Ojo Jatuh Cinta nanging Bangun Cinta
Dening Widia Devita Anggraini
Jenengku Vita aku salah siji siswi ning Universitas Sebelas Maret lan Gyeta yaiku Tunanganku saiki. Bersyukur aku nduwe Tuangan kaya dheweke, mbasi dheweke sibuk karo pekerjaane lan organisasine ning dheweke ora tau nglalekne aku. Aku isih iling wektu dheweke mbelani aku saka Yudhis mantan pacarku ning SMK.
Wektu SMK kelas 10, aku ngrasakne tresna marang Yudhis. Gak di sanggka Yudis yo ngrasakne apa sing tak rasa. Pas balek sekolah Yudhis nyegat aku ning ngarep gerbang lan ngajak aku ning Pendopo Wedya Graha. Ning kono Yudhis ngungkapke perasaane ning aku.
"Vit, gelem ora kowe dadi pacarku ?"
"Hah ? Apa ?"
"Jujur Vit, aku nyimpen rasa tresna marang kowe wiwit SMP. Awakmu gelem ora dadi pacarku ?" Yudhis mbaleni pithakone karo ngekeki kembang lan coklat
"Iya. Aku gelem" jawabku karo mesem amba
Sawise Yudhis nembak aku, dheweke ngajak mangan mie ayam ning gene Bang Ali. Aku dibonceng dheweke, atiku rasa ne dag dig dug, tibak e iki to rasane jatuh cinta batinku ning ati. Saben perjalanan aku mesem amarga seneng banget. Sawise teka, Yudhis langsung pesen mie ayam karo es jeruk loro. Lagi enak-enak mangan, enek cah wedok ngampiri Yudhis.
"Yudhis" sapane cah wedok kuwi marang Yudhis
"Dinda, awakmu karo sopo ning kene ?" jawabe Yudhis marang kanca wedok'e
"Karo koncoku Dara. Lha cah wedok kuwi sapa ?" Pithakone Dinda karo nyawang aku
"Iki Vita pacarku, sing tau tak critakne ning kowe kae" Yudhis ngenalke Aku ning Dinda
"Oalah iki ow sing jenenge Vita. Kenalke aku Dinda sahabat e Yudhis wiwit cilik" Dinda ngenalke awake ning aku lan ngajak salaman aku
"Iya, aku Vita" jawabku karo salaman mbi wonge karo mesem
"Yud, ojo lali PJ ne. Nak gak PJ gak langgeng lo ngko"
"Ya, ndang pesen ngko tak bayari"
"Oke, suwun Yudhis" Dinda meluk Yudhis
"Iya santai ae" jawab Yudhis karo nyubit pipine Dinda
Atiku mak kratak ngerti tingkahe Yudhis karo Dinda. Sawise mangan mie ayam Yudhis ngajak aku dolan, tapi emoh amarga wis sore lan aku durung pamitan mbi Ibuk iku alasane sing tak omongke ng Yudhis. Tapi alasan utamane aku nolak gara-gara aku isih cemburu ning Dinda. Yudhis akhire ngerte aku bali.
"Matur suwun ya Yudh, wes ngeterke aku bali"
" Gak usah ngomong ngono. Iki wis dadi kewajibanku nganter lan njemput kowe"
"Halah... gombal" jawabku arem esem sumringah
"Yowes, aku tak langsung bali ya. Salam kanggo calon maratua"
"Langgek pacaran durung enek sedina wis nyeluk Bapak lan ibuku maratua"
"Hehehe... yo gak apa ta"
"Yowis, ndang bali. Ngati-ngati ya"
"Iya. Assalamualaikum sayang"
"Waalaikumsalam"
Bar sholat magrib, Aku ngerjakne PR ning kamar. Tiba-tiba Bapak lan Ibuk nyeluk aku. Aku langsung metu saka kamar nemoni Bapak lan Ibuk ning ruang tamu.
"Wonten napa Pak.. Buk ?"
"Lungguh a kene sik nduk. Ana sing pengen Bapak takokne ning kowe ?"
"Inggih Pak"
"Nduk, pas Bapak ning sawah, Bapak ngerti kowe bali digonceng karo cah lanang. Cah lanang kuwi sapa Nduk ?" Pithakone Bapak karo wajah nahan emosi
"Anu pak... Niku rencang kula. Asmanipun Yudhis" Jawabku karo gugup lan wedi
"Nduk, ibu momong kowe wiwit cilik. Ibu ngerti sifatmu. Jawab a sing jujur nduk. Ibu lan Bapak gak bakal nesu"
"Inggih buk, Vita niki jujur. Yudhis niku rencange Vita wiwit SMP, nanging saniki Yudhis lan Vita pacaran." Jawabku nundhuk amarga mrasa bersalah
"Ealah... Nduk-Nduk. Kowe iki isih cilik durung sepatute kowe ngonowi. Tugas mu saiki sing paling penting yaiku sinau supaya cita-citamu iso terwujud" Ucapane bapak karo nesu lan ngelus dada ne.
"Iya, Nduk. Bener sing diomongke Bapakmu kuwi. Bukane kowe wis ngerti yen Pacaran iku dilarang ning agama, amarga akeh mudharate. Akeh alane ketimbang becike. Pacaran iku iso nimbulke Zina Nduk"
"Lha pripun Pak.. Buk ?, Vita niki tresna sanget kalihan Yudhis"
"Nduk, rejeki, jodoh lan kematian iku wis diatur karo Gusti Allah. Mbesuk nak wektune wis tepat, kowe bakal ketemu jodohmu. Dadi gausah Khuwatir."
"Inggih pak" jawabku karo nahan tangis
"Vit, Bapak lan Ibu tresna karo kowe. Piweling iku kanggo awakmu ben kowe ora salah dalan. Bapak lan ibu harapane mung siji, kowe bisa dadi anak sing sholehah sing luwih apik saka Bapak lan ibumu iki." Piwelinge Bapak kanggo aku banjur Bapak meluk awak ku.
"Inggih Pak.. Buk. Vita nyuwun pangapura nggih"
"Yowes ndang dilanjutne sinau ne."
"Inggih. Bapak lan Ibuk Vita pamit sinau riyen"
"Iya Nduk"
Sawise entuk piweling saka Bapak lan Ibuk. Aku dadi gak iso konsentrasi sinau. Pikaranku tekan ndi-ndi. Sirahku dadi mumet. Sawise ngerjakne PR aku langsung gletakne awak ning kasur banjur mikir jalan keluare. Gak disangka aku langsung keturon. Jam setengah papat isuk aku nglilir, arep nglanjuke turu maneh tapi gak iso. Aku langsung ning jeding , wudhu kanggo Sholat Tahajud. Aku ndungo supaya Gusti Allah maringi dalan kanggo masalah ku iki.
Jam 6 isuk aku sarapan bareng karo Bapak lan Ibuk. Bapak ngomong gak iso ngeterke aku tekan sekolah, amarga bapak enek urusan ning sawah. Aku nunut Bapak tekan Prapatan Klitik terus numpak angkot tekan sekolah. Wis enek setengah jam aku ngenteni angkot gak ndang teko-teko. Untunge enek Kang Gyeta sing ngampiri aku lan nawari boncengan.
"Vit, awakmu nyapo ning kene ?"
"Kang Gyeta, anu kang nyegat angkot"
"Tumben numpak angkot, lha Bapakmu ning ndi ?"
"Bapak ana urusan ning sawah Kang"
"Oalah, yowes ayok bareng aku, tak bonceng tekan sekolahmu."
"Gak usah Kang, mengko kang Gyeta telat. Soale kan sekolahku jik ngalor, nglewati sekolahe Kang Gyeta. Mosok Kang Gyeta bolak-balik"
"Yowes nak emoh. Tak tinggal ya Vit"
"Inggih Kang"
Srengenge matahari wis saya panas. Aku ndelok jam, gak disangka wis jam 7 kurang 15. Aku akhire nyesel nolak tawarane Kang Gyeta. Sakjane alasanku nolak ogak gara-gara kuwi tapi aku wedi ngko nak Yudhis ngerti lan wonge nesu ning aku. Saka kadohan aku ngerti cah lanang numpak motor tril. Alhamdulillah enek Yudhis. Aku langsung ngawe-ngawe ning pinggir dalan. Supaya Yudhis mandek lan nggonceng aku. Percuma aku ngawe-ngawe, Yudhis bablas lan malah nggonceng cah wedok liya. Atiku langsung lara. Tiba-tiba mbrebes luh ku. Tegane Yudhis ninggal aku, batinku.
Pas tak pikir-pikir cah wedok sing digonceng Yudhis aku kayak kenal. Tapi aku lali sapa kuwi. Aku pasrah nak telat budal sekolah. Aku ngrasa nak dino iki aku sial banget. Saka jembatan ana cah lanang numpak motor banter lan menggok. Gak disangka Kang Gyeta bali maneh ngampiri aku.
"Lho Kang, ngapa bali maneh ?"
"Percuma Vit, we ngenteni angkot. Kabeh sopir angkot pada demo ning kantor bupati"
"Kang Gyeta, ngerti saka ngendi ?"
"Saka kancaku. Terus aku langsung jupuk motor ngampiri kowe neh"
"Ealah.. lha terus pye no Kang ?"
"Yowes ndang numpak tak terne tekan sekolahmu"
"Iya Kang, iya. Matur suwun ya kang"
"Iya"
Saben perjalan aku nglamun amarga isih kepikiran Yudhis karo cah wedok mau. Aku penasaran karo cah wedok kuwi. Rupane cah wedok kuwi gak asing, aku kayak tau ngerti. Tiba-tiba Kang Gyeta ngerem ndadak pas tekan ngarep gerbang sekolahku. Pas kuwi aku gak gocekan dadi helm ku natap helm Kang Gyeta. Gara-gara ketatap kuwi, akhire aku iling nak cah wedok kuwi iku Dinda sahabate Yudhis.
"Matur suwun ya Kang. Iki kang" Aku ngekeki duwit kanggo bayari bensine Kang Gyeta
"Apa kuwi ?"
"Iki duwit kang, nggo tuku bensi"
"Ora usah Vit. Aku dudu tukang ojek. Aku ikhlas."
"Gak papa Kang. Aku yo Ikhlas."
"Mending duwite go sangu utawa mok tabung oke"
"Yowes, nak Kang Gyeta gak gelem"
"Aku pamit sek ya Vit. Wis telat iki"
"Iyo Kang." Aku ngajak salim Kang Gyeta
"Salim Kang ?"
"Oalah, tak kiro njaluk sangu. Iyo. Sinau sing tenanan" Kang Gyeta mbales salim ku.
"Siap Kang"
Pas balek sekolah, aku mlaku bareng kancaku. Ning ngarep gerbang wis ana Kang Gyeta njemput aku. Aku langsung dibonceng Kang Gyera. Pas ning tengah dalan aku ngerti Yudhis njemput Dinda ning ngarep sekolah e Dinda. Aku langsung nyuruh Kang Gyeta mandhek. Terus aku nyuruh Mas Gyeta mbuntuti Yudhis karo Dinda. Pas ning dalan, atiku panas ngerti polahe Yudhis karo Dinda. Gak disangka Cah loro kuwi mara ning Waduk Pondhok. Aku karo Kang Gyeta ndelik ng guri wit karo ngamati Cah loro kuwi.
"Dinda, coba kowe mesem".
"Emange ngapa nak aku mesem ?"
"Nak kowe mesem kowe luwih ayu"
"Yudhis" Aku langsung marani Yudhis karo nesu
"Vita ?" Yudhis kaget ngerti aku
"Yowes ya Yudh, enek Vita ning kene" Dinda ninggalne Aku karo Yudhis
"Din.. Dinda, enteni sek Din" Yudhis nututi Dinda sing mlaku
"Yudhis" Aku nyekel tangane Yudhis supaya Yudhis ogak ninggalke aku
"Ngapa sih Vit ?" Yudhis ngecolke tangane lan mbentak aku
"Yudhis, ngapa kowe ngejar-ngejar Dinda ?, Yudhis.. Yudhis"
"Ana apa maneh sih ?"
"Wis Vit... Wis"
"Sepurane Yudh..Aku nyuwun ngapura" aku nangis
"Kowe ojo nangis lan ngrungongke aku ya"
"Saka awal awake dewe pacaran, aku paling gak seneng karo cah wedok sing cemburuan lan posesif. Nak kowe ngeneki terus mending awake dewe putus"
"Yudh.. Yudhis"
"Wis gak usah ngejar aku neh" Yudhis mlaku ninggalke aku
"Yud... Yudhis" Aku nangis
Karo nahan tangis, aku mlaku ngampiri Kang Gyeta sing tak kon ngenteni ng warung pinggir dalan. Percuma aku nahan tangis, Kang Gyeta ngerti nak lagi bar nangis.
"Ayo, Kang Bali"
"Urusanmu uwis bar tho ?"
"Sampun Kang"
"Sek.. sek, kowe bar nangis tho, Ngapa kok nangis ? Crita a ning aku"
"Yudhis Kang, aku ngke mergoki wonge selingkuh karo sahabate Dinda"
"Yudhis i sapa ? pacarmu ?"
"Iya Kang."
"Wis aja nangis neh. Gak enek gunane nangisi cah lanang sing kurang ajar kuwi"
"Iya Kang, tapi atiku lara banget Kang"
"Yo iku akibate nak entok cah lanang amarga jatuh cinta mesti lara soale jatuh. Njajal golek cah lanang iku sing iso bangun tresna mesti kowe seneng"
"Cah lanang sing bangun tresna iku sing pye Kang ?"
"Cah lanang sing iso ngikat janji suci, sing berusaha supaya kowe dadi cah wedok sing paling seneng, Cah lanang sing bakal nggowo kowe bareng-bareng ning syurgane Gusti Allah"
"Subhanaallah. Cah wedoke mesti beruntung banget Kang nak entuk cah lanang ngonowi"
"Yowes ayo bali. Wes sore iki, ngko we digoleki Bapakmu"
"Iya kang"
Sawise kejadian kuwi, aku kapok lan gak pengen ngrasakne sing jenenge jatuh cinta. Aku fokus sianu kanggo ngejar cita-citaku. Lulus saka SMK, aku nglanjutke pendidikan ku ning Universitas Sebelas Maret, Surakarta jurusan Bisnis Manajemen. Kurang 2 sasi ngkas Aku bakal wisuda. Sesasi sakdurunge wisuda, aku bali ning Ngawi kanggo liburan amarga kangen karo Bapak lan Ibu. Kebetulan pas sasi kuwi Kang Gyeta bali saka Malaysia amarga wis ngrampungi S2 ne ning Jurusan Hukum. Saiki Kang Gyeta dadi Konsulatn Hukum lan motivator terkenal terutama ning daerah Surakarta.
Sawise teka omah. Bapak lan Ibu wis siap-siap kango nyambut aku. Gak disangka ning kana ya wis ana Kang Gyeta. Wis suwi gak ketemu, aku lan Kang Gyeta akeh crita pengalaman pas kuliah. Suwi crita, tiba-tiba Kang Gyeta ngajak mangan ning Rumah Makan Ayam Panggang, Gandu mengko bengi. Aku gelem diajak Kang Gyeta.
Jam 7 bengi, sawise sholat isya. Kang Gyeta ngampiri aku ning omah, aku dibonceng Kang Gyeta. Wektu Kang Gyeta teko Bapak lan ibu ora ana ning omah. Akhire aku lan Kang Gyeta teka ning rumah makan.
" Vita.kowe tutup mata deh !"
" kanggo apa kang ?"
"Uwis aja bawel, tutup mata ae" karo naleni slayer sing tak enggo.
"Uwis, buka slayer e" kondhone
" Wah!! Apik banget. Matur suwun Kang" ucapku karo mesem amba
"Ettss... durung buyar." Karo nepuk tangane
"Lho Ibuk ? Bapak ? Om Agus ? Bulik Rina ? niki wonten acara napa sih ?" takon ku karo bingung.
"Apa kowe gelem rabi karo aku Vita ?" tembung kuwi diucapake saka cowok sing sajroning iki wis tak anggep kakang ku dewe.
"iki pangarahe apa sih ? aku isih gak paham ?" takon ku marang kabeh wong sing ning kono
Sesosok wedok separuh baya kuwi nyedhaki aku lan celathu
"Gyeta kuwi arep nglamar kowe yen kowe lulus wulan april sesuk"
"Sawise lamaran kowe terus rabi" kandha Om Agus karo gumuyu amba
"Dadi kowe gelem ora ?" Takon kang Gyeta karo esem becik
"Aku gelem kok, Kang" jawabku karo ngesem amba
Lan kuwi yaiku akhir saka crita trisnaku sing kawiwitan ning SMK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar