Kekancan
Dening
: Wahyu Ajeng Damayanti (29)
Bengi iki Laras meneng dewekan ing njero kamar,
deweke lagi mikirna kira-kira apa sing isa di lakoni dina sesok. Laras anak
yatim piatu, bapak lan ibune meninggal pas deweke isik umur 10 tahun amarga
kecelakaan mobil. Saiki Laras urip dewe lan ora nduwe dulur, saben dinane Laras
kerja ning kafe dadi pelayan kanggo nguripi awake dewe. Laras isih sekolah
kelas 12 ing SMA INDAH NUSANTARA. Deweke nduweni kanca sing gelem ngancani
deweke ning keadaan susah lan seneng, jeneng e yaiku Anisa. Anisa iku ayu
nduweni rambut dowo lan mesem e manis tenan. Anisa ndeweni keluarga sing isih
jangkep, isih ana bapak lan ibune nanging deweke kurang beruntung, amarga bapak
lan ibune senengane kerja lan ora tau ana ning omah ngancani Anisa. Laras lan
Anisa pisan ketemu pas deweke lagi MOS SMA.
Dina ini Laras lagi
bingung amarga akhir-akhir iki Anisa rada ngadoh saka deweke. Laras bingung
kira-kira deweke ndue salah apa menyang Anisa.
“ Kira-kira nyapo ya
Anisa ngadoh saka aku? Apa aku enek salah menyang deweke?” pangucape Laras
menyang awake dewe.
“ Ahh.... wes mbuh lah,
njajal sesok wae tak takonane Anisa” Putus e deweke lan banjur turu, amarga wis
bengi lan sesok kudu tangi isuk sekolah.
Isuke Laras tangi
kawanen, lan cepet-cepet budal menyang sekolah sampek lali durung sarapan.
Tekan sekolah upacara dina senin wes di mulai, deweke telat.
“ Aduh.... piye iki aku
telat, wes lali gak nggowo topi sisan, alamat dihukum iki” pasrah e Laras
amarga telat lan arep dihukum.
Ananging pas Laras ameh
mlebu ing sekolahan, ana cah lanang sing perawakane brutal. Klambine ora
dilebokne, wajah kebak karo memar tipak jotosan, lan ambune asep rokok. Bocah
lanang kui mau ngingeti Laras karo mesam-mesem.
“ Telat yo we?
Hehhh...(karo mesam-mesem)”
“ Iyo, wes ruh aku ning
kene berarti aku telat, nek aku ning njero jenenge aku ra telat, ngono e ndadak
takon” omonge Laras karo sinis.
“ Wessss seloww ae
mbak, aku ki mung takon kok e, gelem tak ewangi mlebu tanpa ketauhan ora?”
takon e bocah lanang kui mau.
“ Emang iso mlebu tanpa
ketauan?” pitakone Laras karo bingung
“ Yo iso lah wong kene
kok e, ayo nek gelem”
Akhire Laras ngetutne
cah lanang kui mau.
“ Saiki munggah o,
sakdurunge ketahuan guru piket” omonge cah lanang kui mau
“ Munggah? Apa iso, iki
duwur pager e, emoh aku”
“ Halah ribet we wi
kari munggah e lo, nek gak gelem yo wes” deweke langsung munggah pager lan
meneng lungguh ing duwur pager, karo ngingeti Laras ning ngisor.
“ Ehhh... sik-sik
tunggoni, aduh trus nek ku munggah piye iki?” pitakone Laras.
“ Gocelono tanganku,
ngko tak batek.” Laras manut lan njulurne tangan e menyang wong lanang kui mau.
Sak wis e iso nglewati
pager kui mau, Laras mlipir mlebu barisan ing upacara, nanging sak urunge
ngadoh cah lanang kui mau mbatek tangan e laras.
“ Opo sih? (karo
mrengut) ohh... iyo lali matur suwun nggeh wes nulungi aku, saiki aku kudu
cepet-cepet mlebu barisan sak urunge ketahuan”
“ Yakin arep mlebu
barisan? Gak nganggo topi disek?”
“ Mampus aku mau kan
lali gak nggowo topi.” Laras bingung
Nanging ujug-ujug cah
lanang kui mau menenhi topine menyang Laras. Laras bingung ngunggahne alise.
“ Wes iki nggonen ae, o
yo lali jeneng ku Nando.” Karo mesem, lan ngalih ninggalne Laras sing jik
linglung.
“ Lohhh... la trus koe
pie?” bengok e Laras, tapi ora ana sautane saka Nando.
Sak wis e kejadian kui Laras
ora tau ketemu maneh karo Nando, mbuh merga saiki Laras sibuk menyang sinaune
merga arep ulangan, apa merga Nandone sing ora tau mlebu sekolah.
“ Hayo lo nglamun ae,
we nyapo to ras kok akhir-akhir iki akeh nglamun, cerita a menyang aku.” Omong
e Anisa. Iya sak wis e meneng-meneng an kae Anisa nyuwun ngapuro menyang Laras
amarga salah paham.
“ Eh we wi nis ngageti
ae, ora kok aku ora ngelamun. Emmm aku meh takok tapi we aja omong ning
sapa-sapa ya?”
“ Halah we wi Ras kyok
karo sapa wae, emang we ameh takon apa?”
“ Anu we kenal karo
Nando kelas samping pora?”
“ Oalah Nando sing
bandel kui to? Nyapo koe nakokne wong kui? Hayo we ngesir yo?”
“ Eh anu ora we ki
apaan sih, mosok iyo aku seneng karo wong sing kayak ngana!
Sak wis e Laras
takon-takon tentang Nando menyang Anisa. Deweke dadi bingung menyang ati lan
pikirane, amrga raiso ngaleh mikirne Nando terus awit deweke ditulungi pas kae.
Minggu ngarepe sak wis
e ulangan, ujug-ujug Nando nemoni Laras lan ngomong nek deweke seneng Laras.
Laras kaget sak tenan e, de e bingung meh nyauri opo. Banjur deweke curhat
menyang Anisa. Anisa soyo kaget maneh ngerti ceritane saka Laras, akhire Anisa
menehi nasehat menyang Laras yen deweke kudu nuruti atine, yen deweke seneng menyang
Nando yo di tompo wae ora popo.
Sak bare di kek i
piweling karo Anisa, Laras nemoni Nando lan ngomong yen deweke gelem dadi
pacare Nando. Nando bungah banget, saben dina wong loro kui mau ning
ngendi-ngendi mesti barengan. Sampek Anisa sing balane dewe ora habis pikir
karo Laras, kok iso-isone deweke lali karo Anisa sing gawene ngancani de e pas
susah lan seneng.
“ Apa ngono ya nek wes
ndue pacar, lali kanca? Hah.. yo wis neh gal papa penting Laras seneng”
Anisa lan Laras saya
adoh ben dina ne, sampek pas kui Anisa pengen banget cerita menyang Laras,
deweke butuh kanca. Nanging Laras raiso diajak ketemuan, alesane merga wes
janjian karo Nando. Sampek pas dina sabtu Laras metu menyang supermarket golek
bahan panganan. Pas kui deweke ruh Anisa metu saka Rumah Sakit sing ana ning
ngarep supermarket mau. Laras bingung.
“ loh.. kui ora yo
Anisa to, nyapo ya de e ning Rumah Sakit, sapa sing lara? Mosok Anisa lara? Ah
gak mungkin, paling Cuma priksa” Pikire Laras, merga biasane Anisa gaene ning
Rumah Sakit Cuma priksa lan tuku Vitamin, amarga Anisa kui gampang lara.
Sesoke pas deweke ameh
nakoni ning Anisa, deweke ora mlebu sekolah. Laras ora mikir macem-macem.
Sampek seminggu Anisa ora mlebu sekolah, Laras dadi curiga lan mara menyang
omahne Anisa. Pas deweke mara ing omahe Anisa deweke ora nemoni Anisa, ananging
ibuke Nisa sing mripate ketok sembab.
“ Assalamu’alaikum buk
Nisane wonten?”
“ Walaikumsalam nduk,
hiks...hikss” jawabe ibuke Nisa karo nangis
“ Loh buk wonten napa?
Nisa ne wonten kan?” pitakone Laras maneh
Ibuke Anisa ora sanggup
omong maneh lan langsung ngejak Laras mlebu menyang njero omah. Ibuke
nyeritakake kabeh menyang Laras nek asline Anisa kui nduweni lara kanker darah.
Laras kaget , deweke ora ngira yen Anisa sing ceria iso nduweni penyakit ganas
kaya ngana. Laras yo ngrasa yen de e ora bisa dadi kanca sing apik deweke ora
bisa ngancani Anisa pas lagi suah.
“ Buk sakniki terus
Anisa teng pundi? Rumah Sakit?” pitakone Laras karo rodok mbrebes
“ Nduk koe pengen
ketemu karo Nisa?” pitakone Ibuke Nisa maneh
“ Nggih buk, kula
pengen nyuwun ngapura menyang Nisa mboten saget ngancane pas sakit.”
Ibuke Anisa banjur
ngeterne Laras sing kepengen nemoni Anisa. Nanging Laras bingung, arah sing
dituju ora mara ning Rumah Sakit tapi malah menyang kuburan. Pikirane Laras
dadi mawut, sak wes e teko Laras langsung nangis ndelolo ngingeti nisan sing
ana tulisane Anisa. Deweke ora sanggup maneh.
Laras ngerasa ora becus
dadi kanca, deweke ngerasa bersalah menyang Anisa. Padahal ndisik pas Laras ana
ning ngisor pas lagi susah Anisa enek terus ning sampinge ngancane deweke,
nanging pas Anisa butuh deweke, Laras ora iso nuruti malah deweke mentingne
pacare. Laras ngerasa bersalah banget. Saiki ora ana maneh Anisa sing ceria,
sing seneng jahili deweke, lan ora ana neh Anisa sing gawene ana ning andinge.
Saka cerita ing nduwur
kita bisa njupuk kesimpulan yen adewe wes seneng ojo sampek lali kanca sing
gawene ngancani ana ing susah lan seneng. Lan sak durunge penyesalan kui ana
luwih apik mbenahi awake dewe, ben dadi wong kang becik sing iso berguna kangge
sak kabehane.
BERSAMBUNG.......
Tidak ada komentar:
Posting Komentar