KELANGAN KANCA
Dening Shinta Dwi P.S
Nang siji desa yaiku Desa Mangunharjo, ana
sekumpulan bocah-bocah sing jenenge Ana, Angga, Putra, lan Yudha. Kae bocah 4
pancen wes dadi kanca awit cilik terus kaya ora bisa dipisahna. Dadi sahabat
susah, seneng, sedih mesti ngrasakna bareng-bareng. Bocah 4 kae sekolah nang
siji sekolah yaiku nang SMAN 1 Ngawi, tapi beda kelas kabeh. Ana , Angga, Putra
kui kelas 1 SMA, nek Yudha kui kelas 2 SMA.
Nang dina Rabu iki cah 4 bali sekolah bareng saling
ngenteni, amarga iki Bulan Ramadhan dadi sekolah bali disik, tapi si Yudha
malah sue banget dienteni ora teka-teka.
Angga : “Kae
Yudha nang ndi, ora ngetok-ngetok ket mau ?”
Ana : “
Iseh nang kelas bro, tapi uwes tak sms mau.”
Angga : “ Ya
uwes enteni ae.”
Ora let sue si Yudha
teka ngampiri bocah 3 mau.
Yudha :
“ Ngapura ya nyong telat, anu mau ana tambahan dilut nang kelas, hehe.”
Angga :
“ Yo rapopo, ayo bali saiki ae.”
Ana, Angga, Putra karo
Yudha langsung bali nunggang motor. Ana karo Putra, Angga karo Yudha. Tekan
omah si Angga ngomong karo kanca-kancane.
Angga :
“ Heh mengko sore aja pada lali ya, kumpul nang tempat biasa jam setengah
lima.”
Ana : “
Okey.”
Putra : “
Iye crewet, haha.”
Bocah 4 mau terus pada bali nang omahe dewe-dewe.
Jam dinding wes nunjukna meh jam
setengah lima, langsung ae pada mangkat. Nang tempat biasa yaiku cedak omahe si
Angga wes ana si Angga lan Yudha, bar kui Ana teka terus si Putra. Cah 4 kae mung
jaduman karo ngingeti motor sing liwat. Kegiatan iki wes biasa dilakoni,
itung-itung ngabuburit amarga saiki Bulan Ramadhan. Salah siji bocah kae ana
sing ngomong.
Yudha :
“Puasane gari seminggu maneh ya? Wis pada numbasi apa ae kue? Hehe.”
Ana : “Ya
kaya biasane, aku klambi hehe.”
Angga :
“Aku malah ugung tuku apa-apa.”
Yudha :
“Sabar ae, ora tuku seng anyar-anyar ora nggawe mriyang kok, haha.”
Putra : “Aku
malah bingung arep tuku klambi apa helm ya? Mumpung ana duit ki hehe.”
Yudha :
“Tuku apa ae seng penting awakmu seneng haha.”
Putra : “Apa
ya? Tuku kain kafan ae ya haha.”
Ana :
“Husss, ngomonge ojo ngawur lah.”
Putra : “Iya
lah ora-ora, ngapura hehe.”
Akhire bocah 4 kae lanjut
crita-crita karo guyonan. Wes jam setengah 6, bocah mau kae akhire bali amarga
wes meh magrib lan waktune buka puasa. Bengine bocah 4 mau ora lagi dolan
bareng, tapi dolan dewe-dewe. Si Putra kui dolan karo kanca-kanca kelase. Nang
tengah dalan Putra ketemu karo Ana.
Ana :
“Awakmu arep nang ndi Put?”
Putra :
“Dolan ki, lha awakmu ape nang ndi kok bengi-bengi metu dewe?”
Ana : “Arep
nang warung, awakmu nak metu seng ngati-ngati ya.”
Putra :
“Okey, aku budal sik ya,hehe.”
Ana : “Iyaa.”
(jawab karo mesem)
Sidane si Putra dolan, tapi malah
ngasi jam 1 esuk durung mulih. Mbuh piye ceritane si Putra mulih gawa motor
kebut-kebutan pas nang dalan turunan sebelahe blumbang cedak omahe Putra.
Amarga ngantuk bocahe gale gawa motor oleng terus nabrak trotoar lan akhire
gigal, tambah-tambah gigale kui jegor blumbang ora bisa nyela lan wes luka
parah nyawane ora bisa ketulung amarga sing nulungi pada sue tekane.
Esuk-esuk ana seng ngabari kancane Putra
yaiku Ana, Angga, lan Yudha nak si Putra wes ora ana amarga kecelakaan mau esuk
jam 1. Cah 3 kae langsung nang omahe Putra deleng jasade sing nggletak nang
lantai. Ana, Angga, lan Yudha ora percaya yen Putra wis ora ana, cah kui
mbrebes mili eluh e. Jam 10 esuk waktune dikubur, kanca-kanca karo sodarane
keluarga Putra pada nganter nang peristirahatan terakhir. Kabeh wis terjadi ora
bisa dihindari meneh, kui wis takdire saka Maha Kuasa. Ana, Angga, lan Yudha
mung bisa sabar lan ikhlas ngrelakna sing wis terjadi nang sahabate kui lan
berdoa semoga almarhum diterima disisi Allah SWT. Amiiiiin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar