Korban Janji
Dening : Silvy Nur Widyawati
Isuk iku, Anggi
katon bungah banget mlebu sekoah amarga dina kuwi Anggi pisanan mlebu sekolah
sawise prei dawa, dheweke kangen karo kanca-kanca sekolahe amarga ora tau ketemu. Saiki Anggi kelas 11
ing SMKN 8 Ngawi, lan jupuk jurusan Akuntansi. Anggi kalebu bocah sing pinter
ing kelase, dhewek e sering dianggep dadi teladan marang kancane.
Sawise teka
sekolah, Anggi lan kanca- kancane,Nindhi, Septi, lan Sindy padha crita preinan wingi. Salah siji kancane,
Nindhi, bar ditembak marang wong sing wis diidam idamke kawit kelas 10. Sawise krungu kabar kui, Sindy ngomong
marang papat sekawan kui mau, “ Eh, aku luwe i.. kantin yuk, sing traktir
Nindhi ya kan bar jadian hahaha...”, “Ealah, iso wae ya, yowis ayo, mumpung
sanguku akeh dino iki,” Nindhi banjur ngiyani ajakane Sindy. Banjur papat
sekawan mau jajan ning kantin.
“ Saiki Nindhi
wis duwe pacar, berarti saiki sing jomblo gari Anggi lan Septi, pokoke yen siji
duwe pacar, kabeh kudu duwe,” ujare Sindy.
“Eh..opo iki,
aku kan wis duwe gebetan, sing urung Anggi wi lhoo hahaha,” Septi jawab Sindy.
Anggi banjur
jawab“Ealah opo to iki, malah bahas koyo ngene, aku ki ora pengin pacaran, nek
awakmu kabeh pacaran aku yo ora nesu lan ora meri, aku arep fokus sekolah”.
“Oalah ngi ngi,
sekolah wae sing dipikir, adhewe iki isih kelas 11, ujiane isih suwe, urip kui
kudu berwarna nggi, kudu pacaran barang ben luwih iso ngrasakake masa- masa
sekolah ngene iki “ ujare Nindi karo guya guyu.
“Alah, kowe wi sesat
Dhi, peh bar jadian omongane ngono, biasane galau wae” ujare Sindy.
Papat sekawan
kuwi mau banjur mbalik ing kelas sawise crita lan jajan ing kantin. Amarga
omongane Nindhi mau, Anggi dadi kepikiran terus. Anggi mikir yen apa sing
diomongke marang Nindhi lan kanca-kancane mau uga bener. Sakbare kejadian kuwi
mau, Anggi batin, ”Bener sing diomong kanca-kancaku mau, aku ora pernah cedak
lan pacaran karo bocah lanang, opo maneh sasuwine aku ning SMK, amarga kanca
sekelasku wedok kabeh. Keprie yen mulai dina iki aku jajal bukak atiku gae cah
lanang sing nyobo cedak karo aku, jare Nindhi urip kuwi kudu berwarna”
Sabanjure Anggi
teka omah, Angggi bukak hp lan bukak instagram, ana kakak kelas sing follow
instagrame dek e, jenenge Rama. Anggi banjur penasaran lan tertarik marang
Rama. Anggi banjur omong menyang kanca-kancane yen dheweke seneng kakak kelas.
Kancane banjur ngewangi Anggi ben iso cedak karo kakak kelas kui mau.
Sesuk e, kanca-kancane
goleki Rama lan ngenalne Rama menyang Anggi. Sui-sui Anggi lan Rama dadi cedak,
nanging Anggi ngroso ragu, dheweke ngrasa yen Rama wonge dikenal akeh wong lan
duwe kanca wedok akeh. Nanging Anggi tetep manut karo opo sing diomong kancane
yen Anggi kudu yakin marang Rama.
Anggi lan Rama
sansaya cedak lan akrab, mben dina Anggi lan Rama chatan lan videocall an. Anggi
lan Rama kerep nyemangati siji lan sijine, kerep ngelingne sholat lan guyon
bareng. Anggi lan Rama wis ngrasa klop banget.
Ing sawijining
dina, Rama ngungkapne rasane marang Anggi. Anggi bingung, dheweke durung pernah
pacaran lan cedak karo cah lanang nganti koyo ambi Rama. Anggi banjur takon
marang kancane, dheweke bingung, mengko yen Anggi nolak, Rama bakal ngadohi
Anggi.
Nanging,
kanca-kancane ngandani Anggi kudu jawab saka atine, kanca-kancane bakal tetep
dukung apa-apa sing bakal dipilih marang Anggi. Anggi banjur mikir lan jawab
Rama. Anggi mutusne yen dheweke wegah pacaran dhisik, dheweke pengen fokus
marang sekolah lan masa depane. Anggi uga jelasne yen Anggi tetep pengen cedhak
karo Rama senajan ora pacaran, Anggi wegah yen mengko nek pacaran mesti ana
kata putus lan mengko dadi musuh.
Rama sing wis
kadung duweni rasa marang Anggi uga pengen sing paling apik kanggo Anggi. Rama
gelem tetep cedhak ambi Anggi sanajan ora ana hubungan pacaran. Rama bisa
ngerteni keputusan sing dipilih marang Anggi lan janji ora bakal ninggalke
Anggi lan uga setya marang Anggi.
Nanging
sawijining dina, Anggi ngrasa yen ana sing aneh saka sikape Rama. Anggi banjur
ngomong marang Rama lan nakoki Rama.
“Ma, kena ngapa
akhir-akhir iki kowe saya ngadoh saka aku? Apa kowe bosen? Apa ana sing salah
saka aku? Jujura Ma, aku ora bakal nesu” takone Anggi marang Rama.
“Apa maksudmu?
Aku kan wis janji yen aku ora bakal ninggalke awakmu, ning atiku mung ana kowe,”
jawabe Rama marang Anggi.
Anggi gung
ngrasa percaya marang Rama, ing sawijining dina, Anggi bukak hp ne Rama, Anggi
kaget bak e Rama chatan karo bocah wadon liya sing bedo sekolah, Anggi kaget
lan takon marang Rama.
“Ma, iki sapa
kok ayumen? Kayane kowe cedak karo bocah iki,” takone Anggi.
“Kuwi adhikku,”
jawabe Rama singkat.
“Gak mungkin yen
iki adhikmu, yen bener iki adhikmu gak mungkin bahasamu kaya ngene lan bahas
ngene iki. Aku duwe mas, aku ngerti bahasane adhik marang mase, gausah ngapusi
aku, aku gak bakal nesu, aku gur pengen koe jujur marang aku” jawabe Anggi karo
nahan tangis.
“Iyo, tarah aku
lagi cedhak karo bocah kuwi, tapi wonge sing hubungi aku dhisik, adhewe kan ora
ana hubungan apa-apa, kena ngapa kowe kok melu-melu urusanku?” jawabe Rama
tanpa mikir perasaane Anggi.
Anggi kecewa
banget marang Rama, Rama dhewe sing ngomong yen dheweke gelem ngregani
keputusane Anggi, lan ora bakal ninggalne Anggi, nanging saiki Rama malah
pacaran karo wong liya, lan ngomong yen ora ana hubungan apa-apa, terus
dianggep apa Anggi saksuwi iki?
Sawise kadadeyan
kui, Anggi sadar yen omongane uwong kui durung tentu bener, sing dianggep apik
durung tentu apik, sing janji ora bakal ninggalke, malah ninggalke tanpa mikir
wong liya. Nanging Anggi tetep dewasa ngadepi masalah kui mau, Anggi milih nglalikne
masalah kuwi lan nutup ati gawe cah lanang sing kakehan janji lan omong.
Saiki, Anggi wis
nemu cah lanang sing diidam-idamke, cah lanang sing menengan, alim, dingin,
cuek lan keren bagine Anggi luwih menarik tinimbang bocah lanang sing kakehan
gombal. Rama saiki wis putus saka pacare biyen lan nyesel wis mblenjani
janjine, Rama ngajak balikan Anggi, nanging Anggi emoh, Anggi luwih milih bocah
lanang sing diidam-idamke saiki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar