Iki
Wes Dalanku
Dening
: Tiffany Aprillia
Jenengku Prilli
lahir nang Bojonegoro tanggal 30 April 2001. Aku nduwe ibu lan bapak seng
sayang nang aku. rasane urip sekeluarga iku ayem, ape nangis isek ono seng
ngeneng-ngeneng. Ape seneng luweh enek sing seneng mergo guyuku iku ibarat
harapan bapak lan ibuku. Pas wes umur 3
bulan aku pindah omah nang Surabaya, urip tentrem nang kono. Ananging
ketentraman iku berakhir mulai aku sekolah paud. Bapak lan ibuku nduwe konflik
sing gawe Bapak lan Ibuku pisah lan akhire aku dipindah asuh. Awale gaenek sing
gelem ngasuh utowo ngramut aku mungkin mergo aku Cuma nyusahno. Tapi, cuma enek
siji uwong seng gelem ngramut aku yaiku Pakdeku. Uwong seng gelem nompo aku opo
enek e, uwong seng uwes gawe uripku seng abu abu dadi luweh berwarna, uwong
seng mesti enek gawe aku lan gelem biayai sekolahku.
Munggah sekolah TK
aku pindah nang jombang tinggal karo Pakdhe lan Budheku. Aku urip pisah karo
wong tuaku, nanging wong tuaku tetep ngekek i jatah perbulan. Sedino rong dino
abot rasane adoh soko wong tuwo lan akhire aku dadi terbiasa, sampek tanpo
Bapak lan Ibukku pun aku iso nyaman bahkan iso luweh nyaman mergo enek uwong
seng iso ngekek I kasih sayang luweh nang aku.
Pakdhe lan Budheku
nduweni anak 1 lanang. Masio wes nduwe anak kasih sayang e gak dibedak bedakno
antara aku lan anak kandunge, kabeh podo. Aku munggah TK B pakdheku memutusno
gawe budal kerjo nang Kalimantan. Akhire aku Cuma tinggal karo Budhe lan masku,
budheku ditingal pas posisi hamil. Pirang ulan sak wis e budheku nglairno lan
nduwe anak wedok.
Aku sekolah
dibiyai sampek aku munggah sekolah menengah pertama yaiku SMP. Sawise pakdheku
sing wes tak anggep bapak ku dewe kerjo ning Kalimantan soyo sue ora ono kabar
lan aku ra nyongko yen riyoyo taun iku bakal dadi riyyoyo sing terakhir bareng
pakdhe lan keluargaku. Ing malem takbiran dadi malem udan tangis amergo pakdhe
ku ora ono kabar e lan dihubungi ora keno.
Atiku soyo trenyuh
yen nyawang adikku sing ngineti koncone takbiran karo bapak e samono ugo aku
kang nelongso lan kudu ceblok eluh iki.
Ing wengi iku adikku ngomong
“ mbak aku pingin takbiran kaleh bapak aku kangen bapak , ngopo
ogak koyok konco konco sing iso takbiran karo bapak e “ karo ngrangkul aku
Sekilas atiku rasane keires adiku ngomong ngunu iku ning aku .
banjur adiku nangis lan aku ugo nangis ngopo nasib ku kudu ngene iki . keluarga
seng tak sayang mesti pecah opo iki wes lakonku wes dadi dalan ku, nanging aku
ra mandek dungo amergo kabeh kui sing gawe sing kuoso kabeh bakal ono dalan lan
hikmah e.
Aku soyo dewasa aku wes metu SMP banjur aku mikir yen nganti aku lulus
iseh karo budheku aku bakal gawe beban lan ngrepotne budheku, semono ugo
budheku iseh kudu ngragati adiku. Akhir e aku banjur pindah ing ngawi sekolah
ing sekolah sing ngajari aku arti urip mandiri. Ing kene aku urip tanpo
keluarga mangan turu tanpa enek sing ngancani.
Sakjane atiku iki nangis jerit kepingin ono ing tengah tengah
keuargo sing ayem kaleh bapak ibuk lan kulo. Terkadang ati iki iri karo konco
yen saben minggu biso muleh ono wong tuo kang ngramut dimasake ibuk e iso guyon
karo keluargane. Nanging kudu pie maneh kabeh iki DALAN URIPKU kang dadi garis
sing diwenehi gusti allah.
Dalan tak lakoni sampek akhir e aku petuk ibu kandung ku senajan
ati iki loro durung biso nerimo yen ibukku teko pas aku wes biso ngerti iso
bedakke lan wes gede. Udan tangis ning jero ati iki pikiran iki ora searah karo
dalan sing tak lakoni. Nanging pie maneh iku tetep ibukku wong sing berarti
ning uripku sing berjuang mati matian nglairne aku.
Aku nerimo aku pasrah tapi aku ora nyerah kabeh tak lakoni kanti
ikhlas ati. aku raket karo ibuku kui ngunu dalan kang apik saking gusti allah
kanggo aku. Aku biso urip ayem karo keluargane ibukku sing saiki. Keluarga sing
biso gawe aku seneng keluarga sing utuh iyo iku akal e tak gayuh.
Ibu ngendiko menyang aku
“ nduk sepurane ibu yen salah marang awakmu , ora ngramut awakmu
kathi bener ananging nyerahne awakmu ning wong lio, ibu nyuwun pangapuro nduk
ibu salah, nanging ngertio ibu nglakoni iku mergo ibu ora pengen anak e ibuk
urip nelongso karo ibuk, ibuk kepingin anak e ibuk biso dadi wong sukses nduk”
kandhane ibuk
Aku kang wektu iku udan tangis ngrangkul ibuk lan ngomong
“ ibuk , ibuk mboten salah kulo kang salah , kulo matur suwun
marang ibuk kangge sak kabehane , ibu mboten enten salah buk, sakniki kulo mpun
gede kulo pengen gandeng lan ngrangkul keluarga kang ayem bareng ibuk, mugo iki
dadi dalan kang apik kanggo urip e panjenengan kaleh kulo buk, kulo nyuwun
restu doa mugo kulo sukses mengkene, kulo sayang ibuk, matur suwun kangge
pengobanane ibuk “
Aku kang udan tangis tapi tangis iki bedo karo tangis wingi, tangis
iki berarti tangis iki tangis seneng biso petuk ibu kandung kulo lan nduwe
keluarga kang ayem. Ora lali lan ora bakal lali roso syukur iki kangge gusti
allah. Dongoku dongane ibuk. lan keluargaku kang apik biso kawujud wektu iki.
Senajan adoh jarak kaleh ibuk nanging iku dadi pancatan.amergo
ibukku tujuanku, ibu penyemangatku mergo ibuk wong kang berarti ning uripku
biso dadi dalan kanggo sopo aku sukses kanggo sopo aku prestasi. Aku ayem aku
seneng, dungoku mung siji ojo nganti pecah keluarga iki keluarga kang tak
pingini bareng ibu kandung ku. Aku ora bakal nyia nyiake wektu ku kanggo
bahagiae ibukku , aku kepuingin ibukku bangga nduwe anak aku,. Semoga dalanku
iki dalan kang gawe aku sukses lan seneng urip ayem tentrem bareng ibukku lan
keluargaku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar