CERKAK 28 ^_^
KAGUM DADI CILOKO
Dening
: Vony Septiana Ekasari / 28
Ing sekolah SMA Pelita Jaya ing
Bandung ana loro murid seng sak ben dino bebarengan terus. Wong loro kui
diwenehi julukan si kembar, amargo neng endi-endi wong loro kui mesti bareng,
ing kelas, kantin, taman, lapangan, parkiran mesti bareng-bareng. Ora sengaja
wong loro kui sak kelas soko kelas siji nganti iki kelas loro lan sak bangku
yaiku kelas loro IPA siji. Wong loro kui
Aleta lan Dinda. Aleta wonge kui manis, polos, grapyak. Dene Dinda kui wonge
ayu, pinter, grapyak, lan gak pilih-pilih kanca.
Ing
kelas jam istirahat
“eh
Din, menurutmu Reno ki wonge piye?” takon Aleta
“Hm…
Menirutku wonge pinter, tegas, grapyak, gak pilih-pilih konco, emang nyapo? We
seneng Reno to?” omong Dinda karo nunjuk
Aleta
“Hm..
yo piye ya… lha wonge lo apikan, piye gak seneng.” Aleta karo cengar- cengir
“Nah
lo ngaku kan … cie-cie…” Dinda karo nunjuk Aleta cengar-cengir
“Yo
opo sih” Aleta korosalah tingkah
“Yo
ora opo opo sih , wonge yo apik kok” Dinda karo ngacungi jempol
Tet
tet tet bel masuk muni
Kabeh
kanca sak kelase Aleta melbu lan pada lungguh ing bangkune dewe-dewe pelajaran
di wiwiti. Aleta lungguh ing bangku guri dewe ke loro paling kiwo, dewekw
ngingeti Reno lungguh ing ngarep bangkune guru karo cengar-cengir dewe.
Sesoke
budal isuk amargo deweke males sarapan ning omah, wonge lungguh ning bangkune
karo nyonggo sirah e. Pirang- pirang menit bar kui Aleta kaget amargo Reno ning
ngarep e,Aleta bingung karo benong
“Aleta…?”
Sapa Reno ning Aleta
“I…Iyo”
jawab Aleta karo setengah gagap
“Kowe
kok dewe an lha Dinda neng ndi ?” takon Reno
“Wonge
durung teko” jawab Aleta
“Yowes
… ojo ngelamun ae.” Omong Reno
“Iya”
jawab Aleta
“We
ngko muleh karo sopo?” takon Reno
“Dewean”
langsung Aleta
“Gelem
gak muleh bareng aku?” Takon Reno
“gak
popo nak gak ngrepot ne” jawab Aleta
Dinda
lagi melbu kelas karo gowo tas e ing tangan ne, Dinda mlaku marani Aleta seng
lungguh ing bangkune langsung lungguh ing samping e.Dinda ngingeti Aleta
guya-guyu dewe.
“We
Setres o?” takon Dinda
“Dinda
aku seneng banget.” Bengok Aleta nganti kabeh ngingeti Aleta
“Aku
diajak muleh bareng karo Reno “ bisik Aleta
“Wih
.. selamat ya”omong Dinda
“Iya
aku seneng banget…” omong Aleta
Tet
tet tet (bel mueh sekolah muni)
Reno
ngenteni Aleta neng parkiran Sekolah, Aleta mlaku dewe moro neng parkiran
marani Rene seng ngadek cedak montoren.
Aleta numpak neng montor e Reno, Reno nglakon ne montor e metu soko sekolah
nangeng Reno ora langsung muleh ke Aleta, nanging malah neng taman kota. Reno
mudun ko montor e , disusul Aleta . Aleta bingong nyapo dek e dijak ing taman
kota.
“Nyapo
awak dewe neng kene? Takon Aleta
“Aku
pengen ngomong? Takon Reno balek karo ngajak Aleta lungguh ing bangku taman
“Iyo
takon opo?” takon Aleta
“Aleta..
we gelem gak dadi pacar ku?” tako Reno karo gocek tangan ne Aleta
“hm…
“ Aleta nganggukne sirah e
“Makasih..”
Reno langsung meluk Aleta
Seminggu
sak wes e Aleta karo Reno pacaran . Aleta karo Reno neng kantin mangan bareng ,
Reno pamit tuku baksolan ninggalne hpne neng meja . Aleta ndelok wallpaper hpne
Reno fotone Dinda.
Aleta
nesu lan ninggal ne kantin .Reno seng bingung golek i Aleta moro neng kelsa e,
tibak ne aleta ing bangkun ne karo nunduk ke sirah e, Rene marani Aleta, Aleta
nangis. Aleta langsung ngejak putus. Reno minta maaf garai selama iki Reno
nyedaki Aleta sebabe Reno pengen roh
kebiasaan ne Dinda. Iyo Reno seneng Dinda sahabat e Aleta.
Akhire
Aleta getun terlalu kagum karo Reno sampek nglalikne sekabehane. Sakwise putus
karo Reno, Aleta ora tau omongan karo Reno. Nanging, Aleta karo Dinda ijek
tetep konconan.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar