Follow Us @soratemplates

Senin, 01 Oktober 2018


CERKAK 04 ^_^

Rasa Asih
Dening : Senja Putri Juanita

            Wayah sore, jam telu luwih telung puluh cah cilik-cilik wis podo budhal mlaku bareng-bareng ing TPA. Ing TPA kono umum, ora dibatasi sopo ae sing arep sinau ngaji. Guru sing ngewehi ajaran ora gur wong tuwo nanging wong enom uga ana. Pak Zainal sing dadi Guru Pembimbing. Sing enom iseh podo sekolah, nanging kabeh wis podo njowo opo sing patut diajarne marang adik-adike. Sari sing lagi melbu iseh bingung piye modele ngajar. Ing kono Sari nduweni konco anyar sing nduweni watak bedo-bedo. Nanging iso nglengkapi siji marang liyane. Ratih sing bocahe kocak, ceplas-ceplos, jujur, lan apikan. Lan Nara sing bocahe menengan lan apikan. Ora gur Ratih lan Nara, Sari uga nduweni konco anyar jenenge Rama lan Egi. 
            Nduweni konco sholeh lan sholehah gawe atine Sari adem lan ayem. Ben dinane Sari menyang marang TPA. Muleh soko TPA Sari lan kabeh koncone mesti mampir ing warunge Mbak Nana, bojone Pak Zainal. Ing warung kabeh podo guyonan lan mangan jajan. Sari sing wong anyar iseh kaku diajak guyon. Sari gur iso bales guyonan karo mesem. Banjur Sari malah dadi bahan guyonan di comblang-comblangna karo Rama. Sari gur meneng mesam mesem. Nanging Rama malah guyu banter. Sak bar e mangan kabeh podo muleh ing omahe dhewe-dhewe.
            Awit soko guyonan kuwi, rasa cinta sitik-saitik muncul soko atine Rama lan Sari. Loro karone podo meneng-menengan yen ketemu  mergo isin. Rama sing nduweni rasa ora sabar amarga wis kecantol Sari sing sumeh wis wani nyedaki njalok nomere Sari. Sari sing apikan gelem ngekeki nomere mergo Rama konco sing apik lan sholeh.

Rama   : “Assalamu’alaikum Sari.”
Sari      : “Wa’alaikumsalam. Eh Ma, enek opo?”
Rama   : “Anu....Anu.” (Ndredek lan isin)
Ratih   : “Walah Rama wajahe abang.” (guyu banter)
Sari      : “Husstttt Tih, meneng sek Rama arep omong kuwi.”
Rama   : “Aku entok njalok nomermu Sar?”
Sari      : “Entok, nanging aku ora gowo kertas.”
Rama   : “Sek..sek.” (njupuk godhong)
Sari      : “Nganggo godhong? Yo ora ketok ma.”
Rama   : “Ora popo engko langsung tak simpen ing hp.”
(Sari nulis nomere ing godhong lan kabeh wong ing kono podo nyoraki Rama lan Sari)

            Awit soko kuwi Rama lan Sari kulino sms-an. Rama sing sholeh wis iso gawe atine Sari kesemsem. Ben dino ketemu gawe loro karone akrab luwih soko hubungan kekancan. Pirang-pirang dino sak wise kejadian kuwi Rama lan Sari wis pacaran. Pacaran karo Rama gawe Sari luwih sregep budhal menyang TPA. Ing TPA loro karone podo guyonan akrab. Sari sing gaene diceluk pipi bakpao karo Rama ngroso bungah. Balek soko TPA mesti mampir sek ing warung. Ben dinane terus ngunu kuwi. Sari ngroso wis rong sasi pacaran karo Rama ora ana seru-serune. Umure Rama sing luwih enom rong taun soko Sari gawe hubungane adem. Rama sing ora ngrasakne opo sing dirasakne Sari, gawe Sari bosen. Sari wis mulai ora gatek opo sing dilakokne utawa sing diomong Rama.
            Egi sing gaene gudoni Sari gawe atine ben dinane seneng. Egi sing iso gawe kabeh wong guyu karo opo ae sing dilakokne. Egi ngerti opo sing wis kadadean karo hubungane Rama lan Sari malah njupuk kesempatan dinggo nyedaki Sari. Ora malah bantu Rama, kancane. Egi sms Sari saben dino ngekeki perhatian sing luwih soko kekancan. Sikape Egi sing ora koyo biasane gawe Sari curiga. Banjur Sari cerito opo eneke ing Ratih.

Sari      : “Tih, kok aku curiga karo sikape Egi ya?”
Ratih   : “Sikape Egi sing endi?”
Sari     : “Wonge kan wis ngerti hubunganku karo Rama enek masalah, tapi kok wonge malah sms aku ngekeki perhatian sing luwih”
Ratih      : “Mosok to?”
Sari        : “ Iyo.. aku kudu piye tih?”
Ratih      : “Ngene ae, ben Rama karo Egi gak salah paham. Kowe biasa ae nek di sms Egi lan kowe gak usah ngekeki harapan karo Egi.”
Sari        : “iyo Tih, suwun ya.”
Ratih      : “Ora usah ngono koyok karo sopo ae.”

            Sari sing wis jaga jarak soko Egi ora malah gawe Egi ngaleh, nanging malah Egi soyo nyedak. Ben dino ing TPA Egi gudoni Sari. Rama sing wis curiga nakoni Sari muleh soko ngajar. Sari sing ditakoni gur iso jawab ora, nanging Rama ora percoyo ngono ae. Rama goleki bukti sing bener sing endi.
            Bengi tanggal siji awal wulan ing masjid mesti ngadakne khataman Al-qur’an. Rama sing dadi Ketua Remaja Masjid di dhawuhi Pak Muslimin mundhut kacang godhok ing daleme Pak Mus. Ing daleme Pak Mus, Rama ketemu Nara sing lagi nggarap tugas.

Rama               : “Ra, lagi nyapo? Kok ora ing masjid khataman?”
Nara                : “Ora popo, iki lagi akeh tugas.”
Rama               : “Kok ora digarapne Egi?” (jawane gudoni)
Nara                : “Ora ma.”
Bu Ramli         : “Lhoo..yo engko nek digarapne Egi, Nara diseneni karo Sari.”
(Rama bingung opo sing maksude Bu Ramli)

            Rama muleh soko omahe Pak Mus karo ati mangkel.
Sari      : “Ma?”
Rama   : (Nyawang tok ora nyauri)
(Sari bingung opo sing wis kadadean karo Rama)
Gak suwi soko kuwi, Rama sms Sari.

Rama   : “Sar, opo hubunganmu karo Egi?
Sari      : “Aku ora ana hubungan opo-opo karo Egi.”
Rama   : “Jujur ae ora popo tiwas aku engko ngonangi dhewe ing mburiku.”
Sari      : “Aku wis jujur ma. Aku ora mungkin cedak karo Egi. Egi pacare Nara.”
(Rama gak bales sms soko Sari)

Sari gur iso nangis karo opo sing wis diomong karo Bu Ramli.
            Sak wise kadadean kuwi Sari ngadoh soko Egi. Sing gawe Sari loro ati sikape Rama sing malah ngadoh soko wonge. Wis pirang-pirang minggu Sari dinengne Rama. Sari bingung opo sing kudu dilakokne karo sikape Rama sing koyok ngunu. Sari nangis terus-terusan. Raka, mas e Rama sing ruh kadadean kuwi gur iso ngewangi hibur tok. Raka ben dinane sms Sari ngekeki perhatian yen gak usah sedih terus mikir Rama. Nek Rama wis tenang, wonge bakal hubungi kowe neh. Rama gur pengen dewe nggo sementara. Raka sing pengen ngewangi masalahe adike karo koncone dang bar, dheweke omong ning Egi opo sing kadadean opo eneke.
            Ngrungokne opo sing dijelasne Raka gawe Egi ngroso salah soko opo sing wis dilakokne. Banjur Egi njaluk ngapuro ning Rama lan Sari. Egi ngadoh soko kedadean kuwi. Rama sing wis kebacut loro ati wis ora gatek opo ae sing diomong Egi karo Sari. Rama medotne hubungan karo Sari gur goro-goro masalah sepele koyok ngunu. Sari sing wis kebacut tresna ora gelem pedot. Nanging Rama sing keras kepala tetep arep medotne Sari.
            Kabeh ngadoh soko Sari, gur Raka sing tetep ngonconi Sari sing lagi sedih. Raka terus terusan hibur Sari ben iso guyu neh. Sari sing gampang tresna, mulai enek rasa karo Raka. Raka sing menurute Sari bedo karo cah lanang liyane. Raka lan Sari mulai cedak. Pas Raka lan Sari cedak, Rama malah teko banjur omong nek wonge nyesel. Seharuse wonge gak entok egois njupuk keputusan sepihak. Sari sing kebacut loro ati lan ilang rasa ing Rama wis ra gatek. Sak wise kuwi Sari gur fokus karo Raka sing wis ngonconi pas seneng opo sedih.








































Tidak ada komentar:

Posting Komentar