Ketikung Kanca
Dhewe
Dening: Siti
Kurnia
"Kekancan pancen becik,
ngakehi kanca luwih becik", ukara sing kerep tak rungokake saking bapak.
Seneng kekancan iku gawe ati seneng uga gawe ati senep. Senepe yen wes kadung
cocok malah kenek satru.
Dina iki aku janjian karo
kancaku, Dwi. Dheweke kanca sing paling cedak karo aku. Saking cedhake, wis tak
anggep dulur dhewe. Aku lan Dwi arep budal menyang Mediun. Rencanane arep tuku
buku karo jalan-jalan. Dwi marani aku jam 8 isuk. Tekaning omah, "Yan, ayo
budal saiki, selak panas", kandhane gage ngajak budal. "Sek Wi, tak
pamit bapak karo ibu , ayo awakmu pamit sisan", ajakku pamit marang ibu
lan bapak. Aku sing maune ning ngarep omah banjur melbu marani ibu lan bapak
sing lagi ana ing guri omah. "Pak badhe pamit bidal ing Mediun
rumiyin",pamitku. "Lho karo Dwi to Yan?" Pitakone bapak.
"Nggih pak kalih kulo", saurane Dwi. "Yowes ndang gage budal,
selak panas Yan", ature ibu. Bareng ngono aku lan Dwi langsung budal
menyang Mediun.
Ing ndalan aku lan Dwi ora
meneng, awit saka omah ngajak omongan wae. Opo maneh sing diomong kui barang
sing ra patio penting. Gawe suasana ben ora sepi. Sampe geguyonan ngakak ora
meneng, sampe dingeti wong ning ndalan. "Yan aku lagi cedak karo kancane
dewe lo", kandhane marang aku. "Sopo neh Wi? Awakmu ra wedi ketikung
ta omong ngonokui ning aku?" kandhaku karo njaraki wonge. Karo mesem
dheweke nyauri,"Halah Yan, po iyo awakmu arep nikung aku, aku ki kenal
awakmu wes kaet mbiyen Yan". Aku sing krungu saurane Dwi mung iso mesem,
seneng rasane atiku iso dipercaya kancaku dhewe. Ning ndalan Dwi ngajak mandhek
ning pom bensin. Ning pom iku mau Dwi ketemu karo wong sing disenengi.
"Lho..lho.. Yan, kuwi Yan kuwi lo!!" kandhane heboh ngasi mbateki
jaketku. "Opo to Wi?, enek opo?" takonku sing ra ngerti maksute.
"Yan kui sing tak maksut mau ning ndalan", kandhane karo kode
ngedip-ngedipke mripate. "Oalah" wangsulan ku sing lagi ngerti opo
sing diomong. Tak tamatke bocah sing di senengi Dwi kui. Pancen bocahe bagus,
dhuwur, manis, kulite sawo mateng. Pantes Dwi seneng, wong bagus ngono, batinku.
Serampunge ngisi bensin Dwi ora age budal, sengaja ngenteni bocah mau.
"Dwi? Arep nyandi?" pitakone bocah lanang mau. "Arep tuku buku
Di, eh iyo iki kancaku Diyan."kandhane karo madep aku. Kancane ngelungke
tangane ngajak kenalan. "Aldi" kandhane cekak. "Diyan",
wangsulanku. Sak uwese kenalan, aku lan Dwi ngelanjutke budal menyang toko
buku. Ing ndalan aku namatke Dwi. Dheweke katon seneng banget, kaet mau mesem
terus ora kesel anggone mesem.
Sak tekane ning toko buku Dwi
pamit ning kamar mandi. "Yan aku ning mburi dhisik yo, wes kebelet".
"Hoalah Wi beser men", jawabku karo guyon. Dheweke guyu banjur
ngibrit menyang kamar mandi. Aku sing dhewean iki milih melbu toko buku lan
goleki buku sing arep tak tuku. Milih buku sing bakal tak kanggokne yen arep
ujian. Ning njero toko buku kui, aku ketemu karo Mas Yoga. Kakak kelas SMP sing
taksenengi teka saiki. Aku sing isin ra wani nekani amung wani nyawang saka
kadodohan. Dheweke sing krasa tak ingeti banjur marani aku. "Diyan, golek
opo ning kene?" pitakone. "Anu mas tuku buku kangge sinau",
jawabku rodok kaku. "Owalah, tak kiro nyasar teko kene Yan", kandhane
karo guyu. Duh manise sampean mas. batiku kesenengen. Lagi bar omongan
karo Mas Yoga, Dwi teka saka kamar mandi, kadodohan tak sawang kok wajahe teles
kabeh, Dwi ki cebok teka wajah po?, batinku karo ngguyu namatke dheweke.
"Guyu opo Yan?" takone wonge . Aku amung geleng-geleng anggone
nyauri. "Loh enek Mas Yoga to, pantes Diyan katon sumringah".
kandhane Dwi njaraki aku. Aku sing wes isin tambah isin amarga ukarane Dwi mau.
Tak ingeti Mas Yoga yo mung mesem tipis. "Ayo gek ndang golek bukune
Wi," ajakku gage. Aku lan Dwi milih-milih buku. Mas Yoga melu ngetutke milih buku. Aku lan Dwi mencar
anggone golek buku, uga Mas Yoga. Aku spaneng goleki buku soal-soal. Banjur wes
ketemu bukune langsung age mbayar ning kasir. Ning kasir enek buku sing samake
apik tur judule marai pengen dakwoco. Aku njuouk buku kui lan tak woco nyambi
nunggu Dwi milih buku.
Suwe anggone lehku moco buku mau,
Dwi ra ndang metu saka toko buku. Aku kesuwen nunggu Dwi banjur melbu meneh
ning jero toko buku. Ning njero toko Dwi iseh milih-milih buku. "Rung temu
to bukune Wi?" pitakonku. "Uwes Yan, iki milih buku resep masak",
wangsule. "Oalah kene tak ewangi milih", kandhaku karo ngewangi milih
buku. Sak banjure rampung milih buku lan bayar, aku lan Dwi tuku jajan. Mas
Yoga sing iseh ning njero toko gage nyusul aku lanDwi. Dheweke melu golek
jajan. Mas Yoga iki pancen ora enek sing bedo, wes suwe anggonku ra ketemu
tetep wae bagus lan apikan, batinku.
Ba'da dhuhur aku lan Dwi langsung
mulih. Mas Yoga bali ning kose sing cedak karo anggone kuliah. "Yan, Mas
Yoga tambah bagus ya", kandhane Dwi. "Podo wae lah Wi, kaet mbiyen ya
wis bagus", wangsulanku karo mesem sambi mbayangne jaman sek sekolah smp
mbiyen. "Wes Yan mesem wae weki", omonge karo ngguyu. Aku sing iseh
nduwe rasa tresno marang Mas Yoga ancen ongel angne ngelalekake. Wong sing
apikan ning aku, wong sing seneng jaraki aku jaman smp biyen saiki wes kuliah.
Wes adoh sandhuwurku. Opo sih iso tak ranggeh tresnane wonge ya. Ing ndalan aku
ora omongan karo Dwi. Dheweke meneng wae, sek luwe wetenge kiro-kiro. Wis
tekaning omah, aku ngajak Dwi leren ning kamar. Ning kamar mau Dwi langsung
turu, keselen. Hpne diseleh ana ning mejo. Aku sing urung shalat dhuhur gage
wudu banjur dhuhuran. Sakwise dhuhuran, aku melu turu ning sampinge Dwi. Hpne
sing dideleh nduwur mejo muni. Enek telepon masuk saka nomer anyar. Aku sing
kepo kepengin weruh sapa sing telpon Dwi awan-awan ngeneki. "Halo,"
kandhaku gangkat telepon. "Halo Wi, iki nomerku Mas Yoga. Disimpen ya
Wi", jawabe saka sabrang. Aku sing krungu yn kui mas yoga gage tak tutup
telpone. Kok mas yoga iso oleh nomere Dwi, akubsing seneng wonge wae malah ora
nduwe nomere. Genio dwi iso cedak karo mas yoga? batinku bingung dewe. Dwi kancaku sing ngerti
aku seneng mas yoga kok malah dicedhaki. Dwi ki asline seneng sopo? Aldi apa
Mas Yoga?
Aku sing wes bingung lara ati iki banjur turu. Nganti jam setengah
3 Dwi tangi lan pamit mulih. Saurunge pamit ora dak omongi yen mau mas yoga
telpon ning hpne. Aku meneng wae sampe dheweke ra ketok saka omah. Sorene, aku
blonjo ning warung samping omahe dwi. Enek motor lanang sing parkir ning ngarep
omahe. Aku sing kaya kenal motore njajal nginceng saka samping warung. BReng
sedelo anggknku nginceng metu wong lanang saka njero omahe Dwi. Tak tamatke
wong lanang kui tibake Mas Yoga. Aku gage wae moro ning omahe Dwi. "Genio
ning omahe Dwi mas?"pitakonku marang mas yoga. Dwi lan mas yoga kaget
weruh aku sing moro-moro teka. Tak sawang Mas yoga bingung anggone nyauri.
"Anu.. iki mbalekne buku Yan, wingi aku nyilih buku ning Dwi".
"Iyo Yan, mas yoga ngulihne buku," jawabe Dwi. Aku sing wes panas
atine gage mulih. Barang sing tak tuku ning warung ora tak gowo mulih. Tekaning
omah banjur melbu kamar, nangis tanpa swara. Tak jajal gak mikir rena-rena
antarane dwi karo mas yoga. Ning saya dipikir ra reno-reno malah kepikiran sing
ora-ora. Dwi pamcen kancaku. Ning menopo kok ora jujur wae yen dheweke ki yo
seneng mas yoga. Ngapa kok kudu meneng-meneng anggone tresna mas yoga.
Yen pancen dwi iki
tresna marang mas yoga. Mbok omong aoik-apik ning aku. Aku sing wes tresno ning
mas yoga kaet smp yen arep ngeculke yo abot. Sak iki nak wes ngerti kancaku
kaya ngono aku iso ra iso kudu ikhlas ngeculke, luwih becik kelangan tresna
ketimbang kelangan kanca sing wis bareng karo aku kaet mbiyen. Tak ikhlasne Wi
angger we seneng. Wong sing tak tresnani mugo iso urip seneng karo kowe Dwi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar