Follow Us @soratemplates

Senin, 01 Oktober 2018

CERKAK 09 ^_^

KADUNG SALAH PAHAM
Dening Shindy Alaida Yahya

Agustinus wis sui pacaran karo Fransiska Artini. Agus iku wong sing paling sabar ngadepi Fransiska. Saiki Agus isih kuliah, sawise rampung kuliah, fransiska janji gelem di iring.
           
Tapi bar di kandhani Nafsiah putrane pak Waji sing omahe bien cedak agus, Agustinus Jatmiko dadi anteng wegah omong. Batine lara lan mangkel karo sikape Fransiska Artini sing keri-keri iki enteng-entengan rana-rene karo wong lanang liyo.
Agus pancen dudu bocah sing gampang cemburuan. Ning sing ngandani ora mung Nafsiah tok. Dani bakul es ngarep omahe Fransiska yo kandha.
            “Mas Agus opo wis gak karo mbak Fransiska to?” Dani takon ing Mas Agus
            “ Iseh mas. Enten menapa kok sampean takon ngonten?”
Dani mulai cerito ning mas Agustinus
“Mbak Fransiska niku lo mas saniki kerep liwat dalan niki numpak mobil kalih lare jaler sami njenengan. Mobile nggih sok jib, sok sedan, mboten mesti. Ning plate mesti H.” Kandhane Dani serius.
“ Napa enggih ta kang?” Agustinus takon karo radak gak percoyo.
“ Nggih kang, wangsule yo bengi-bengi.”
“Sampeyan empun sumerep ping pinten kang??” Agus nanjih
“ Wah minggu niki pun wongsal-wangsul kok, mbak Fransiska nek lenggah nggih mesti teng sopiran jejer.”
Atine Agus awit panas. Apa iyo fransiska ngiyanati katresnane. Mangka Fransiska wis nate janji, sawise Agus rampung kuliah gelem diring. Genea saiki kok ngunu?

Apa maneh Bapak  Ibune Fransiska yo wis menehi lampu ijo. Maune kandhane wong-wong kuwi ora digubris. Ning bareng mas dani sing olehe dodol es ngarep omahe Fransiska kui kandha, banjur ngandel.

            Apa maneh, pirang-pirang kegiatan mudika iki, Fransiska ora tau ketok, rasa curigane saya ndadi. Yen nyata-nyata cah lanang sing sok nggawe Fransiska metu nggawa mobil kuwi arep ngrebut pacare, Agus ora bakal gigrik, arep diadhepi secara jantan. Ala-ala dheweke rak ya tilas pelatih bela diri ing paguyupan pencak silat merpati putih.

Mula Agus weling mas Dani, yen wong lanang kuwi ketok ning omahe Fransiska, kon ngandhani aku. Agus dhasar bocah meneng lan sregep, wektune mung temen-temen kanggo sinau lan mbantu wong tuwa,  uga ngombyongi kegiatan Mudika.  

Sore bubar adus,krungu hpne muni gage dicandhak. “hallo?? Oh kang dani”. Embuh piye swara saka adoh kana. Ning praupane agus dadakan malih. Hpne dipateni banjur di sak.

            Batine kebak tandha pitakon. Ngapa kok sing teko mobil gak ana wonge tuwa lanang wadon? . gek-gek arep ngrembug Fransiska. Pikirane agus mumet lan bingung. Gek-gek tenan, Fransiska ingkar janji milih cah lanang sing nduwe mobil, timbang aku sing mahasiswa mlarat.

Wis embuh, niyate arep mara mbuktekake. Yen tenan, sisan olehe medhot sesambungan ning ngarepe wong tuwane. Agus dandan rapi, nata ati, senajan wis siap jurus-jurus maute, yen mengko cah lanang kuwi nganti ngetokake kemakine.
Atine mulai ndredeg, mlebu pekarangan weruh mobil loro, ngarep lawang tamu akeh sandhal. Nyata kandhane kang Dani, akeh tamu.
           
            Agus nyedaki lawang sing minep kuwi banjur kula nuwun. Atine ditatag-tatagne. Let sedhela keprungu kemleseting sikil nyedak lawang lan buka lawang Fransiska mengo karo nyambut mas Agus.
“ loh mas Agus?”
“Kene tindak mlebu. Kebeneran mas, kabeh mlumpuk, dadi panjenengan bisa kenalan. Sawise agus mlebu, sing padha lenggah kabeh ngadeg nyalami kanthi polatan sumringah. Fransiska dewe banjur lungguh njejeri mas Agus karo kandha,

“ maaf ya mas, sementara aku ra bisa nemoni jenengan.” Kandhane sawise padha bali lenggah ibune Fransiska ngendika.
“ nak agus, punika mbakyu lan kangmas kula ingkang wonten semarang, dene cah lanang ndek mau ponakan kulo. Lha sing pertama mau jenenge waskito, sing keloro jenenge rama. Tujuane penakan kulo mriki ajeng makaryo ing kantor jalan melati. Tapi rama rung apal karo dalan teng mriki.”
“Pramila Fransiska ingkang karep kadhawuhan dening rama, waskito mubeng-mubeng ningali wilayah-wilayah ingkang cedak dalan mlati.”
Ngendikane ibu Fransiska cetha.
           
            Atine agus sing maune gelem-gelem nesu, panas,cemas,cemburu langsung ayem.
Jebul pangirane kleru. Waskito sing sok ngajak mubeng-mubeng numpak mobil bareng Fransiska bakne isih dulure. Mulo besuk maneh ojo sok kesusu lan sok sok udzon.

SHINDY ALAIDA YAHYA/09/XII AK4

Tidak ada komentar:

Posting Komentar