SALAH
TOMPO
DENING
: SILVIA WARDANI PUTRI / 12
Asyila Almaisya Ramadani bocah 16
tahun kelahiran Ngawi , putra saking bapak Susanto lan ibu Munifah, sekolah ing Smkn 1 Ngawi .
dewek,e ndueni tunggal 3 yaiku mbak lan adike. Mbak e Asyila jenenge fatimah ,
umur e 2 tahun luwih tuwek ketimbang
deweke , Dene adike Asyila jenenge Edo
septiano , umur e 6 tahun luwih enom soko Asyila.
Dino iki Minggu,
tanggal 19 sasi 9 tahun 2018 , keluargane Syila terutama Edo kepingin lungo
menyang sarangan , nanging ibuk e Syila ndueni rencana dewe arep lungo menyang
omah e mbahe seng ono ing kecamatan Ngrambe .isuk-isuk ibune Syila nggugah
bapak e
Ibuk :
“ Pak ,pak tangi !....”
Bapak : (namung obah , pindah posisi)
Ibuk : ”oalah Pak, mbokyo ndang
tangi , kilo wes bar subuhan , wes jam 5 , opo arep ora subuhan to?”(karo
mangkel)
Asyila : “enten nopo to buk,Kok bengak – bengok ?”
Asyila : “enten nopo to buk,Kok bengak – bengok ?”
Mbak
Fatimah : “La nggeh wi ibuk , jane ono
opo t kok rame- rame dirungokne tonggone ora patut”
Ibuk
: “ La iki lo bapakmu di
gugah ora gelem ndang tangi, wong yo wes yahmene gek wayah e solat yo durung
solat “ .
Bapak
:” wes tangi kilo buk , wong
terah yo jek ngelumpokne nyowo disek , ngono kok gak sabaran jek bengak- bengok
wae...”
Ibuk
:” la ngonowi nak di gugah
ki mbok yo nyauri ora kok meneng ae , malah molet pindah nggon marai rame wae”.
Asyila
:”Mpon buk,mboten sah
dipermasalahke maleh,wong nggeh bapak sampon tangi,”
Bapak :”Ibukmu pancen ngonowi ndok.....”
Ibuk
:”weslah mboh kono, kono
la adikmu ndang digugah jare arep munggah,”
Asyila :” Lo , Sios to buk ?.....”
Ibuk :”iyo...”
Krungu kabar soko ibuk e nek sido munggah , Asyilla katon
seneng banget , banjur mlaku menyang kamar e adike, karo lunjak-lunjak lan
mesem .
Pas Asyila wes teko
kamar e Edo , Edo jek kemulan lan durung tangi , padahal mau ibuk e rame-rame nggunggah bapak,e sak omah
langsung tangi , nanging bedo karo Edo
deweke ora peduli , lan panggah jek turu , mergo deweke seneng turu. Ngerti Edo
jek turu Asyila banjur nyedak edo lan
ndemek sikil e karo di ogrek-ogrek
Asyila
:” Dek ndang tangi , wes bar subuh lo, ndang tangi gek
ndang solat , mandi trus sarapan , jare pengen dolan munggah !”
Krungu Asyila muni ngono Edo banjur
semangat lan tangi jegregal , dewek e tanpo kakean omong langsung mlaku menyang
jeding lan wudhu , banjur nglakokne kewajibane marang seng neng nduwur , yaiku
solat subuh.
Rampung
solat subuh , Edo langsung nyandak andok lan mlayu menyang jeding , amergo moh
kedisikan Asyila. Padahal posisi kui
asyila mlaku tumuju jeding ora arep adus, nanging Arep njipok bak cangkingan
arep dinggo siram-siram kembang neng ngarepan, Asyila roh polah e Edo banjur
ngguyu lan banjur omong neng Edo
Asyila
:” yuh semangate neh seng arep dituruti budal dolan,...”
Edo :”ya iya duong , wong aku lo terah pingin kawet ndek mben
mbak.”
Asyila :”iyo
neh mulo seng manut karo bapak ibuk ben keturutan...” (karo mesem ngguyu)
Edo
:”siap 45 mbak “ (karo nggebyur banyu ng awake)
Jam wes nunjuk ne pandom cendek neng ongko 7 , Asyila wes
bar adus , mbak Fatiimah jek dandan ono ng kamar, Edo jek jongkatan lan
nyepakne barang- barang seng arep di gowo mengko, dene Ibuk lan Bapak enek ing
Mejo makan,
Ibuk seng enek neng
mejo makan banjur nyelok anak-anak e dikon sarapan. Asyila,
Fatimah lan Edo moro karo nggowo barang- barang seng arep digowo munggah. Bapak
lan ibuk katon bingung nyawang anak-anak e seng wes rapi .
Bapak
: “ lho arep bodo menyang ngendi kok wes do ayu-ayu lan bagus-bagus ?”
Ibuk
:” layo arep bodo neng ndi kok wes podo siap-siap
nggawani reno-reno ? ”
(Asyila,mbak
Fatimah lan Edo malih podo-podo bingung lan sawang sinawang)
Edo :”la tirose mbak Syila ajeng dolan munggah buk ?”
Asyila :”la
nggeh buk tirose ajeng minggah ?”
Mbak
Fatimah :” mboh aku jane yo
gung paham maksud e , butuh e manut wong
loro kui mau.“
Ibuk
:”lho wong
karep ku ki munggah duduk munggah dolan lo , tapi munggah arep ngendangi mbahmu
ngrambe , duduk neng sarangan,yo ndok le
cah bagus..”(karo ngguyu )
Edo :”lha pripon to buk
, hualah mbak syila ki kok, ngapusi aku ,, tiwas aku kadong semangat seneng!”
(karo mrengut)
Asyila :”la ibuk sajar e arep munggah ngono kok , tak kiro nggeh munggah dolan seng di pingini dek Edo ndek bengi.”(karo mesem lan kisinan”)
Asyila :”la ibuk sajar e arep munggah ngono kok , tak kiro nggeh munggah dolan seng di pingini dek Edo ndek bengi.”(karo mesem lan kisinan”)
Bapak
:”Mulakno to buk,
nek omong ki di genahne seng jelas , ben
gak enek kedadean salah tompo
ngeneki “.
Ibuk :”la arep tak genahne syila wes kadong ngaleh disek , gek aku yo jek anyel karo sampean pak , di gugah gak ndang tangi...”
Ibuk :”la arep tak genahne syila wes kadong ngaleh disek , gek aku yo jek anyel karo sampean pak , di gugah gak ndang tangi...”
Mbak
Fatimah :” la trus pripon nak
mpon ngenteniki , sios budal dolan nopo nggene mbah e ?”
Edo :” Dolan nggeh pak
, plisss .... kulo pengen ngertos sarangan pak , rencang-rencang sedoyo sampun
mriko.”
Bapak
:”Yo wis mengko
munggah disek , mulih e lagek mampir nggone mbahe “
Edo :”Yey,....
matursuwun bapak..”
(Asyila ,mbak fatimah
lan edo banjur seneng karo keputusane
bapak .)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar