CERKAK 27 ^_^
Pisah Mergo Cita Cita
Dening : Vinka Ayu Rohani/27
Aku nduweni kanca sing raket banget,
ning ngendi-endi
mesti bareng. Jenenge Marista, Puri, lan
Silvi. Aku kenal dheweke awit kelas 7 SMP
Ing sawijining dina aku tangi kawanen
untung wae Marista lan Puri marani aku gae budhal sekolah bareng. " Vin,
Vinka" celuke Marista lan Puri, tapi aku ogak nyaut. Dheweke terus nyeluki
aku sampek ana simbahku marani lan nggugah aku. " Eh sepurane ya aku
kawanen, sik yo aku tak adus we enteni ng njero omah wae " omongku ning
Marista lan Puri. " Ya ampun koe bakne sik turu to yahmene, yowis ndang
cepet! " omonge Marista, " ogak usah sui-sui awakdewe ngko telat
" tambahe Puri. Jarak omahku teko sekolahan cedhak mung mbutuhake wektu 5
menit. Teko sekolahan jam 7 kurang 10 menit, " untung ora telat "
Puri mulai omongan, aku mung bisa nyengir. " Kok tumben telat banget
tekomu cah! " Silvi langsung nyambut pas aku, Marista, lan Puri mlebu
kelas. " Vinka wi lo mau diparani jik turu " jawabe Marista, aku mung
bisa nyengir maneh merga yen tak sauri Silvi bakal nyeramahi aku.
Dina iki ana ulangan PKN. Aku sebangku
karo Puri, Silvi karo Marista ning bangku mburiku. Marista lali yen dina iki
enek ulangan dheweke durung sempet sinau, dadi pas ulangan dheweke bola-bali
takon. " Sst... Sst... Pur jawabane nomer 8 apa? " bisike Marista.
Puri nduduhake jawabane, " Gak ketok Pur " bisike Marista maneh.
" Kurang 1 menit ngkas dikumpulne cah " kandhane Bu Lis. Akhire Puri
ngumpulke jawabane dhisik, Marista gelo mergo dheweke durung bar nurun Puri wis
ngumpulke jawabane. Padahal ijik ana aku tapi dheweke ogak wani takon ning aku.
Dadine Marista ngumpulje jawaban sing durung bar.
Tet...
Tet... Tet... (bel istirahat) " Ayo cah tumbas jajan, luwe aku bar mikir
banter " ajakku, " ayo aku yo luwe ki " jawabe Puri. " Ayo
ta" ajake Silvi ning Marista tapi dheweke meneng wae ogak nyauti "
Ndang ayo to ta koe melu ora? " Silvi nggriseni Marista. " gah!
" jawabe Marista khas e wong nesu. " Yowis nak ngono ". Banjur
aku, Silvi, lan Puri mlaku menyang kantin tumbas jajan. Sakwise tumbas jajan
langsung mbalik ning kelas, Marista ijik meneng ae ning bangkune. " Awakmu
nyapo sih ta? " takonku, " gak
popo " saurane sengak. " Nak gak popo kok ngono neh gak koyok
biasane, ndang crita to enek opo " takon e Silvi " Puri wi lo gak
peka aku nurun durung bar dheweke wis ngumpulne jawabane " akhire Marista
crita, " Lo lha aku ogak eruh, koe
gak ngomong sih " jawabe Puri. " La tulisanmu lo cilik cilik aku gak
ketok yo mau " Marista njawab karo rada nesu. "Yowis yowis emoh aku
njaluk ngapura " Puri ngalah tapi Marista meneng wae. " La mau nyapo
gak takon ning aku ta " takonku,
" Aku gak wani nak takon ng awakmu " Marista terus terang.
" Hoalah yowis saiki baikan yo " ajake Silvi.
Saiki aku wis kelas 9 semester 2, aku lan
kancaku sepakat arep nerusne ning sekolah sing podho. Nanging beda jurusan,
" awakdewe kudu sak sekolahan maneh ya" omongku. " Iyo, masio
beda jurusan gak popo sing penting iso bareng lan kepethuk saben dina "
Jare Silvi, " Iyo bener wi " tambahe Marista.
Ing dina wayahe tes mlebu SMK, koyok
biasane aku budhal karo kancaku uga kancaku liane sing podho pengin nerusne
ning SMK kono. Nggarap soal tes kanthi tenanan merga iku sekolah sing tak
arep-arep. Kurang luwih sesasi hasil tes metu. Nangis sak kelasku sing keterima
mung Silvi lan Lia. " Yah aku gak ketompo " responku nalika sakwise
ndelok papan pengumuman. " Ojo patah semangat sik cah, ijik ana jalur
reguler " Silvi nyoba nenangake aku, Marista, lan Puri. " Iyo sih,
tapi aku pengine kelebu saiki " jawabe Puri. " Gak sah sedih iki
ngono awakdewe ben luwih sregep sinau " omonge Marista
Pirang sasi kepungkur, amarga aku ijik
tetep nekad pengin sekolah ning kono aku usaha sak isoku. UN wis ning ngarep
mata, aku kudu tenanan ben aku ora gagal maneh. Patang dina kepungkur, UN wis
tak lakoni. Aku rumangsa iso garap soal e lan yakin oleh hasil sing apik.
Sesasi aku ngenteni hasil UN. Aku, Puri,
Silvi, lan Marista uwis ogak
sabar pengin eruh hasile. Tapi " Danem sakmene apa cukup gae ndaftar ning
sekolah kae?! " omongku " Layo terus aku arep sekolah ning ngendi
terusan? " tekok e Marista. " Danemmu nuthut yo ning kono tapi ogak
ning jurusan sing kok pengini " usule Silvi. " Ketok e awakdewe ogak
iso bareng deh, ibukku pengin aku sekolah ning jurusan kedokteran " omonge
Puri
Aku pengin ndaftar ning sekolah kono
maneh wedi yen ogak ketompo merga danemku sing pas-pasan, dadi aku njajal
ndaftar ning sekolah B. Pas dina ketelu pendaftaran lewat jalur reguler aku
diomongi Lia yen danemku ijik nuthut gae ning sekolah A jurusan sing tak
pingini. Merga ogak oleh nyabang, sing sekolah B tak cabut tapi di dawuhi yen
ogak ketompo ning sekolah A aku ogak bisa ndaftar ning sekolah B maneh, aku
tambah wedi lan ndredek. Tapi dibaturi ibuk aku dadi luwih yakin yen iso klebu
ning sekolah A. Bener wae pas ndaftar maneh ning sekolah A jurusan sing tak
pingini danem terendah ijik danem sak ngisorku. Wektu pendaftaran kurang 10
menit, aku ning nomer 2 soko ngisor sing terancam ogak ketrima, terus aku
langsung nyabut sing jurusan iku banjur ning jurusan akuntansi sing ijik enek
peluang akeh. Alhamdulillah aku keterima ning sekolah sing tak pingini. Tapi
aku kudu pisah karo Marista lan Puri, dheweke ogak gelem njajal ndaftar ning
sekolah sing podo aku maneh merga jare uwis kecewa lan uga daneme marakne
dheweke ogak wani njajal ndaftar
Akhire aku mung sak sekolahan karo Silvi
tapi beda jurusan, Marista ning sekolah sing sesuai karo bakate dheweke yaiku
gambar, Puri nuruti ibuk e ning kedokteran. Dalan urip sing gak sesuai karo
sing diimpikne awakdewe pas ijik bareng, mungkin iki sing jare diomong awakdewe
oleh ngrencanakne masa depan tapi akhire yo mung Allah sing nemtokne dalan
uripe saben manungsa.
Sedih ya ana merga ogak iso bareng karo
kanca sing uwis tak anggep kaya dulur dewe, gae njaga kancanan iki awakdewe
ijik gaene ngabari lan ketemu masio iku cuma pas preian sekolah. Lan saiki aku
kangen masa-masa bareng karo dheweke.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar