Jujur iku
Nggawa Berkah
Dening Siti
Aisyah N.S
Nang
mubarang dina, neng siji kutha gedhe uripa siji keluarga sugih raya sing awak
saka Pak Joko,Bu Shinta lan anake wadon nduwe jeneng Ratih. Sore kuwi, Bu
Shinta bareng anake Ratih lunga menyang pasar arep tuku klambi. Sanganti neng
pasar Ratih lan ibuke tumbas macem-macem klambi sing apik apik banget.Lan teko
wektune dekne kabeh mulih.Ning Bu Shinta keburu-buru pengen mulih, dadine
dompete keri. Dompet Bu Shinta jebule
ditemokake karo anak sing dekil banget.Anak kuwi jebule yaiku sawong
pengemis.Sawise teko omahe, Bu Shinta lagi kelingan nak dompet e iang neng
pasar.
“Ya
Allah ibuk, ngapa dompete iso keri ning
pasar,to? Padahal ning dompet kuwi saget kanggo dhuwit jajanku seminggu iki”
Tembung Ratih karo nada nesu.
“apa sing kudu digawekne meneh, nak! Wis ta, kanggo apa awake dhewe nyesel barang wong barang wis ilang kok” Tembung e Ibuke Ratih ngomongi anake.
“Enggih Bu” Tembung Ratih ning Ibuke.
Jebule pengemis sing wis nemu dompet Bu Shinta yaiku sawong anak sing miskin banget, dheweke urip bareng Ibuke tok, bapake wis suwe mati. Jenenge anak kuwi yaiku Rahma, Lan jenenge Ibuke yaiku Bu Wina.Lan rino iki ora sekolah kaya anak anak liyane.Dheweke mung nyawis neng musholla cedhak omahe.Rahma bingung arep dikapakake dompet sing wis ditemokake dheweke kuwi. dheweke arep mbalekne dompet kuwi marang sing nduwe ning dheweke ora ngerti neng endi alamat sing nduweni dompet kuwi.Arep diwenehna marang Ibukke, mesti Ibuke ngongkon kon mbalekne dompet kuwi marang sing nduwe. Rahma akhire mbukak isi dompet kuwi, jebule neng jero dompet kuwi lumayan akeh dhuwite. Kanggo Rahma, dhuwit kuwi wis luwih saka cukup.

“Ya Allah,
pirang-pirang dhuwite. luwih becik aku simpan wae dhuwite, Iki wis luwih saka
cukup kanggo kebutuhan sadina dinaku bareng Ibuk.Ning, yen eruh ibuk, kepriye
ya? Ahh, tak delekno wae dhuwit iki neng jero lemari”
Bengi ne, Rahma lagi mulih.Amarga dheweke tuku kebutuhan dienggo awake dewe karo ibuke. Bu Wina negur anake.
“Rahma, menyang endi wae kowe? bengi bengi kok lagi mulih.” Takon Bu Wina karo nada nesu
“Aku lagi mulih saka minimarket bu. Aku tuku kebutuhan sadina dina awake dhewe” Jawab Rahma karo nunjukake barang barang sing ditukune.
“Saka ngendi kowe nduwe dhuwit kanggo tuku barang barang iki?” Takon Bu Wina kaget.
“Aku nduweni dhuwit iki saka pakoleh ngamenku dina iki, bu” Jawab Rahma.
“Yo wis, saiki wayahe kanggo turu.Iki wis bengi pisan” Kongkon Bu Wina marang Rahma.
“Enggih, bu” Rahma manuti omongane ibuke.
Teko kamar, Rahma cepet cepet ndelekno dompet kuwi neng jero lemari klambine.
Esuke, Rahma tangi esuk banget. Dheweke tangi esuk esuk amarga dheweke arep ngaji neng musholla cedhak omahe.
“Bu, Rahma mangkat nyawis dhisik ya, Assalamualaikum” Tembung Rahma karo ngambung tangan emboke.
“Waalaikumsalam” Tembung embok e Rahma.

Teko musholla, anak anak cepet ngaji, buyar nyawis pak ustadz arep menehake ceramah, kabeh anak anak sing ngaji neng kono dhemen banget ngrungokake ceramah saka pak ustadz. Ceramah iki sing katur saka pak ustadz yaiku babagan
“Nggoroh yaiku panggawe MUNAFIK”
Jam 8 wayahe anak anak mulih. Teko dalan mulih, Rahma eling ceramah saka pak ustadz mau menawi, “Nggoroh kuwi yaiku panggawe munafik, lan ajaa nggoroh, gawea kejujuran, amarga kejujuran kuwi arep nggawa berkah.
“Ah, aku arep mbalekne dompet kuwi” Tembung Rahma neng ngarep lawang omahe.
“Assalamualakum, bu” Tembunge Rahma ngucapne salam.
“Waalaikumsalam, eh Rahma ” Tembung emboke Rahma.
“Bu, sabenere ana siji hal sing kudu aku omongke marang embok.Sabenere dhuwit sing tak tukokake kebutuhan sadina dina awake dhewe kuwi yaiku dhuwit sing tak temokake wingi, bu” Tembung Rahma nyesel karo sing wis dilakoni wingi kae.
“Apa??Kok iso?” Tembung Bu Wina karo tegas.
“Sebenere bu, wingi aku neng dalan pasar, nemu dompet. Ning jero dompet kuwi, ana dhuwit karo ktp, atm lan barang barang liyane, bu. Ning aku saiki nyesel temenan, bu.Saiki uga, arep tak wenehna dompet iki marang panduwene.”Tembung Rahma.
“Rahma Rahma, eling ya, awake dhewe kuwi ora oleh nggawe goroh.Ya wis, saiki kowe balekne dompet iki marang panduwene, karo dhuwit sing kok tukokake barang barang wingi kae, arep embok genti tunggu sedhela ya” Tembung Bu Wina karo lembute.
“Matur suwung nggih buk” Tembung Rahma.
Rahma cepet nggoleki alamat panduwe dompet kuwi, neng ktpnya ana alamat neng kono:
Nama : wina astiarti
Alamat : Dalan diponegoro nomor 40
Rahma akhir e cepet menyang dalan diponegoro, sawise teko kana, dheweke nggoleki omah nomor 40.
“Akhire ketemu uga omahe” Tembung Rahma.
“Assalamualaikum” Tembung Rahma karo mengetuk ngetuk lawang omah kuwi.
“Walaikumsalam, kowe sapa ya nak?” Takon Bu Shinta marang Rahma.
“Bu, kenalake jenengku Rahma. Aku tinggal neng dalan jambu. Aku urip bareng embok wae. Wingi, aku nemu dompet iki bu, apa iki duwe ibuk?” Jawab Rahma karo ndelengna dompet kuwi
“Bener iki, yaiku dompet aku sing wis ilang rong dina kae, matur nuwun ya Rahma” Tembung Bu Shinta karo mesem.
“Nggihpun bu, aku mulih dhisik ya bu” Tembung Rahma.
“Eh, tunggu dhisik nak.Dadi gentine gelem po gak embokmu tandhang gawe neng restoran pizza neng kutha dadi laden. Kabeneran, ibuk nduwe kenalan neng restoran kuwi.
“Mestine embokku purun bu, matur nuwun akeh bu. Aku ngucapke matur nuwun marang embok” Tembung Rahma karo seneng e.
“Padha padha, nak. Ning, justru ibuk sing matur nuwun nak” Tembung e Bu Shinta. “Mboten napa napa kok bu, awake dhewe padha padha matur nuwun” Tembung Rahma karo gumuyu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar