Follow Us @soratemplates

Senin, 01 Oktober 2018

CERKAK 23 ^_^


KATRESNAN MARANG KANCAN
Dening : Tiara Kusumasari / 23

Wengi naburake lintang, alase  genteng,selimute langit lan karo bantal tangan nyilang,Aku ngarasakake kahanan bengi iki. Aku ora dhewe amarga kucing kedemenanku sing nduwe jeneng Buddy sanuli ana ing sampingku.Ora mung pas dewenan ,aku uga kerep nyurahake isi atiku liwat Buddy.Omongan karo Buddy  luwih nyenengake atiku.
             Lintang, dumadakan ana lintang tiba. Lintang kuwi ngelingna aku nang kisah asihku wektu iku. Pas aku isih polos lan lugu. Wektu pisan pinge Aku kudu ngorbanake atiku kanggo sahabatku,Bagas. Lintang kuwi saolah dadi magnet sing nggeret aku lan pikiranku kanggo ngenang masa kuwi.

             “Laras!!Laras!!”,ana sing nyeluk Aku.Suara kuwi ora asing meneh kanggoku. Tangan kuwi bali nepuk pundhakku ping telu.Bagas,kancaku sing saben dina nglakoke perihal sing podo, nyeluk jeneng nuli nepuk pundhak ping telu.Bagas yaiku sawong lanang sing sempurna banget ning sawanganku. Dolanan piranti musik,nyanyi lan mrada yaiku keahlianne. Akeh prawan sing dhemen deweke  neng sekolah. Tapi,durung ana sawong prawan sing isa mikat ati Bagas.Mungkin amarga bagas yaiku lanang sing pameneng.

“Eh Bagas tumben ora telat”,karo guyu yindir aku balas Bagas.
“Hehehe, iya ki soale neng dalan oleh tumpangan”. Jawab Bagas karo ngelap kringete.
Aku karo Bagas mlaku nglewati saben ruangan tanpa merhatikake sekedikpun. Ora suwe akhire awake dewe teka neng ruangan kelas.
“Ras, minggu ngarep ana peresmian masjid sekolahe awake dewe tho?”.Bagas takon.
“Ngerti saka ngendi kowe?”, balesku.
“Mading,Ras. Aku mau delok neng mading.Ora percaya? deloken dewe”, jawab Bagas karo nunjuk neng arah mading.
Aku mlaku kanggo mbuktekne kebeneran saka ucapane Bagas.Ternyata kabeh ucapan Bagas bener apane.Detik demi detik nuli, dina demi dina ganti. Ora krasa dina peresmian masjid dilakokake teko. Bangga lan seneng kuwi sing aku lan kanca kancaku rasane.Bangga amarga diresmikne langsung Bapak Bupati lan Bapak wakil Bupati. Kentale kebarengan nggawe haru muncul neng atiku.Namung rasane kabeh kuwi gothang ,kaya ana sing kurang saka acara ini. Apa ya?Hah Bagas,wiwit acara iki aku ora ndeleng Bagas sedetikpun. Tak langkahne sikil dak kanggo nggoleki Bagas.

         



“Neng ngendi lanang pameneng kuwi ya?, omongku jero ati.
            “Bagas,Bagas oleh gak awake dhewe foto bareng?”,krungu swara kakang kelas sing ora asing kanggoku.
            “Oh, oleh mbak”,Bagas njawab.
            Jebule Bagas lagi nglegena foto karo Mbak Putri. Mbak Putri yaiku kakang kelasku sing populer banget neng sekolah dak amarga ayune lan pintere kajaba kuwi, dheweke uga becik lan grapyak marang kabeh orang. Tak sawang dekne kabeh saka adoh amarga aku ora pengen mekewuhi kasenengane Bagas. Sakwise suwe nuggu, akhire Bagas nglambaike tangan marang Aku lan arep ngampiri Aku. Salangkah ngener marangku.

“Eh Bagas! oleh njaluk foto pisan meneh gak?”.dumudakan mbak Putri nggeret jangkahe bali.
Kahanane dumudakan malih.Suhu neng kene iki krasa tambah panas kanggoku. Acara peresmiaan masjid wis rampung.Gerbang dadi panggon paling akhir temonku karo Bagas wektu iku. Satibane neng omah,cepet cepet aku nuju kamar. Buddy wis nyambut Aku neng ngarep pintu. Pas dolanan karo Buddy, bayangan Bagas lan Kak Putri mekewuhi pikiranku. Tak putusne kanggo turu neng paturon karo mikirke kecedhakan mbak Putri lan Bagas.

“Kak Putri ngonfirmasi kancanku neng facebook ,kahanan sing becik banget tho? hehehe..”
Pesen singkat saka Bagas gawe jantungku dekdekan, suhu neng kamarku ningkat,raiku ngabang lan pikiranku goyah. dak geleng gelengkan endhasku lan ku atur kahanan kanggo bali kaya semula.
            Esuk kuwi aku krungu cerito kecedhakan Bagas karo mbak Putri. Kahanan sing dakalami wektu krungu kecedhakan Bagas lan Kak Putri isih tetap padha lan nganti wektu iki aku ngalami hal sing kaya ngono. Wektu  ngupadi ngerti,bel leren muni. Aku linggih nyandar neng teras lan mataku saolah goleki. Goleki wong sing nduwe jeneng Putri. Akhire wong sing dakgolek metu saka kelas lan linggih neng teras bareng karo kancane.
“Laras..” Bagas nepuk pundhakku lan linggih neng sampingku
            “Bagas,kowe gawe aku kaget. Ana apa?” aku ndeleng Bagas.
            “Mengko bengi rencanane aku arep teka menyang omahmu , oleh gak?
           “Ya.mesti wae oleh,kebetulan ora ana tugas kanggo sesuk esok”.Aku njawab karo semangat.
           “Yen ngono aku neng omahmu jam 20.00 ya?”.Takon Bagas.
           “Oke”,njawabku karo semangat.
 Jam 20.00 Bagas akhire teko. Genteng omah,iku dadi temone awake dewe  neng omahku.





“Ras, kayane aku anyak ndhemeni mbak Putri ,menurutmu kepriye? Apa mbak Putri  gelem nampa pangrasaku?”, Bagas nganyak perbincangan sing kurang nyenengna pangrasaku.
            “Apa sing unik saka mbak Putri?”, aku nyoba kanggo ngendhalekne kahanan.
           “Aku ya gak ngerti tapi meseme nggawe aku tenang lan pandangane nggawe aku tentrem. Kejaba kuwi,dheweke uga prawan sing ayu saka sawanganku hehehe..”
krungu hal kuwi atiku krasa lara lan jantungku dekdekan.
           “Laras, delok ana lintang tiba, yo gawe panjaluk”, Bagas cepet nutup matane.
           “Aku ngarep-arep Aku ora bakal lara karo pangrasa sing dak nduwe lan mbak Purti bisa rumangsakne hal sing podo koyo apa sing dakrasakne”. Bagas ngantekne kepengenane lan aku mung meneng nyasikne kabeh kuwi.
           “Plak!”, Buddy nyenggol gitar kesayanganku. Dak usap raiku lan ngelingna awakku saka lamunan dawa sing nggawe aku ngenang bali kisah asihku wektu kuwi. sawektu pas aku ndeleng menyang jendela kamarku, tiba tiba ana lintang tiba.

       “Dak harap wadi atiku ora arep natoni atiku meneh. Aku ngarep sahabatku  tetap seneng bareng prawan sing wayah kuwi dadi kanggonan saka wadi atiku”.

         Kekarepanku dadi penutup bengi ini. Kekarepanku kuwi bakal dadi pambukak esukku esok. Angger wong sing dakdemeni seneng, Aku uga seneng. Dakkarep lembaran anyar karo tinta luwih becik jero wadi atiku bisa marekake tatu neng atiku.














Tidak ada komentar:

Posting Komentar