IKI DINO SIALKU
Dening : Sekar Amalia Putri
Saiki dino
Senin, Dio budal sekolah rodok isuk amarga upacarane mulai jam 06:45. Amarga
Dio tangine kawanen, Dio ora sempet sarapan. Banjur ibuke Dio nggawakne sarapan
Dio kanggo dimaem ning sekolahan. Dio budal sekolah jam 06:30 numpak sepeda
motor. Jebule ning perjalanan ning sekolah ana operasi ketertiban (tilangan).
Amarga gupuh, Dio malah tibo mergo mandheg ndadak. Dio langsung ditulungi
polisi lan wong sing eruh kedadeyan kuwi. Salah siji pak polisi nakoni Dio.
“Piye to le we wi kok iso tibo karepe dewe?”
Dio karo gupuh mangsuli pitakone pak
polisi, “Kula kaget pak amarga wonten tilangan”.
Pak polisi banjur nakoni maneh, “Lha
nyapo kok kaget? Opo kowe ora duwe surat lengkap?”
Dio mangsuli, “Kagungan pak. Kulo sampun
ndamel SIM lan wonten STNK”
Banjur pak polisi jaluk surat kendaraane supaya
mbuktikne yen Dio nduwe surat lengkap. Sakwise dicek, bener Dio nduwe surat
kendaraan lengkap. Banjur iku Dio nutukne numpak motor ning sekolahan. Tekan
sekolah, upacara wis dimulai. Dio akhire kepekso ngadheg melu upacara ning
njobo gerbang sekolahan. Sakwise upacara bar, Dio lagek oleh mlebu gerbang
sekolah lan langsung moro ning kelas.
Pelajaran dimulai. Pelajaran jam pertama yaiku
Sejarah, banjur IPA, lan terakhir Matematika. Dio paling ora seneng pelajaran
Matematika. Wes ora seneng, ditambah pelajarane ning jam terakhir. Jam terakhir
iku sekitar awan jam 11 sampek jam 1. Jam semono wayahe ngantuk-ngantuke.
Akhire pas pelajaran Matematika, Dio malah turu ning kelas. Mergo turu Dio ora
ngerti penjelasane gurune. Sakwise gurune njelaske, banjur nulis soal ning
papan tulis lan mengko diceluk salah siji kanggo nggarap ning ngarep.
“Dio Andra”
Dio
sing rumangsa jenenge diceluk langsung gelagapan tangi karo mangsuli, “Nggih
bu, punopo?”
“Iki soal ning
ngarep garapen”
Dio sing ora njowo opo-opo maju karo celingak-celinguk
kudu nggarap piye. Dio njajal nggarap soal sak isone. Jebule jawabane salah
amarga rumuse salah. Padahal ndek mau lagi bar dijelaske gurune rumuse kanggo
nggarap soal koyok kuwi. Amarga Dio turu, Dio ora ngerti rumuse kanggo nggarap
soal kuwi piye. Gurune geregeten amarga Dio ora iso nggarap soal kuwi, padahal
lagi wae bar dijelaske gurune carane nggarap soal koyok kuwi. Banjur Dio
dikongkon lungguh ning ngarep kelas, nganti bel mulih sekolah.
Wes enek 20 menit Dio lungguh ning ngarep kelas.
Banjur krungu bel mulih sekolah. Dio mbalek ning bangkune lan mulih
bareng-bareng koncone moro ning parkiran. Sakwise tekan parkiran, Dio bayar
parkir lan njupuk motore. Banjur Dio mulih. Ning dalan mulih kok yo Dio kenek
apes neh, ban motore bocor kenek paku.
“Oalah kok yo apes men
dino iki”
Kepekso Dio nuntun motore sampek nemokne bengkel
motor. Dio nuntun motore wes enek 10 menit, nanging rung nemokne bengkel motor.
Akhire Dio nuntun motore sampek omah. Dadi tekan omah seragame Dio wes kebloh
kringet mergo nuntun motor lan motore ijek bocor durung ditambal. Banjur
ditakoni Bapake ngepasi lagek lungguh ngopi ning teras omah.
“Lha we wi nyapo le? Motor kok e mbok tuntun ora
malah ditumpaki. Ndek isuk budal sekolah koyoke yo iso numpak motor. Opo pas
mulih sekolah wes lali carane numpak motor?”, pitakone Bapak marang Dio karo
guyon.
“Oalah pak anake kangelan ngene kok yo jek iso-isone
ngguyoni”, wangsulane Dio karo lambene ditekuk-tekuk.
“Lha Bapak iki takok tenanan lho le?”
“Ban motore iki lho pak bocor”
Banjur Bapake Dio ngecek ban e motor.
“Oalah yowes kene tak gowone ning Mas Irul ben
ditambalke. Kowe ndang adus”
Dio mlebu omah langsung moro ning kamar njupuk
klambi ganti banjur moro ning kamar mandi. Pas ameh mlebu kamar mandi, Dio
kaget amarga moro-moro ana kodok seng nyolot ning awake. Amarga kaget, Dio
kepleset lan tibo ning lawangane kamar mandi.
“Aduh duh! Bangeten!
Wes kesel-kesel nuntun motor sampek awak kebloh kringet, lha kok meh adus
nyegerke awak kok yo kepleset barang”, Dio nggremeng karo nesu-nesu karepe
dewe.
Ibuke Dio sing lagi
ndelok TV krungu gedebugan ning kamar mandi langsung moro ning ngguri.
“Piye to le polahmu?
Meh adus kok yo ndadak atraksi jempalikan ning kamar mandi”, takone Ibuk ning
Dio karo ngempet ngguyu.
“Oalah buk ngeneki tibo
yo ora sengojo buk. Mosok yo meh tak gae atraksi tibo-tibo ngono”
“Lak rapopo to le?”,
takone Ibuk maneh.
“Gapopo buk, loro sitik
tok bokonge”, wangsulane Dio ning ibuk karo cengengesan.
Banjur Dio mlebu kamar
mandi lan langsung adus.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar