Kekancan lan
Katresnan
Dening: Suci Dwi
Rohmawati
Dira
yaiku salah sawijining siswi kelas XI
ing SMA N 1 Merah Putih Ponorogo. Preinan utawa liburan sekolah semester 2 iki
Dira lunga menyang Jakarta yaiku ing omahe sedulure. Dira nglampahi waktu liburan ing kutha iku.
Ora kerasa waktu liburan wis meh rampung, Dira pesen tiket ing online ananging
tiket bus lan sepur waktu iku wis telas. Dira bingung amarga sekolah wis arep
mlebu, Dira tansah mriksa ing situs online liyane, akhire Dira oleh tiket
sepur, senajan waktune telat, yaiku seminggu sakwise sekolah mlebu.
Dina
Rabu yaiku dina kapisan Dira mlebu sekolah, Isuk iku Dira semangat banget mlebu
sekolah, dheweke kangen banget marang kanca lan sahabat-sahabate, salah
sawijine yaiku Nisa, Nisa iku bocahe apikan, pinter, sabar lan ayu. Sabendina
Dira apa-apa wae bebarengan karo Nisa, lan opo wae ora ana sing ditutupi atara
siji lan sijine.
Dira
ing sekolah melu salah sawijining ekstra, yaiku ekstra voli. Ing ekstra iku kalebon anggota anyar saking
junior kelas X , salah sawijine yaiku Dirga. Dirga iku bocahe manis, sopan, lan
aktif ing organisasi. Dirga nduweni
kanca jenenge Reihan, Reihan uga melu ekstra voli, Dirga lan Raihan kekancan
apik lan sak lorone cedak banget.
Dina
iku ana jadwal latihan voli, mantuk sekolah Dira lan kanca kancane kumpul ing
halaman. Ing kana wis ana Dirga, Reihan
lan kelas X liyane, waktu iku dina kapisan Dira ketemu karo Dirga lan Reihan.
Dira
takon marang Dirga : "Awakmu kelas X to? "
Dirga
jawab :"Nggih mbak"
Dira : "Kelas apa
dek awakmu? "
Dirga
: "Kelas
X IPS 2, lha jenengan Mbak? "
Dira : "Aku kelas
XI IPA 1 dek"
Dirga
banjur takon menyang Dira :"Namine
sinten Mbak? "
Dira :
"Jenengeku
Dira dek"
Dirga
: "Oooohh
Mbak Dira, Jenengeku Dirga Mbak "
Dira :"Aku
ora takon dek"
Dirga
: "Aku
ngomongi Mbak"
Dira
(jawab karo ngguyu) :
"Hahahaha iya dek, aku guyon"
Dirga
(melu guyu) : " Hahahaha nggih Mbak "
Banjur
ana bocah sing mlaku menyang Dirga, Jebule bocah iku Reihan.
Reihan
(Mlaku karo nimbali) : "Heh Dir! "
Dirga
(mengo menyang Raihan) : "Apa Rei? "
Reihan
: "Ora
apa-apa"
Dira
banjur takon ing Dirga : "Kancamu to dek? "
Dirga
: "Nggih
Mbak, namine Reihan"
Reihan
: "Kula Reihan Mbak "
Dira :
"Oh
iya dek, aku Dira. Kowe kelas apa dek? "
Reihan
: "Sami kalih Dirga Mbak, X IPS
2"
Dira :
"Oooohhh... Sakelas"
Reihan
: "Nggih mbak"
Dira
(karo nyekel bal voli) : "Yowis dek aku arep latihan dhisek"
Raihan
karo Dirga jawab bebarengan : "Nggih
Mbak"
Dira
banjur melu kanca-kancane main voli.
Amarga
Dirga lan Reihan bocah anyar ing ekstra voli, Reihan lan Dirga dadi kerep
hubungi Dira takon masalah ekstra Voli. Sabendina Dira chatingan karo Dirga lan
Reihan. Ananging saya suwe sing dirembuk ora mung prakara voli, ananging
rembugan liyane lan uga guyon. Suwe-suwe
Dira nduweni rasa ing Dirga, Dira banjur crita ing Nisa sahabate.
Ing
kantin.
Dira
kandha menyang Nisa : "Nis rasa-rasane aku kaya seneng
Dirga ya"
Nisa
(jawab karo kaget) : " Dirga? Dirga adik kelas iku? "
Dira
(jawab karo ngguya-ngguyu) : "Iya
Nis"
Nisa : "Dirga sing melu osis iku to??
Dira : "Iya-iya
nis, bocahe iku ya apika, sopan,gek ya manis"
Nisa : "Alalah
aku ora seneng karo bocah iku"
Dira : "Lho,
lha kenapa Nis? "
Nisa : "Iku
bocahe pecicila, aku ora seneng"
Dira :"Alah
ora Nis, ancen bocahe iku seneng guyon "
Nisa :
"kowe ki ngeyel to Dir, dheweke ki saorganisasi karo aku dadi aku
weruh"
Dira : "Lha
aku yo melu ekstra voli kaya dhaweke"
Nisa : "Halah
kowe ki lagi kasmaran mula apa wae apik kanggo kowe"
Dira : "Ancen
bocahe apikan"
Nisa : "Yowis
karepmu, ayo gek ndang di telasno, terus bali ing kelas"
Dira : "Oohh
iya-iya Nis"
Nisa
lan Dira sawise maem banjur balik ing kelas.
Ing
liya dina, Dira weruh yen Dirga nduweni pacar, Dira kaget lan Dira lara ati,
senajan seneng marang Dirga, Dira ora gelem dadi PHO ing hubungane Dirga. Akhir
Dira ngedoh saka Dirga lan dheweke dadi luweh cedhak karo Reihan. Senajan Dira
lagi cedhak karo Reihan, ananging Dira durung bisa nglalekake Dirga
Ing
dina sak lanjute Nisa crita ing Dira yen dheweke bubar chatingan karo dirga,
amarga rerembugan prakara osis.
Nisa :
"Dir wingi kae aku bubar chatingan karo dirga rembugan prakara osis"
Dira : "Oalah
iya Nis"
Nisa : "Kowe
kenapa Dir? Biasane yen rembug Dirga kowe langsung semangat"
Dira : "Ora
apa-apa Nis, Dirga iku jebule wis nduweni pacar"
Nisa
jawab : "Kan aku wis kandha to Nis, yen
bocah iku gak apik kanggo awakmu"
Dira : "Ora
Nis,mungkin aku wae sing nduweni pengarep sing luwih marang dheweke"
Nisa
(jawab karo ngelus-ngelus sirahe Dira) : "Yowis Dir ora apa-apa, sing sabar
ya"
Dira :
"Iya nis suwun ya"
Nisa :
"Iya Dir, wes ayo mulih"
Dira : "Ayo
nis"
Ing
sawijining waktu, Dira lan Nisa lagi ing kelas.
Pas lagi enak-enak e omongan Nisa keweton omongan yen dheweke kerep
chatingan karo Dirga. Dira kaget banjur takon.
Dira : "Lho
awakmu isin chatingan karo Dirga to? "
Nisa : "Iya
Dir, emmm kowe ora nesu to? "
Dira : "Ora
Nis, kan sak iki aku wes cedhk karo Reihan"
Nisa : "
Oalah iya Nis tak kira awakmu nesu"
Dira : "Ora
lah" (mesem senajan ing jero ati Dira nangis)
Ing
liya Dina, Nisa crito marang Dira.
Nisa : "Nis
Dirga putus karo pacare"
Dira : "Lho
iya to, la terus kepriye? "
Nisa : "Dheweke
kandha yen dheweke seneng aku"
Dira : "
Wahh di perjuangno kowe nis"
Nisa : "Aku
bingung aku kudu kepriye "
Dira : "
wes ora usah bingung, manut wae"
Nisa : "
Iya dir"
Atine
Dira saya lara amarga dheweke weruh yen wong kang di tresnani seneng marang
sahabate dewe, ora mung teko semono, Dira kudu ngempet lara ati saben Nisa
crito prakara Dirga ing dheweke, saya suwe Nisa lan Dirga saya cedhak, Dira
amung bisa nyawang salorone lan ngempet loro ing atine.
Ing liya dina ana pertandingan voli
antarane SMA N Merah Putih Ponorogo karo sekolah liya sing di anane ing GOR,
Nisa teka ing acara iku, Dira marani Nisa
Dira
"Nis, kowe yo mirsani to? "
Nisa
"Iya Dir, aku nyemangati Dirga"
Dira "Lho kok Dirga, lha aku gak to? "
Nisa
"Kan wes ana Reihan"
Dira
"Oh iya, yowis aku pemanasan dhisik yo"
Nisa
"Iya Dir, semangat ya"
Dira
"Oke nis"
Pertandingan wis diawiti, tim e Dirga main
luweh dhisik, ing sasuene pertandingan Nisa nyeluki jenenge Dirga,atine Dira
panas nyawang iku, akhire dheweke milih nyingkrih. Pertandingan dimenangno tim
PA Dirga lan tim PI Dira. Sak wise pertandingan bubar, Dirga marani Nisa,
jebule Dirga nembak Nisa ing sak ngarepe Dira, Nisa banjur ngingeti Dira,
mripate nisa menehi kode ing Dira sing artine kudu di tampa apa ora, Dira
manthuk-manthuk, yaiku tandane tampa, atine Dira panas nyawang kedadeyan iku,
Dira pengen nangis, akhire Dira wis ora kuat tenan, dhewek omong yen arep ing
kamar mandi, ananging Dira ora ing kamar mandi, dheweke mulih. Teka omah
dheweke di WA Nisa.
Nisa :
"Dir kowe ning ngendi?
Dira :
"Aku wis mantuk Nsemonosa "lho mau ngomonge ning kamar mandi"
Dira : "Iya
nis sepurane mau aku di WA ibukku diutularantuk cepet"
Nisa : "Oalah
iya Dir "
Dira : "Kepriye
mau mbok tampa opo ora? "
Nisa : "
Iya Dir tak tampa"
Dira : "Aku
melu seneng Dir, muga-muga langgeng ya"
Nisa : "Iya
Dir suwun ya, bener omongmu Dirga iku apikan"
Dira : "Iya
Nis kan aku wes omong"
Nisa : "Iya
Dir"
Dira nangis ing jero kamar, dheweke bingung
kudu seneng opo sedih, dheweke sedih amarga kelangan wong sing ditresnani,
ananging ing papan liya dhewek melu seneng yen sahabate seneng. Akhire Dira
coba nglalikake Dirga lan nglilane Dirga
bahagia karo wong sing dadi pilihane Dirga, kanggo Dira kekancan iku luweh
penting tinimbang liyane, dheweke emoh yen kekancane buyar amarga katresnan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar