KEMBANG TURU LAN TRESNA
Dening
Syafaa Diviella A.V
Suruping
donya wis ganti dadi esuk, suara kicau manuk ning dhuwur, wit cedhak omah, nangiake wong wadon
sing turu ing kasur putih. Kamare ora rapi nanging bisa
gawe penak sing duwe. Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing
membengi bar dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas. Sepasang sandal sing
ana ing ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut pinuju kamar mandi sing
cedhak karo ambene. Dheweke banjur adus, ora lali nganggo sabun lan shampo.
Sakwise
adus banjur metu seko kamar mandi lan nganggo seragam putih abu-abu sing anyar
ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku pinuju kaca sing ana ing cedhak
rak-rakane. Nyisiri rambute sing dawa, alus lan endah. Ora lali nganggo jepitan
pita warna abang saengga nambah gawe ayune. Mbak Inah sing gaweane ngrawat wong
kuwi dawuhi Nanda pinuju mangan ing meja makan.
Sakwise iku, Nanda wis nganggo
seragam rapi lan tas sing kebak karo
buku pelajaran musik. Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng. Nanda
banjur mangan lan langsung mangkat sekolah nganggo motor, Nanda nge-gas banter
banget pinuju sekolahe sing cedhak karo omahe. Pak Satpam ning arep gerbang
maringi aba-aba tanda gerbang wis arep ditutup. “Tunggu pak, gerbange mboten sah
ditutup rumiyin .Kula ajeng mlebu pak,Tulung bukakne pak......”suwun Nanda. “Kowe
ki rak siswa anyar ,mangkat sekolah kok awan ngene iki. Iki ki lagi sepisanan
mangkat sekolah,eh kok telat..piye nek dina sateruse.” tutur pak satpam. Nanda
meneng nggolek akal supaya bisa mlebu, Nanda gawe rupa melas kaya wong telung
dina ora mangan. Ngrasa mesakake pak satpam banjur mbukake gerbange. “Awas yo, nek
sesuk telat maneh! Ora arep tak bukake gerbange…!” pak satpam nggrundel. Nanda
langsung markirke motor trus mlebu kelase sing anyar.
Kelase
apik lan mewah kanggo sekolah seni. Ruang kelase jembar serta akeh benda –benda sing bisa gawe suara
merdu kayata piano,drum,gitar listrik,gitar akustik, terompet, harmonica, biola
lan sapanunggalane. Temboke dikeki ukiran gambar – gambar tembang. Pokoke kabeh
serba tembang. “Apa bener kowe sing jenenge Sysna Setya Prananda?” takon bu
guru. Nanda nanggepi ulas-ulas “ Ee…enggih bu.....Kula Sysna Setya Prananda. Bu
guru saged nimbali kula Nanda mawon.”
Kahanan opo iki, Nanda ora reti. Nanda mung bisa mikir lan nebak –nebak wae. Manapa
kok bu guru iso nakoni kaya ngono. Apa amargi Nanda suwi mlebu kelase apa
amargi ora nggedok lawange.
Lamunane rampung sakwise bocah wadon ayu ning ngarepe ngayonke
tangane ning arep rupane.”Hey..Nanda…kowe ki ngapa ?? Apa kowe lagi lara??
Ngapa kok rupamu koyo wong sing lagi ndelok hantu gentayangan..?” Dinda dadi
kaget krungu ana hantu gentayangan “Haaaaa?? Apaa??? Hantu ??? Hantu endi
hantune ??? Simbahku bisa ngusir hantu lho ..? ben tak celuke simbahku supaya
hantune ditangkep.” Kabeh meneng pada bingung siji-siji. Sakwise kuwi kelas
sing maune tenang dadi rame “Hhaahaa… Nanda Dinda..kowe ki ngomong apa ta ??
hantu ?? Jelas-jelas hantune ki kowe.. kok malah takon , kowe ora reti ta? Kowe
ki kaya hantu. Rambutmu dawa, ireng, kulitmu putih kaya susu, ditambah bunderan
ireng nang matamu. Coba kowe madhep mburi, mesti ana bolongane ..,hahaha.” omong
salah siji murid lanange. Nanda nutupi matane, dheweke isin amargi
bunderan ireng nang matane kuwi disebabake kurang turu. Nanda kelingan membengi turu jam siji mbengi amarga kesenengan
gawe aransemen lagu .
Bu
guru nakoni Nanda “ Membengi kowe turu
jam pira Nanda?? Kowe ora kelingan nek
dina iki dina sepisanan mangkat sekolah ta ?” Nanda sing isih isin mbukak tangane
sing nutupi rupa ayune. “Kula nyuwun
pangapunten bu..!!” Nanda nyuwun ngapura. Bu guru maklumi wangsulane Nanda trus
neruske pelajaran kepisan mau sing sempet mandhek. ”Yowis..anak-anaku, sak iki
bu guru pengin reti bakat kepisan kowe kabeh, mbuh kuwi nari, nyanyi, mainke
alat musik terserah kowe, sing penting
maju nang ngarep.”
Siswa
pada maju nang ngarep nunjukake bakat sing diduweni. Bocah lanang kang
perawakane dhuwur, rambut ireng, ganteng
maju nang ngarep. Slirane banjur
nari, Tangane tengen lan kiwa cakap
madukake karo tembang rep ring ding dong ring ding dong. Tangane kaya sayap
garuda sing mabur ing angkasa. Sikile kaya robot modifikasi sing wis canggih,
ing pungkasan, tariane sempurna banget. Suara keplokan saka siswa laine
nggelegar, mak dheg rasane ning ati Dinda nalika wong lang kuwi mau mlaku
pinuju ing ngarepe lan nepuk pundake
sing cilik. “Saiki giliranmu,..moga
sukses anggonmu maju.” Batine Nanda rada
geter kaya wong kang lagi ketaman asmara. Nanda banjur maju ning ngarep lan
mulai aksine sing luar biasa. Suara piano kang merdu endah, alus, lan tentrem. Kabeh siswa pada larut karo suara merdune.
Ana
lagu ning kalbuku,
Kuwi
lagu sing nggawe aku tentrem,
Meneh
lan meneh,
Aku
nduwe angen,
Angenku
ora bakal mandhek nang kene,
Aku
percaya karo mimpiku,
Aku
mung wong wadon sing duwe mimpi,
Aku
percaya karo mimpiku,
Swara keplok
lan suraking kanca-kanca mbata rubuh. Para siswa saka kelas liya pada melu
ndelok lan keplok-keplok. Ana wong wadon ayu ndelok Nanda akeh sing iri. “Aku..ora
bakal kalah karo kowe, kowe mung itik kang elek rupa sing mung sepisan
untung,..namung aku pada kaya itik kang endah sing mbendina untung.” Ajeng
ninggalke kelas iku.
~~nang kantin sekolah~~
“Wahh…penampilanmu
apik banget nda, suaramu merdu lan alus bisa gawe tentrem nang atiku…”omong
Bela. ”Luar biasa, bakatmu luar biasa nda, tanganmu trampil mencet grand piano
kuwi.” tambah wong lanang keriting iku. Kamangka, Bela lan Fajar duwe bakat sing pada luar biasane. Bela sing
duwe awak apik bisa nari lan Fajar sing setya karo gitare sing digawa nang
ngendi-ngendi.
~~6 wulan sakwise ~~
Nanda
terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni. Bocah iku
ngrasa ora puas karo kemampuane. Angene nerusake sekolah ing luar negeri yaiku
Universitas Seni London gedhe banget. Nalika dina kang untung Nanda entuk
pengumuman saka Ibu guru “Anak-anaku, ibu arep ngumumake kanggo kepirang siswa. Ibu pengin ngucapake
selamat kanggo kowe kabeh,moga kowe kabeh bisa sukses..” Suasana dadi rame lan
kabeh siswa dadi penasaran “menapa
pengumumanipun ibu guru? Mboten sah gawe kita penasaran.” Sakwise suasana
tenang ibu guru nerusake pituture mau. “ Nanda, Bela, Ajeng, Fajar lan Yoga entuk
beasiswa sekolah ning Universitas Seni London tanpa biaya, kowe yo podo entuk
pesangon saka pemerintah. Sak wulan mengkas kowe podo arep Ujian Akhir, ibu
guru ngarep kowe bisa nampilke sing terbaik nang ngarep juri.” Kabeh kaget,sing
utama kelima wong mau. Nanda kaget, akhire angenne bisa kelakon. Mak plong
rasane kaya entuk dalan nggayuh angene saksuwene iki.
Dina arep
ujian akhir samsaya cedhak, Nanda sinau kanggo ujian, dheweke ora gelem gawe
kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane. Nanda wis duwe lagu sing dikarang dhewe
kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi
panitia.Juri-juri wus pada manggon nang kursine dhewe-dhewe. Siswa-siswi
gantian munggah panggung lan nampilke tampilan sing paling apik.Kabeh siswa ora
reti sing ditampilke apik opo ora, sing penting wis usaha nampilke sing paling
apik.
Saiki
gilirane Nanda, dheweke ngrasa gugup. Aneh, padahal biasane ora ngrasa gugup
kang gedhe banget kaya ngene.Wong saka mburi nepuk pundak Nanda ”Kowe mesthi
bisa Nanda, kowe kan wis latihan keras nganthi saiki ta? Ngapa mesthi wedi apik apa ora lakonke sing
terbaik SEMANGAT.Oke?” Yoga mbagekake grapyak. Nanda mesem lan ngangguk “oke,,
nuwun ya Ndo,penampilanmu mau apik banget lho,aku seneng karo tarianmu “ Rando
sing ana ing ngarepe mung bisa ngguyu “Hahhaa..ngapa mung seneng karo tarianku,
lha nek karo aku seneng ora.... hahaha.”
Nannda kaget. Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah panggung.
“Nang
donya iki, mimpi dadi wong bodho iku ora ana. Aku persembahke lagu iki kanggo
wong tuwaku, guru-guruku lan wong sing lagi wae maringi aku semangat.” Nanda
langsung nyanyi. Swara gitar sing dipetik dinda kaya lagu nang surga kang bisa
damai lan tentremake ati kang lagi gundah. Kabeh terpesona, kalebu juri kang
ana ing ngarep. Sakwise kuwi, acarane rampung.
Akhire
dina keberangkatan pinuju London wis cumepak. Nang pesawat wong wadon nyedhaki
Nanda. Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe Nanda sethitik ora nyaman.
“Kowe mesthi ngrasa seneng ta? Saiki kowe bisa seneng dikek. Segedhe apa
usahamu, kowe bakal kalah saka aku.” Nanda kaget lan mesem sethitik dipeksa.
“Aku
….akuu ora
bakal kalah saka kowe.” Ajeng karo meseme sing sinis mangsuli. “Lakonke sing terbaik,kawan..” Meneh
lan meneh, Nanda digawe kaget karo wanita iku. Sikap lan tindak –tanduke sing
saksuwene iki ditunjuke mung dinggo gawe aku terpacu bisa menang. Ajeng banjur
lunga ninggalke Nanda sing isih kaget.
Sakwise
penerbangan puluhan jam, akhire tiba nang London. Nanda mlaku nang antara
wong-wong kan lalu lalang nang bandara, Yoga saka mburi ngampiri Nanda sing
kabotan gawa kopere. Yoga mbantu nggawakake koper gedhe iku. “Piye…? Perjalanane,
nyenengake ta?” Yoga takon. “Suwun ya
ga.” wangsulane Nanda kang swarane nganggo nada rendah saengga Yoga ora bisa
krungu swarane. “Suwun wis dadi inspirasiku sak suwene iki.” Nanda neruske
omongane. Wong loro kuwi mung pada ngguyu lan ngrasake isin pinuju bis kang
nganter ning penginapan.
Kembang turu, Tresna, krasa
bahagia umpama nduwe rasa iku. Usaha, kerja keras lan donga kang dadi utama
Nanda bisa nggayuh impene.Nanda reti, perjalanane ora mung mandhek ketok kene. Dheweke
pengen sinau, lan nggolek pangerten apa kang sebelume ora diretini.Nanda wani
duwe pangangen-angen,lan pangangen-angen kuwilah kang bisa nganterke dheweke
ketok kene.
6
wulan sakwise, Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di
duweni.Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane. Dina arep ujian akhir samsaya
cedhak,Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan
kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang dhewe kanggo tampil sesuk nang
ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia.Juri-juri wus pada manggon nang
kursine dhewe-dhewe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar