KEKANCANAN
Dening : Yulikhe
Indra Handayani
Ing
sawijining sekolah SMK ning Ngawi, ana loro wong sing wis kekancan suwi yaiku
Manda lan Ana. Manda lan Ana kenal pas SMP amarga sak kelas. Kekancanan iku terus
lanjut sampek SMK iki. Wong loro kuwi sengaja milih sekolah lan jurusan seng
podho amarga ben gak pisah. Saiki Manda lan wes kelas telu.
“Eh, we wes
nggarap PR durung?” takon Ana. Ana sengaja takon kuwi ning Manda supaya Manda
bingung.
“Emang enek PR?
Nak enek PR emang PR opo ae?”
“Lah, kowe po ra
ngerti? Pelajaran dino iki niate enek PR kabeh kok. Piye to we ki? Wong kok
lalinan.” Jawab Ana karo medeni Manda.
“Mosok to Na? We
gak ngapusi aku kan?” Manda bingung.
“Tenanan iki,
Nda.” Wangsulane Ana
“We wes nggarap
kan? Aku nurun ya? Ya ya ya, Ana cantik deh.” Rayu Manda menyang Ana karo
masang muka paling melas.
“Bwahahahahaha…..
Gak enek PR kok dino iki, Nda.” Omong Ana jujur menyang Manda amarga Ana wes
gak tahan ngingeti wajah e Manda sing melas.
“Ya Allah
Anaaaaaa, dadi we ngapusi aku? Seneng banget we ngingeti koncne sengsoro?”
Manda masang wajah nesu.
“Maaf deh maaf,
lagian dadi wong kok penak banget diapusi, lalinan pisan”
Manda wes gak
jawab omongane Ana amarga bel masuk wes muni lan Bu Siti, guru pelaran
Matematika masuk kelas.
Kringg…..kringgg.
Gak kroso bel mulih sekolah wis muni. Murid-murid podo metu soko kelas. Ana lan
Manda metu soko kelas bareng. Ning perjalanan arep menyang parkiran,,
“Eh, Nda we
gelem gak tak jak ning toko buku?” Ajak Ana ning Manda.
“Oke, sok kapan?
Jam piro?” Takon Manda
“Sok Minggu jam
10 ya, oke? Tapi aku ngko parani ya…”
“Oke siipp.”
Wangsulane Manda karo ngacungne jempol.
Detik ganti jam,
jam ganti dino gak kroso dino iki wis Dino Minggu. Awet jam pitu isuk, Ana wis
resik-resik omah ben lah ning toko buku ora telat. Jam songo isuk, Ana wis siap
budal ning toko buku. Ben mengko nak Manda teko ning omahe Ana iso langsung
budal pikir Ana.
Jam sepuluh,
Manda urung teko ning omahe Ana. Ana ijek nunggu. Sampek jam sewelas awan,
Manda yo urung teko ning omahe Ana. Ana ijek nunggu. Sejam……siji setengah
jam…..rong jam, Manda yo urung teko ning omahe Ana.
“Iki Manda ning
endi to? Kok sampek yah mene urung teko.”Takon Ana menyang awak e dewe.
Amarga wis kesel
nunggu, Ana mlebu kamare karo mrengut. Rencanane arep tuku buku gagal total
goro-goro Manda. Sesok e ning sekolah, Ana ora omongan karo Manda. Nanging
dasare Manda wonge ora peka, dadi Manda pikir Ana cuman lagi kesel.
“Na, iki carane
ngerjakne sing iki piye?” Takon Manda. Nanging Ana cuman meneng ae.
“Na, ngko
istirahat ning kantin bareng yok,” Ajak Manda nanging Ana ijek meneng ae
Sampek seminggu,
Ana karo Manda ora omongan blas, luwih tepate Ana ora gelem nyauri omomgane
Manda. Sampek akhire, Manda nekat takon ning Ana.
“Na, sakjane we
wi ngapo? Saben tak takoki ora tau dijawab” Takon Manda saking penasarane ngapo
Ana ora gelem omongan karo Manda.
“Pikiro dewe,
Nda! Nduwe utek ki dingo mikir to.” Wangsulane Ana judes.
“We kok lah
nyauri ngono men to Na, nak aku nduwe salah aku yo minta maaf.” Wangsulane Manda.
“We nyadar gak,
Nda? Nak ndek dino Minggu kae aku ngenteni kowe sampek jamuren tapi opo? Kowe
malah ora teko.” Wangsulane Ana karo emosi.
“Ya Allah, Na
aku lali Na. Sepurane ya. Aku bener-bener lali nak arep ning toko buku karo
kowe.” Manda nyuwun sepura menyang Ana.
“Yo wis, saiki
tak maafne. Tapi ojo diulangi maneh! Nak mbok ulangi maneh aku emoh maafne
kowe!”
“Makasih Ana,
koncoku sing paling apik, paling ayu dewe pokok.”
Akhire Ana
ngekeki sepura ning Manda. Amarga Ana pikir nak nesunan suwi kuwi ora penak tur
Ana karo Manda wis konconan suwi. Semenjak perkara kuwi, Ana lan Manda luwih
cedhak.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar