Tentang Aku,Kowe lan Kenangan
Dening:Septya N.F
Ning kene aku saiki,sing mok tinggalke karo
kenangan-kenangan indah sing tau tak lakoni bebarengan karo kowe.Diwiwiti saka
kenalan singkat sing ujunge perpisahan sing nyedihake.Kelingan kowe amung
nambahi rasa kangenku,kelingan kenangan suka lan duka sing tak lewati
bebarengan karo kowe.Mungkin lungamu durung bisa tak trima tekan saiki,nanging apa
daya kabeh mau wis ditakdirake.Nglilakne lungamu ora perkara gampang
kanggoku,aku terus belajar nglalekne kowe.Nanging sing kadadean malah sewalik
e,sansoyo aku njajal nglalekne kowe,kowe malah sering teko ning ngimpiku.Andre
Wisnu Kurniawan,jeneng sing terukir jelas ning memoriku.
Aku kelingan ning ngendi kowe teko lan nggawe aku
ngguyu.Kelingan tingkah lakumu sing jahil lan nggawe wong liyo ngguyu mergo
guyonanmu.Tekomu nggawe uripku berwarna,kenal kowe nggawe urip ku kebek cerito
seru.Awake dewe sering tukaran mergo hal sepele,iki jenenge kanca sing sebener
e.Enek masa ne awak e dewe tukaran lan enek masane awak e dewe akur .Mergo kui
awake dewe iso tambah cedak,sampek kaya adik lan kakak.
“we
arep neruske sekolah nendi?”,Andre takon
“Durung
ngerti,kowe pye?”takonku
“Podo
koyo awakmu ae,ben iso sekolah bareng-bareng terus”jawabe dek e karo ngguyu.
Sak bar e omongan singkat iku,awak e dewe disibukake
karo rangkaian ujian kelulusan lan belajar supaya nilaine apik.Akhir e,apa sing
dikarepake kadadean,awake dewe lulus lan nilaine apik.Sampek akhire ketrima ing
SMK sing pada.
Sing
paling jelas tak iling ning memoriku,ning ngendi awak e dewe ngentekake wektu
kanggo nyiapake perpisahan sekolah karo panitia lain e.Yo,kabeh bersumber saka
iki,perpisahan sing dimulai saka kene.
Bengi
iku ning halaman sekolah,panitia perpisahan ngadakake gladi bersih kanggo
perpisahan sesok.Ing kono awake dewe isih ketemu lan ngobrol bareng.Lan
ngingeti pembawa acara sing gladi.Sampek akhire ibuk ku telpon.
“wis
bengi nak,nik wis bar gladi ndang mantuk”,ibuku
“Nggeh
buk”,omongku
Ibuk
terus nutup telpon e,Andre takon “nyapo?”
“Di
kongkon ndang mantuk,wis bengi!”
“Tak
terne ya?”
“iyo,ayok
saiki ae!”
“iyo”
Akhire aku diterne mantuk,ning dalan Andre omong
jare kesel,pengen ndang leren.dek e omong jare arep mapak aku pas arep budal
perpisahan sekolah,aku Cuma jawab iyo.Sak tekane ning omahku dek e pamit lan
ngucapake sampai ketemu sesok lan nglambaikake tangane karo mesem.Terus aku
mlebu omah,Ning omah aku gak iso turu,perasaanku rasane aneh lan gak menak.Aku
njajal telpon andre nanging gak enek sinyal.akhir e aku turu.Aku nglilir lan
buka hp,aku kaget oleh kabar Andre meninggal mergo kecelakaan pas arep mantuk
ning omah e.Awale aku gak percoyo karo kabeh kui,nanging aku terus ditelpon
mbake langsung ngabari yen Andre wis meninggal.
Kadadean kui mau sing tak iling teko saiki,aku
sempet gak iso nerima kabeh kedadean iku nanging pye maneh,kabeh mau wis
takdir.Tentang aku,kowe lan kenangan sing gak bakal iso tak lalekake.Saiki aku
mbur bisa do’a supaya kowe tenang ning kana.Saiki aku wis gak iso bareng-bareng
terus karo kowe,nanging aku kudu tetep neruske cita-citaku lan nggawe wong
tuaku bangga.Matursuwun wis dadi pengisi cerito ning uripku,semoga kowe tenang
ning kono lan ditempatke ning surga-Nya,amin.Selamat Jalan Andre Wisnu
Kurniawan,aku ikhlas ngeculke awakmu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar