Jaga
Silaturahmi Kuwi Penting
Dening
: Shela Dwi F
Isuk
iki mau Pak Anto Ketua Rt 02/Rw 03 ngumumake kanggo kabeh warga supaya saben
dina minggu ngadaake kerja bakti lan saben bengi giliran ronda kanggo
bapak-bapak. Kegiatan kerja bakti kuwi tujuane supaya jaga lingkungan tetep
asri,endah,resik lan nambah rukun ,nambah silaturahmi karo
tangga-tanggane.Tujuane saka ronda yaiku supaya lingkungan aman,tentram,nambah
raket karo tangga.
Tugase
bapak-bapak ngresike suket,ngecat pos kampling,dandani dalan sing wis
rusak,nandur wit,tugase ibu-ibu nyiapke suguhan panganan karo ngombe uga ana
sing ngewangi bapak-bapak.Anak-anake sing lanang ngewangi bapak-bapak,sing
wadon ngewangi ibu-ibu supaya tugase cepet rampung.
Akhire
dina minggu wis teka, kegiatan kerja bakti arep di wiwiti
“tung..tung..tung..tung..tung..tung”
suara kentungan sing di tabuh pak RT nandaake supaya para warga kumpul.
Jam
8 isuk warga wis padha kumpul. Bapak-bapak gawa alat arit,sekop,graji,pacul,uga
ibu-ibu wis kumpul ning omahe pak RT arep masak.Kerja bakti diwiwiti saka
ngresiki sampah sing ana ning kalenan,banjur ana sing nandur wit ,nebangi wit
sing wis gede,dandani dalan sing rusak.
“Pak,pak
bandi kok mboten nate tumut kerja bakti kalih ronda ta pak?” pitakone pak bari. “Mboten
pak,menawi pak bandi nembe wonten keperluan kalih keluargane pak.”wangsulane
pak RT marang pak bari. “Wonten keperluan kok
terus-terusan to pak,napa mboten purun sareng kalih wong biasa ta pak, amargi
pak bandi tiyang sugih?” “Nggih
boten ngenten niku pak,pak bandi niku nggih tanggane sampean pak. Mangga
dilanjutake pak kerja baktine.” “Nggih
pak ,mangga.” Akhire warga nglanjutake tugase dewe-dewe. ”Mangga
pak ,diunjuk kopine.” Salah siji ibu-ibu nyuguhi kopi lan panganan. “Nggih bu.”
Jam
10 kerja bakti wis rampung ,para warga bali ning omahe dewe-dewe. Bengine
jadwal ronda ne pak RT,pak bandi,pak santo,pak rudi lan pak karno,nanging sing
ora teka yaiku pak bandi. Bapak-bapak kuwi kumpul ning pos kampling kanggo bagi
tugas.
“Pak
bandi mboten rawuh ta niki pak?” pitakone pak santo. “Mboten
katingale pak ,sibuk menawi.” Wangsulane pak RT.
Akhire
bapak-bapak bagi tugas ,pak Rt kalih pak santo tugas mubeng,pak rudi kalih pak
karno jaga pos kampling. Pak RT lan pak
santo wis ngubengi omahe warga,nanging ning dalan pak RT lan pak santo ngerti wong sing asing ,dudu
warga RT jumlahe ana papat mlebu omahe pak bandi . Pak RT curiga yen kuwi
maling ,akhire pak RT ngajak pak santo nyedaki omahe pak bandi. Pak santo ora
gelem amarga pak bandi iku sombong,ora srawung karo tanggane.Pak RT
ngomong marang pak santo yen nulung wong
ora oleh pilih-pilih, akhire pak santo gelem. Pak RT lan pak santo nyedaki
omahe pak bandi tibake wong asing kuwi maling tenan, banjur pak Rt ngunikne
kentungan supaya warga kumpul.
“Tung..tung..tung..tung..tung..tung..tung..tung”suara
kentungan sing di tabuh pak RT lan pak santo. Krungu suara kentungan para warga
pada mara ning omahe pak bandi. ”Maling..maling..maling..maling.”
suara warga pada benga- bengok,supaya warga sing kumpul tambah akeh.
Akhire
para warga bisa nangkep maling kuwi, amarga akeh warga pada ngepung omahe pak
bandi ,dadi maling e ora bisa kabur. Maling e kuwi di gowo ning penjara karo
pak polisi. Sadurunge mau pak RT wis telpon kantor polisi ngomong yen ana
maling ning desa jururejo Rt 02 RW03.
Saka
kedadeyan kuwi mau pak bandi ngucapake matur suwun marang para warga sing wis
ngewangi nangkep maling ning omahe. Pak bandi akhire sadar yen jaga silaturahmi
,rukun karo tangga,kuwi penting amarga yen ana masalah kaya
kebakaran,kemalingan tetangga sing bakal
nulung . Sakwise kedadeyan kuwi setiap ana kegiatan kerja bakti,ronda,lomba
agustusan lan kegiatan laine pak bandi lan keluargane melu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar