AWAL KANG APIK
Dening Sita Dwi
Bengi
iku aku neng jero kamar nglitukae nyiapne perlengkapan sing ameh tak gawe sesok
tanding, rasane aku biduh wong tanah yo lagi pertama iki aku melu turnamen
futsal. Masio acara iki muk lingkup ngawi sekitarre tapi sing melu tim apik
apik wes do pengalaman la tim ku lagi iki metu melu, isine aku muk doa ,
latihan wes tak lakoni, hasille karek manut allah . wi pikiranku pas bengi
kuwi, let sedelo bukku mlebu kamarku ,
“ we sesok yo
sido tanding o ta, nek sido ibuk muk kon delok pora ?? “ takok e ibuk nng aku
“ koyok e sido
main buk, rausah delok mandak koyok opo ae weki buk, doakne ae lo buk ben ra
dredek aku “ sauranku neng ibuk
“iya wes iya ,
weki opo nu meh ulangan loro meh tanding loro, mentalmu wilo koyok cah cilik
ae” ibuk ngandani aku
“ iya ya buk
aku gak dredek kilo”
“ yowes dang
sholat bar wi turu rasah dolanan hp ae” kongkonne ibuk ng aku
Ibuk metu ko
kamarku, aku langsung jupuk banyu wudhu bar iku sholat bar sholat aku turu.
Saurunge turu aku donga sek ben sesok diwenehi kemenak an pas tanding.
Isuk
jam 05.00 aku tangi bar iku aku langsung sholat subuh, bar sholat aku adus rus
siap siap moro neng sekolahan.jam 06.00 novia kancaku teko marani aku.
“ oi bro ayo
budal, salak awan kilo” ajak e novia
“ iya sek aku
tak gae sepatu sek , nteni sek, we ws gowo perlengkapanne gung? “ takonku
marang novia
“ uwes bro
karek jupuk skin neng kancaku ngko nng sekolahan” sauranne
“ iya wes sip
bro, yws ayok budal lakno” ajak ku nng novia
“ buk aku meh
budal sangune muk deleh ndi?” takokku nng ibukku
“ sangune ws tak deleh duwur kulkas, maemme tak
siapne pisan ke nng andek e, nek budal tiati rasah banter banter lek numpak motor” pesenne ibuk nng aku
“ nggeh buk
assalamualaikum, doakne ya buk”
“
waalaikumsallam iya ta tiati”
Bar
iku aku budal , teko sekolahan bakne bocah bocah wes do mlumpuk, aku langsung
nemoni bu yeni ge jupuk data sing meh digawe tanding mengko. Sak barrre nyiapne
aku karo cah cah bareng bareng moro neng champions. Teko kono acara pembukaan
wes arep mulai, aku lan bala bala ku melu pembukaan. Barre pembukaan aku karo
kanca kanca salin jersey , amergo mainku ngko sing pertama, dadine ket awal wes siap siap.
Jam
09.30 pertandingan dimulai alhamdulillahhe tim ku ora entuk lawan sing patio
abot setidak e sek enek kesempatan ge menang, alhamdulillah opo sing tak
pikirke bener , pertandingan pertama timku iso menang karo skor 2-1. Pas iku
aku ndredek rakauan soalle goal le iku kesalahan ku, pelatihku ngandani aku ,
“ mainmu ki
nyapo raiso tenang, gaeo koyok nek pas
latihan biasa rasah wedi po meneh minder, nek we sek ngunuwi goal kesalahan sek
iso keulang maneh” kandananne pelatihku
nng aku
“ aku sek
ndredek mas aku sek bingung mau ki, tapi ngko tak jajal ora ndredek mas”
sauranku
“ kiper ki
wani omong ojo meneng ae , sing iso delok keadaan ngarep ki kowe , dadi arahne
ke kancamu ora usah wedi”
“ iya mas ngko
tak omong ora meneng ae” sauranku
Kurang
luweh istirahat enek 30 mnt pertandingan ke 2 diwiwitti maneh, lawanne rodok
angel , tapi aku tetep optimis mergo nek menang iki iso mlebu semi final.
Pertandingan diwiwiti lan dibarri karo skor 4-3 alhamdulillahhe genanku iso
mlebu semi final. Sing mlebu semi finalle timme gak gampang , kabeh wes pemain
apik ws gaene melu turnamen ws gaene menang, genanku sek rung taune menang
makane sek bingung sek dredek . tapi aku kudu optimis kabeh kudu dijalani .
hasil pikir guri penting wes doa karo usaha. Selang 30 mnt babak penyisihan
diwiwitte tapi sayange keberuntungan ora mihak nek timku , tapi sek onok sak
pertandingan maneh ge nentukne juara 3 tapi syange podo ae timku klah . pas
kuwi aku nangis mergo gawang ku kebobolan akeh.
“ rausah
nangis kabeh ge pengalaman , ki awal sing apik gak usah getun kalah,sokben
baleni maneh ditoto maneh rausah minder” pelatihku ngomongi aku
“ iya mas “
sauranku
Soko crito
neng duwur aku iso jupuk kesimpulan yen kabeh ki butuh usaha gak gampang pengen
ngentukne sing apik ki. Latihan latihan lak bakalle iso apik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar