KEKAREPAN
SEPELE
Dening Wulan
Dwi Susanti
Rini
yaiku Murid ing SMKN 1 NGAWI. Rini murid kelas 12 jurusan Akuntansi sing
nduweni otak sing cerdas lan pinter nang kelas e. Rini okeh di senengi marang
guru-guru merga Rini nduweni budi pekerti luhur lan sopan santun marang kabeh
wong. Ora heran lan kancane Rini podo seneng kekancanan karo wonge. Rini wonge
apik an gelem marai kancane sing raiso marang pelajaran.
Rini
nduweni adek jeneng e Rina, Rina kwi nduweni Kekarepan kepengin nduwe sandal
anyar.Pas Rini ngajak Rina Ing pasar Ngawi Rina ngrengek njaluk sandal
anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane wis ora bisa di
gawe. Adhine Rini jenenge Rina,sing umure 5 taun. Rini sayang banget karo
adhine, merga iku adhine siji-sijine. Rini saka keluarga sing ora mampu, bapake
mung kerja dadi buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai klambi
ing desane. Nanging Rini tetep nrima opo sing dadi gawean e bapak lan ibuk e
Rini.
Ing
salah siji toko pas Rini lewat karo Rina nang ngarep e.
“Mba
tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing
arep nangis.
“Mba
ora duwe duwit,Rin. Iki ae duwite arep nggo tuku sayur tok ora cukup lan dinggo
tuku sandal barang.” jawabe Rini sing melas karo adhine.
Senajan
ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger
kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.
Sawise
saking pasar lan tuku sayuran Rini bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi
tetep rapi angger disawang, amarga Rini bocah sing sregepan lan manutan. Rini
ora isin amarga anak saka keluarga sing gak mampu, kancane yo ora tau ngelokne
Rini utawa ngucilne, kancane podo ngerty ekonomi saka Rini. Omahe saka pring
sing dianyam durung bata lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, latare isek
saka lemah, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar. Mergo kuwi
omahe isih ketok apik.
Senajan
Rini saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Rini dadi
wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi supaya bisa ngangkat
Drajat e wong tua. Bapake ora kecewa amarga Rini termasuk siswa sing pinter ing
sekolahane. Amarga iku Bapak e Rini bersuyukur sanget nduweni anak koyo Rini.
Wengine pas Rini arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Rini.
“Ni,
kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi
buruh bangunan,” ngendikane bapake Rini
"Enggih
pak"
"Kudu
bisa dadi wong sing sukses lan ojo lali tetep bersyukur" ngendikane bapak
“Nggih
pak,kula ajeng usaha lan terus bersyukur marang gusti.”
Esuk-esuk
sing atis banget Rini wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng
sekolahan. Rini uga mangkat esuk merga Rini
arep melu lomba Cerdas Cermat sing diadakake nang SMA. Sewise siap Rini
pamitan karo wong tuwane.
“Pak,
Bu, kula badhe mangkat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan
saget mundut sandal kangge Rina,” pamitane Rini karo jabat tangan wong tuwane.
“Ya,
Amin. Ati-ati ya Ni,” ngendikane bapake.
"Aminnn,
Ojo lali dunga sadurungu garap yo nduk" ngendikane ibuk e.
“Mba,
mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke
sandal anyar.
Tibaning
sekolahan Rini deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya
sekolah amarga sekolah liyo podo melu lomba cerdas cermat nang sekolah e Rini. Ing
sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna
orange sing apik.
Ing
lomba Rini bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Lan
wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwi Rini. Rini
langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan.
Rini seneng amarga bisa juara siji lan ora nyangka banget bisa juara siji.
Kanca-kancane podo seneng Rini iso dadi juara.
Sawise
lomba bar Rini bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.
Tekan
kenyang omah.
“Assalamualaikum.
Bu,pak.”
“Wa’alaikum
salam, ana apa Ni?”pitakone ibune Rini.
“Bu,
kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,
Ni. Anake Ibune pinter temen. Ibune
tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.
"Alhamdulillah
mba, aku sido ditumbasne sandal ki" omong e rina kanthi bungah.
Sore-sore,
sawise ganti klambi Rini ngajak Rina adhine menyang pasar Ngawi tuku sandal
anyar.
Tibane
sing salah siji toko bakul sandal.
“Tuku
sandal sing werna apa Rin?” pitakone Rini maring adhine.
“Sing
werna pink mba!”
Langsung
bae Rini tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Rini lega
merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
“Matur
nuwun ya mba.”
"Iyo
dek sami-sami" ucapane rini.
Atine
Rini tambah bungah amarga iso nukokne sandal adhine lan iso menang lomba.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar