan Industri ning Jogjakarta, Jawa Tengah. Pas kui aku janjian dadi kanca sampingane Anes. Pas dino sak urunge budal, Anes sempet crita ning aku nk wonge awake rodok gak penak.
“Ka, awakku ws gak penak iki piye? Aku kuat melu KI opo ora ya?” ucap Anes
“koe mesti kuat kok nes, enek aku ning kono. Mengko nek enek opo-opo njaluk o tulung marang awakku ae.” Saurane Aska
“oalah iyo ka, matursuwun ya” ucap Anes
“iyo, podo-podo nes” Saurane Aska
            Sak bare kui, bengi jam loro cah-cah dikon kumpul ning sekolahan mergo bis budal jam telu. Aku teko rodok keri, aku goleki kursi panggonan sing arep tak lungguhi karo Anes. Aku moro ning Anes, lan takon,
“Nes, kursi sing arep dipanggoni adewe ning bagian endi?” takon Aska
“ning cedak lawang guri ae ka!” saurane Anes
“oalah oke” saurane Aska
Trus aku moro ning kursi, terus aku lungguh karo dolanan hp. Kanca-kancaku lan Anes podo lungguh ning kursine dewe-dewe amarga bis arep dibudalne. Bis wis dibudalne, awit budal Anes awake wis aget. Trus aku inisiatif ngekeki minyak kayu putih karo ngekeki jajan lan ngombe, menawa nek wonge durung sarapan.
            Banjure wis teko rumah makan, wonge tak tuntun marang panggonan maem. Trus wonge tak jak antri jupuk maem, bar kui awake dewe maem. Trus nglanjutne perjalan, wis teko perjalan awake  dewe seneng-seneng lan dolanan ning kono. Mampir ning pabrik, lan dikeki pengarahan marang pegawaine. Banjur kabeh wis bar, pas mulihe awake dewe mampir menyang Malioboro. Pas mampir ning Malioboro kui wayah wis sore arep bengi, cah-cah dikon ndang cepet nek ameh tuku oleh-oleh.
            Pas aku ameh medun, aku ndemek batuke Anes. Aku ngecek kok panas, opo wonge loro. Aku takon marang Anes,
“Nes kok batukmu panas, koe loro to?”
“iyo, awakku panas. Aku gak medun ya, aku ameh leren ae ning bis. Omongne gurune ya?”
“iyo nko tak omongne gurune, koe sing ati-ati ning jero bis”
Terus aku medun, melu tuku oleh-oleh. Trus aku mbalik ning bis ndelok keadaane Anes. Trus pas wayah mulih Anes muntah-muntah, aku gak tego trus wonge tak urusi. Tak ewangi sekabehane ben wonge penak, tak rewangi melek bengi ra iso turu dingo ngurusi wonge. Kanca-kancaku liyane ora enek seng gelem ngewangi. Trus pas wes teko sekolahan wonge mulih ning omahe mas ponakane.
            Semenjak mulih KI sifate wonge marang aku wis bedo, sing ndek mben e apik saiki mbuh goro-goro alesan opo wonge ngadoh soko aku. Sing tak kirone wonge bakal dadi sahabatku, terimane saiki cuman dadi konco. Aku nate nakoni alesane wonge ngadohi aku, tapi pas wes tak cedaki meh tak takoni wonge malah ngehindar. Sak bare kui wonge tak umbar, aku wis kesel nyedaki wonge. Trus tekan saiki wonge ora cedak ning aku.
            Sak bare kedadeyan kui aku bakal ngati-ngati nek golek sahabat. Golek konco sing tenan gelem nompo awakku opo eneke, ora malah enek opone. Sing tak kirane wonge apikan tapi malah kerine seneng ngelek-ngelek awakku.
            Uwis sak mono wae cerita pengalaman saka awakku, mugo-mugo iso didadekne pelajaran marang koe-koe sing moco ceritaku iki.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar