CERKAK 19 ^_^
Nyapo Balek? Aku Uwes Ora Ngenteni Maneh
Dening : Stevani Ayu C
Awal e aku ora nyangka isa dadi secedak iki karo arek sing terkenal brutal, nakal, egois lan bos geng ing sekolahan e. Aku lan dewek e ora sak sekolahan, dee sekolah ing SMP 1 KEDUNGGALAR. Tambah dina tambah akrab, soyo tambah nyaman. Akhir e dewek e dolan nang omahku pas tahun baru bengi bengi pas udan gremis. Suasana kang saya tambah romantis pas waktu iku dewek e nyanyine tembang "Sayang". Soyo bengi grimis e ora malah mandek nanging soyo dadi. Dewek e akhir e mutusi mulih pas jam 21.00.
Tekan omah dewek e chat aku, " Van, aku wes teka omah dadi awakmu gausah kepikiran"
"Iya Dib, awakmu ndang cepet salin klambi ben ogak masuk angin"
"Yawes awakmu gek ndang turu, aku tak ya mapang turu" Saut e Dibyo.
"O iyo, suwun ya. Awakmu belan - belani udan ning omahku mung ge ngehibur aku. Aku seneng banget enek awakmu ndek mau" Pocapku kang asline angel tak jlentrehne.
"Iya Van. Oiyo sadurung e aku meh kandha sing mau ugung sempet tak sampek ne marang kowe. Aku sayang awakmu. Iki uduk perkara aku lagi pedot karo bocah e, kae ngunu uwes tarah ora ana kecocokan. Piye Van awakmu gelem gak dadi pacarku?" Chat dhawa saka Dibyo kang gawe atiku bungah ora karuan.
"Piye leh ku golek alasan ben isa nolak awakmu. Jalani wae apa anane. Kowe lan aku yen wes ngene atiku ya tambah seneng. Ning eling o aku emoh yen mbok gawe pelampiasan. Uwes yo dilanjut sesok maneh wes bengi wayah e turu, rak mau awakmu ngongkon aku turu to? Hehehe" Singkatku mungkasi chat wengi iku.
"Yawes, ndang turu. Ojo lali ngimpi aku ya? Weheheh" Balesan e Dibyo Sing marakke atiku bungah.
Dino - dino ku awor dee ora bisa dijlentreh ke. Aku lan dee lakoni susah seneng bareng. Ning hubungan iki mandek pas hubungan iki wes mlaku 4 sasi. Pedot e hubungan ku ya mergo tam sadari iki lagi tresno ne ABG. Sak bar e karo aku dewek e langsung entuk bocah anyar sing ayu lan bakne saiki dadi adek kelasku.
Hubungan e dewek e yo ora berjalan suwi, aku ngerti amergo ancen aku iseh kontakan karo dewek e. Sesai ora ana, dewek e balikan maneh karo aku. Aku ora ngerti nyapo iso balik maneh, ning rasa iki ora bisa diblituk i yen aku ancene iseh sayang kato dewek e. Awak dewe balik jalani hubungan kaya biasane. Dewek e saiki malih ketep dolan ning omahku. Gitaran bareng nyanyi bareng. Ora bisa disangka hubungan iki malah saya romantis. Aku ngerti dewek e ora bisa romantis ning humoris e dewek e sing marakno atiku bungah wae.
"Sesok dolan yok? Sesok dolan ning Srambang tak papak awan? Gelem a?" Pitakonan sing marakno aku raiso mandek mesem.
"Ya sesok awan jam 11.00 ya, mengko aja lali kabari aku" Sauranku karo ngempet guyu.
Jam wes nunjukne Ning angka 11.00. Dewek e wes kontak aku jare dewek e wes ning perjalanan ameh teko omahku dadekno aku kudu siap siap mengarep. Singkat crita ning dalan aku di sms mbahku, aku gaoleh dolan adoh adoh amergo mbahku khawatir.
"Byo aku disms mbahku jare aku ora oleh dolan adoh - adoh." Singkat omongku sakbanjur e aku balesi sms e mbahku.
"Iya ya, sedeluk" Sauran cekak kang gawe atiku rada krasa gak penak.
Ing tengah dalan meh arep teko malah udan. Aku lan dee mbalik golek gon sing isa ge ngiyup. Aku akhir e foto - foto lan gojekan karo dewek e. Jam e wes ning angka 14.00. Akhir e aku lan Dibyo balik mulih. Dewek e nek numpak motor iku banter eram, yo ora gumun ancen dewek e iku bocah balap. Tekan omahku dewek e mutusi langsung mulih amarga gak penak karo mbahku.
Dino - dino tak jalani karo dewek e, ana sih masalah sepele ning ora gawe hubungan ku rusak. Aku lan dewek e akhir ijol- ijolan akun facebook. Saben dina ana wae cah wedok seksi lan ayu sing muncul ing berandane dee. Aku yo mikir positif ae mergo aku ngerti bocah sangar koyo dewek e mestikenalan e a akeh.
Mara - mara ing dino rabu, isek ileng banget. Dewek e meneng - meneng duweni hubungan karo cewek liya sing diunggah ning facebook e. Pantes akhir - akhir kelas 9 kok dewek e rada bedo. Ing kelas aku nangis ndelolo ngerti polah e dewek e sing ngalarani atiku. Langsung sak wat aku mutusi hubungan iki. Dewek e tak putus ke awal e gelem ning mbasa akhir-akhir e dewek e gondeli lan njauk sepura.
Pas ujian sekolah wis mlaku 3 dino, dewek e mara - mara mutusi hubungan tanpa alesan sing pasti. Ing kene seolah - olah aku sing salah padahal aku ora gawe perkara apa - apa. Ujianku wes rakaruan, aku raiso sinau tenanan akhir e sampek UN nilai ku elek.
Sakbanjur e UN yaiku acara pelepasan murid. Dewek e ngontak aku maneh. Nyedak i aku seolah- olah ora ana masalah sadurung e. Bodo ne aku, aku malah apik lan luluh maneh karo dewek e. Tak kiro iki bakal dadi hal sing marakke aku lan dee balikan ternyata ora.
Singkat cerita aku mlebu sekolah ajaran anyar ing SMKN 1 NGAWI, sekolah sing ana ing lor alun - alun Ngawi lan duwe julukan LA ne ngawi. Ing sawijine sasi ana acara gerak jalan dalam kota, guruku dawuhi kabeh anggota gerak jalan nyilih katok putih ing kancane. Akhir e ora disengaja aku kenal lan akhir e nyilih katok ing kancaku cah TEI. Ora dipungkiri perkara kuwi garakne aku cedak karo bocah iku lan akhir e aku jadian. Ora ana 3 sasi aku kato dee njalin hubungam amargo ana masalah kang aku dewe bingung njlentrehke. Gak penting sih dadi menurutku gausah diceritakke marake isu gonjang - ganjing maneh mengko.
Kelas 1 munggah kelas 2 SMK, aku kenalan karo bocah Kedunggalar maneh, Dimas jeneng e. Aku asline kenal dewek e uwes suwe. Ning lagi iki aku cedak lan akhir e jadian. Ing sasi April akhir hubungan ku wes kurang apik. Bengi pas ana acara dangdut ing alun - alun lapangan merdeka Ngawi, aku diajak dewek e nonton bareng. Ora disengaja ing kono aku petukan maneh karo Dibyo, pas iku dewek e lagi jogetan Holic karo bala balane. Tak sawang ko adohan dewe e saiki tambah nakal. Mbiyen pas ijek karo aku dewek e mandek rokok an pacakan e ora koyo wong nakal. Ning banjur wes ora karo aku dewek e mbalik nakal maneh.
"Kae lho mantanmu, Dibyo to? Ameh nyedak opo piye? " suara ne Dimas gawe aku ngalihke pandanganku sing awal e ning Dibyo malih nyawang wajah e Dimas.
"Ora, nyapo to, mantan ya mantan ora sah dibahas maneh kan aku saiki karo awakmu" Sautku cepet ben ora dikira mikirno Dibyo maneh. Asline aku iki iseh duwe rasa ning embuh nyapo aku dewe ya bingung.
Akhir e hubunganku karo Dimas mandek ing bulan Mei, saurung e pedot Dimas slalu bahas bahas masalahku karo Dibyo, sing bakne dewek e sak sekolahan karo Dibyo ing SMK Nagara. Lan ana masalah salah paham amergo chat an e dewek e karo cah wedok liyo sing bakne ya tau cedak karo Dibyo. Aku mikir kena apa to uripku iki basio uwes ora sesambungan kato Dibyo ning ana wae hubungan crita karo dewek e.
Saka iku aku sambung kontak karo Dibyo maneh, cedak maneh ning ora sampek balen. Aku sadar yen aku karo Dibyo ancene ora isa dadi siji maneh.
Ora dinyangka, awal tahun pelajaran anyar munggah kelas 3 SMK, Dibyo kontakan karo mama ku. Dewek e nyedaki mamaku lewat facebook.
"Kak, ndek maeng mas Dibyo chat mama nyuwun no.WA ne kakak, trus oleh ora kak?"
"Lha kok isa chat mama wong kakak wae ora duwe no.e dewek e" Takonku penasaran.
"Iya, mama wes kontakan ning facebook karo Dibyo trua dewe e inbox mama nyuwun WA ne mama trua WA nan iki"
Selang pirang menit ana nomer anyar chat aku, bakne iku chat saka Dibyo. Aku askine seneng ning yo rada mangkel karo mama kok ya isa - isane hubungan karo Dibyo. Akhir e aku saiki sesambungan maneh karo Dibyo. Bengi dewek e mara omahku. Dewek e kandha yen iseh sayang, emboh nyapo kok aku iya iseh isa nyauri sayang ning dewek e. Akhir e bengi iku dadi awal kanggo sesambunhan hubunganku karo dewek e. Aku jadian maneh karo dewek e.
Bengi dewek e ngajak aku ing angkringan nggone dewek e kerja. Aku chat mamaku yen aku metu karo Dibyo ing angkringan e. Aku ngabari mama ben sak waha - wayah yen mbahku golek i mamaku isa ngomongi mbahku. Bengi iku aku mantuk jam setengah sepuluh bengi. Seneng ku ora ketulungan amergo aku ngerti dewek e mbalik ing dalan sing apik dewek e kerja. Aku kontakan karo mas e, mas gareng sing mbiyen dikenal ne ning aku.
"Mas saiki Dibyo kerja ta, aku ndak bangga to" tekon ku ing mas Gareng
"Emboh dek, ning pengenku dewek e fokus sekolah ning yowes lah ben sak seneng e dewek e wae dek." Saute mas Gareng
Dino - dino ku mbalik seneng karo Dibyo. Aku bahagia karo dewek e, saiki tambah cedak. Cedak marang keluargane, marang kanca - kancane uga dewek e karo keluargaku. Awak dewe tambah sering metu bareng, maem bareng, nyanyi - nyanyi bareng ing omahku, baleni kebiasaan sing pada kaya mbiyen kae.
Dina pas aku mulih KI saka Yogja, bengi jam 01.00 an dewek e mutusi ge mapak lan ngeterno aku mulih, aku kon muduk ing ngarep kantor polisi Sidowayah, bakne dewek e iwes ngentenu ning kana. Kedadean kuwi marakno aku tambah sayang, tambah sekabehan. Atiku bungah gak karuan ndelon perjuangan e dewek e belani adem bengi mapak aku lan ngeterke mulih. Aku chat mama yen aku dipapak Dibyo ben mama isa ngabari mbahku. Tekan omah dewek e mampir sedela, omong - omongan karo mbahku. Banjur e kuwi let sedelo dewek e pamit mulih lan nyilih jaketku. Dewek e kandha yen ora masalah jaketku ambune penguk utawa kecut ben karo ge tamba kangen nek pas ora isa ketemu aku.
Aku diajak dolan karo Dibyo ning Segawen, mlaku bareng kaya biasa e dolan seneng - seneng. Budal isuk jam 10.00 an ngasi jam 16.00. Ing kono aku luwih cedak karo dewek e, sepanjang dalan dewek e ngomong masalag piye penak e hubungan iki. Dewek e kandha yen uwes ra bakal baleni kaya biyen, maeh nenani aku. Ing kana dewe e aempet bahas lan takok apa gelem aku pindah agama pas dewek e suk nenani aku. Aku sebenere antara bingung, wedi lan campur aduk. Nganggo kabeh rasa aku njawab aku gelem, mbuh ning ati rasahne kaya keiris - iris kaya dusa lan matiku iku wes karo ngitung detik. Mari ko Segawen aku mandek golek maem karo dewek e bar iku banjur mulih.
Sakuwis e saka kono, masalah mulai muncul. Dewek e katon beda ora kaya biasane. Suwe ra bales chat, ora kabaran. Ora kaya biasane aku lan dewek e nesunan koyo iki. Akhir e aku mutisi ge marani dewek e ing angkringan jam 20.00 ning Kedunggalar. Pas teka kana dewek e ketok lesu. Ora ana daya, sawangan e kudu nesu.
"Nyangapa awakmu nesu sesuwe iki, aku salah apa ngomong o." omonganku blas ra digugu.
"Uwes gaopo, awakmu ndang pulang, wes bengi sesok sekolah. Aku tak yo lulang ket mulih sekolah urung mulih omah, aku bar kalah balapan" saute dewek e tanpa njawab pitakonku mau.
Aku gak ngiro yen dewek e malih nakal koyo mbiyen maneh. Akhir e aku mulih. Ning omah aku banjur bukak hp. Ana chat ko dewek e isine mutusi hubungan tanpa enek alesan sing pasti. Atiku ajur sakwise maca chat kuwi. Nangis sing isa tak lakoni, Kabeh sosmed ku diblokir karo dewek e. Aku ora nyanka dewek e isa kaya ngunu. Aku mikir aku wis ora arep mbaleni maneh karo dewek e, aku ora arep balen. Ora usah baleni crita kan uwes rusak, ora usah bali mergo aku ya uwis ora ngenteni. Jaket sing urung dibalekne saiki mulai tak ikhlasne. Aku sadar ngubah wong nakal dadi apik kuwi gampang gampang angel, mungkin kuwi dudu kuatku ge ngubah dewek e, aku percaya bakal ana wong sing iso marakke dewek e malih dadi wong apik. Lan bakal enek wong apik sing cocok karo aku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar