Follow Us @soratemplates

Senin, 01 Oktober 2018

CERKAK 06 ^_^

KEKANCAN
Dening Septi Wulandari

Ing wayah sore aku kumpul kumpul karo baturku, yaiku risa lan eny. Cah loro kui baturku sing sabendinone rono rene bareng aku, kumpul bareng, tuku jajan bareng bareng,jalan jalan bareng,sinau bareng,pokoke ning ndi ndi mesti bareng, arep tuku sandal janjian sik nak sijine gak iso berarti yo gak sido tuku,wes koyo bocah kembar sing gak iso di pisahne.
O iyo, eny kui baturku sak sekolahan sak jurusan ananging bedo kelas, deweke menengan lan senengane moco buku, saben istirahat eny marani aku ning kelas terus awakedewe ning kantin bareng. Nek risa kui baturku nanging ogak sak sekolahan deweke luweh enom soko aku nanging awake luweh gede soko aku,saben dino sabtu lan minggu isuk aku mesti dolan karo cah loro kui mau ning panggon wifi. Ning kono aku risa lan eny download film sing lagi disenengi terus di delok bareng di bahas bareng, guyon guyon gak genah koyo wong sing gak ndue isin, tapi awake dewe ngeroso seneng. Minggu iki aku lan wong loro mau yo janjian arep melu komunitas sing seneng film. Janjiane jam 7 isuk aku wis teko nanging gung enek wong akhire aku telpon eny
“halo en, ndang budal” omongku
“ jik ning bis aku sik” tut tut tut telpon e mati akhire aku telpon risa
‘tuutt tuutt tuutt’telponku ga diangkat karo risa, akhire aku lungguh lungguh dewe karo ngenteni nek menowo enek sing teko, aku ngenteni nganti setengah jam nanging cah loro kui yo gung teko.terus akhire aku mlaku mlaku lan weruh risa mlaku dewekan soko adoh terus tak samperi
“woy sa”bengokku soko adoh
Risa gak nyauri lan trimo meneng ngingeti aku
“ la we kok dewe sa, eny ning ndi?”
“gak ruh, gak bareng aku”
Akhire aku karo risa nunggoni eny ning panggon kumpul, terus eny teko karo kanca anyar e jeneng e luky, saben enek luky eny mesti cuek karo aku lan risa, akhire aku lan risa rodok mangkel karo sifat e eny lan luky
“mbak eny, bar iki maem sik yok bareng bareng” ajak e risa
“emoh aku arep balek karo luky”
“oalah yo wes” akhire aku karo risa mangkat mangan dewe, sak bar e maem awake dewe balek. Sesok e pas dino senin eny sing biasane pas istirahat marani aku saiki gak marani, akhire tak parani ningkelas e nanging deweke gak ono jere kanca kancane eny ningg kantin. Aku mbatin “biasane eny ning kantin karo aku mosok saiki dewe” akhire aku ning kantin dewe an lan weruh eny ning kantin karo luky, eny weruh aku nanging deweke meneng ae akhire aku yo meneng ae, balek sekolah aku marani eny nanging eny wis mulih karo luky. Bengi ne akuu entuk sms soko risa
“ mbak kok mbak eny saiki berubah ya, gak koyok mbien”
“iyo sa, aku yo ngeroso” jawabku
“wes mbak aku wes  gak gelem petukan neh karo mbak eny”
“la nyapo sa, emang e eny ndue salah to karo awakmu”
Bar kui smsku wes ogak di bales, akhire aku sms eny.
“en sesok ning kantin bareng ya” nanging smsku ga di bales, aku bingung karo koncoku loro kui, dino minggu ne koyok biasane aku arep kumpulan karo batur baturku nanging teko ku rodok telat, pas teko panggon kumpul aku ngerti eny lan risa lagi padu,
“eh, ngopo iki?” takonku
Risa lan eny Cuma meneng, cah loro kui meneng menengan gak gelem cerito akhire aku ngomong
“ndang to cerito iki enek opo? Kok podo meneng meneng an?” takonku
“mbak eny kui lo nuduh aku” omong e risa, eny Cuma meneng ae barkui dewek e ngaleh
“en we arep ning ndi?” takonku
“gak urusanmu, gak sah melu melu” omong e eny karo nesu
Akhire awake dewe ewes koyo gak kenal eny wes gak tau ngelorohi aku, lan risa wes gak tau sms aku, awake dewe ewes gak tau kumpul kumpul koyok biasane maneh, wes telung minggu luweh aku ora dolan lan sms koncoku loro kui mau, nanging pas dino sabtu ne eny marani aku ning kelas
“eh, enek opo en?” takonku
“aku njaluk ngapuro, aku salah”
“eh, salah opo? Emang e ndek mben kae enek opo to ? kok sampek nesunan karo risa?”
Akhire eny cerito yen eny ngerti risa goncengan karo pacar e, ndek mben eny wis takon ning risa, nanging risa ngomong yen pas kui motor e bocor dadi risa mlaku lan ketemu karo pacar e eny nanging eny gak percoyo, terus akhire deweke nesu ning risa karo ning pacare, tapi saiki deweke wis ruh nek kui tenan lan eny salah paham
“oalah ngono to, yo sesok ning omah e risa bareng ya en”
“iyo, jam 9 ya tak nteni ning panggon kumpul”
Akhire dino minggune aku karo eny ning omah e risa lan jaluk ngapuro mergo salah tompo lan nuduh nuduh deweke. Risa wes maafne eny lan deweke yo njaluk ngapuro mergo egois lan sekarepe dewe.
Awak e dewe wes kekancan maneh, lan sak iki wes gak ono rahasia rahasiaan kabeh masalah di ceritakake lan gak oleh egois, jeneng e konco iku kudu iso njogo sikap e lan nek enek masalah kudu di rembug ne apik apik.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar