Tresna Pungkasan Ing Malem 1 Suro
Dening : Sekar Kinasih
September
2015, aku nate cedak karo bocah lanang jenenge Mas Putra. Deweke teko pas aku
bar ditinggal lungo karo bocah lanang liyan. Mas Putra yen kaliyan karo bocah
wadon wonge pangerten, wonge 4 tahun luwih tuwa saka aku. Aku ngerasa bejo iso
cedak karo mas Mas Putra. Deweke termasuk wong sing diincer wong wadon ing
desoku. Pangarepku deweke iso dadi mas, kanca lan pacar sing ana kapan wae aku
butuh, ana ing seneng utawa karubedanku, sing iso terus nuntun aku tetep ning
dalan sing lurus.
Nanging
kabeh angen-angen kuwi dadi semu. Pas malem 1 suro, genep 3 dino Mas Putra
ilang ora ana kabar. Wayah kuwi aku wis cedak watara 3 minggu. Wengi kuwi aku
ana acara perguruan sing miturutku luwih penting saka Mas Putra. Aku yo ora
mikir reno-reno. Aku mung mikir piye acaraku wengi kuwi sukses lan ana
manfaate.
Sesok
wengine kancane Mas Putra sms aku, jenenge Mas Ridho. Aku kaget deweke sms aku
dowo banget perkara Mas Putra.
“Dek.. wis ora usah mikir Mas Putra, ora
usah ngangen-ngangen deweke iso bareng terus karo kowe. Ndek wingi bengi pas
awakmu ana acara perguruan, Mas Putra ora melu aku ning Alas Srigati. Mas Putra
mara ning omahe pacare ndisek, deweke mbalik karo bekas pacare.”
Aku nratap maca sms kuwi, nanging aku
macak biasa.
“Halah nggagas mas...” Padahal ning ati rasane
wis ora karuan.
“Aku ki tenanan dek.. Mas Putra ndek ingi
nyilet tangane ben metu getihe, banjur dingo nggawe tulisan I Love You ning
kertas. Malahan Mas Putra ndek ingi yo mbungkus hadiah dingo bekas pacare ning
omahku.”
Aku wis ora bisa omong apa-apa maneh.
Eluhku mbrebes mili wis kaya tirta segara. Aku rangerti apa salahku banjur deweke
ninggal aku tanpa sebab.
Sawetara
menit Mas Putra sms aku, deweke njlentrehne kabeh sing diomong Mas Ridho.
“Dek.. sepurane. Jujur aku ndek wingi ning omahe
bekas pacarku mbiyen, aku balikan karo deweke. Aku ngerti aku salah, tapi ora bisa
dipungkiri aku isih sayang mantanku kuwi. Aku pacaran karo dewekw wis 2 tahun.
Deweke sayang banget karo aku. Bapak, ibuk’e lan mas’e wis ngerti hubunganku
kuwi, yo uwis nyetujoni. Aku pengen njaga janjiku karo mas’e dek, aku kudu
njaga deweke, nyemangati deweke mergo wis arep Ujian Nasional.”
Aku wis bingung arep ngomong apa maneh,
rasane durung wae nganti garing catu sing ning atiku. Tegone sakiki kowe
nambahi larane bathinku.
“Iyo mas.. aku ngerti. Yo piye maneh nek
wis kadung tresna ora bisa dipungkiri.” Pikiran ku ruwet ora karuan.
“Sepisan maneh aku njaluk ngapuro dek, aku
salah. Aku yo ora ngerti sayangmu kuwi tulus opo ora ning aku. Aku yo ora wong
apik sing patut nggo kowe. Jik akeh wong apik sing patut nggo awakmu tinimbang
aku. Aku pengen dadi mas mu, sing tansah njogo awakmu. Aku pengen ngomong
langsung ning ngarepmu, nanging aku ora tego ngingeti kowe nangis dek..”
Aku sadar aku dudu sak apik-apike uwong
sing patut dadi pendamping wengi kuwi aku ana acara perguruan sing menurutku
luwih penting saka Mas Putra. Aku mung bocah sekolah sing isih labil perkara
tresna.
Sakiki
3 tahun wis kelewat, saksuwine kuwi uga deweke ora nakok i aku. Aku mikir, deweke
sing miwiti, deweke uga sing mungkasi banjur sakiki deweke merlakokne aku kaya
ngene. Nanging, aku ngerti paling kabeh kuwi amarga cerita 3 tahun kepungkur.
Aku ngerti deweke ngerasa salah banget. Aku sakiki wis nyoba biasa lan nyoba
ngelalekake kabeh kenangan sing nate tak lakoni karo Mas Putra. Sakiki wonge
wis urip seneng karo pacare kuwi. Kaitung sakiki wis ana 5 tahun wonge pacaran.
Aku uga bisa nampa kabeh kuwi. Senadyan deweke tetep ora tau nakoni kaya wong
ora kenal karo aku.
Pesen
moral sing bisa dipundut saka cerita iki yaiku, awake dewe kudu bisa nampa
kasunyatan. Yakino jodoh, pati lan rezeki uwis diatur gusti Allah ingkang Maha
Mirah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar