“Seminar
UN/PTN”
Dening
: Yga Yunan Risma
Dino Kamis
tanggal 13 September sekolahku ditekani karo mahasiswa .
mahasiswa-mahasiswa iku mau gabung dadi siji ing forum organisasi kang diarani
“GEMAS” yaiku gerakan mahasiswa cerdas. Banjur aku lan kanca-kanca diwenehi
pengumuman kumpul ing Mushola skansa jam 13:00. Wektu wis nunjukake jam 13:00
aku lan kanca-kanca bebarengan mlaku moro ing mushola. Saktekane ing mushola
awakdewe iseh ngenteni sedilut amarga tasih ana sing sholat. Sakwise sing sholat
rampung, akhire aku lan kanca-kanca lungguh bareng karo kanca-kanca teka kelas
lio. Ing kegiatan kui salah siji mahasiswa presentasi ngenani babagan UN/PTN
ananging gur singkat amarga waktu sing disediakne sekolah ora suwe-suwe. Ing
akhir presentasi mahasiswa iku mau nawarke masalah seminar kanga rep diadakne
dina munggu tanggal 16 September nanging kudu cepet datane sing melu kudu
disetorake paling telat jam 15.30 .
Ngerti yen waktu sing disediakne dening panitia
saitik akhire aku lan kanca sekelas cepet-cepet mlaku balik ning kelas lan
ngrembug babagan iki bebarengan. Akhire bocah sekelas setuju yen bayare seminar
iku mau ditalangi duwek kas kelas disek amarga bocah-bocah wes pada kentekan
duwek. Banjur bendahara kelas njipuk duwek ing Bank Mini . Nalika wis rampung
aku lan kanca sekelas praktek myob kangge persiapan Lembaga Sertifikasi Profesi
utawa singkate yaiku LSP. 2 jam pelajaran ing lab akuntansi lan madep komputer.
Mara-mara ora krasa wektu wis nggenahke jam 15.20.
banjur enek pengumuman teka sentral donga muleh bareng sakbare donga ngenteni
sekitar 10 menitan akhir e bel muleh muni. Aku lan kana-kanca bale king kelas
lan muleh teka sekolah. Salah siji kancaku mara ing tribun cedhake alun-alun
kanggo daftar seminar iku mau. Karo daftar iku mau diwenehi pengumuman yen
acara seminar e yaiku dina minggu tanggal 16 September 2018 ing gedung Eka
Kapti ananging lokasi lan waktune bisa maleh sakwayah wayah. Dina Jum’at e aku
lan kanca-kanca iseh sekolah kaya biasane lan dina sabtune prei. Bengine aku takon
koncoku jenenge Tari .
Risma :”Tar sesok budhal karo sopo?”
Tari :
“gak karo sopo-sopo ma, bareng opo pie?”
Risma : “Iyo tar”
Tari : “yo
sesok isuk tak parani budhal jam 06.30 ya”
Risma :” oke”
Banjur ning grup kelas ana
pengumuman yen seminare iku diubah lokasine yaiku ning gedung STKIP ngawi jam
07.30 lan diwenehi pesen nggawa alat
tulis lengkap kangge nyatet. Sakwise maca pengumuman iku mau aku nyepakake opo
ingkang digawa sesok ben ora lali sakbare nyepakne barang-barang sing arep
digawa sesok banjur aku turu amrih ora kerinan sesok isuk amarga budhal e
lumayan isuk.
Isuk e aku tangi jam 04.30 banjur
wudhu terus shalat subuh. Sakbare kui aku nyetrika krudung lan klambi sing arep
tak gawe ngko ning acara seminar. Sakwise setrika aku ngurusi adiku sedelo
amarga arep sekolah. Sakbare kabeh kui aku mangkat adus wektu wis ning jam 05.45
lan salin sakwise salin aku iseh nunggoni koncoku mau yaiku Tari. Sakurunge
budhal ibu mpun ndawuhi maem amarga cepet-cepet selak telat. Let sedhelo ananging
aku ora maem Tari teko banjur moro ing sekolahan ngenteni kanca-kanca liane
mlumpuk.
Sakwise tekan sekolah wis ana
kanca-kanca sing teka banjur sepeda motoran bareng mara ing STKIP ngawi.
Perjalanan e kurang luwih 15 menit. Saktekane ing lokasi aku lan kanca-kanca antri
tiket lan absen disek . Panitia ngumumake yen acara wis arep dimulai akhire aku
lan kanca-kanca gemruduk mlebu ruangan ben entuk lungguh ngarep. Let ora suwe
mas sing biasane nyampekake materi. Acara kui diawali njawab pertanyaan sing
isine “Ya/Tidak” sing ana ing layar monitor jumlahe 40 soal . Banjur acara
diterusake babagan persiapan UN/PTN.
Bocah-bocah diduduhake gambaran
gambaran bocah-bocah sing ora lulus UN kareben sregep sinau lan tirakat saka
saiki. Sateruse njelaske babagan cara ngebarke soal-soal UN/PTN nggawe cara
ingkang gampang dimangerteni lan mbutuhake waktu singkat. Aku lan kanca-kanca
seneng iso melu seminar iki amarga bias nambah ilmu lan nambah pengetahuan sing
saurunge ugung ngerti wes lumayan ngerti. Amarga cara-cara sing wes diterangke
gampang dipahami akhire aku lan kanca-kanca nduweni niat tuku buku iku kareben
gampang sinau. Acara seminar iku mau rampung jam 10.30. Dirampungi donga
bebarengan.
Sakbanjure acara bar aku lan
kanca-kanca metu teka ruangan ngrembuk bareng masalah buku iku mau lan akhire
sepakat yen sakelas tuku buku 6. Banjur aku lan kanca-kanca balik ning omah.
Ning perjalanan balik mara-mara ana akeh polisi yaiku tilangan. Aku lan Tari
diendek polisi lan akhire mandek ditakoni SIM lan STNK. Akhire tari ngetokake
STNK lan SIM e sakwise iku dipeseni polisi aja banter-banter nek numpak montor.
Saka operasi tilangan iku mau akeh
kanca-kanca liane sing ketilang amarga during nduweni SIM. Sakbare kui aku lan
kancaku mampir ning masjid sedela . Sakwise ning masjid terus tumbas maem
amarga luwe teka isuk durung sarapan. Sakbare maem balik ning omah. Tari mampir
disek ning omahku sedela merga arep
shalat dzuhur lan leren merga awan iku panas banget.
Pas jam 13:00 Tari muleh amarga wes
kesuwen lan dheweke arep leren ning omahe dewe. Banjur aku mapan turu lan tangi
jam 16:30 banjur sholat lan adus. Terus bengine ngewangi ibu sedela,ngajari
adik sinau banjur aku sinau materi dinggo sesok, ngerjakne tugas . Sakbare iku
ndelok acara tv . Ora suwe wes jam 22:00. Terus aku mapan turu merga sesok wis
kudu tangi isuk lan sekolah amrih ora telat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar