Follow Us @soratemplates

Senin, 01 Oktober 2018

Oktober 01, 2018 0 Comments
CERKAK 03 ^_^


Tresna Pungkasan Ing Malem 1 Suro
Dening : Sekar Kinasih 

September 2015, aku nate cedak karo bocah lanang jenenge Mas Putra. Deweke teko pas aku bar ditinggal lungo karo bocah lanang liyan. Mas Putra yen kaliyan karo bocah wadon wonge pangerten, wonge 4 tahun luwih tuwa saka aku. Aku ngerasa bejo iso cedak karo mas Mas Putra. Deweke termasuk wong sing diincer wong wadon ing desoku. Pangarepku deweke iso dadi mas, kanca lan pacar sing ana kapan wae aku butuh, ana ing seneng utawa karubedanku, sing iso terus nuntun aku tetep ning dalan sing lurus.
Nanging kabeh angen-angen kuwi dadi semu. Pas malem 1 suro, genep 3 dino Mas Putra ilang ora ana kabar. Wayah kuwi aku wis cedak watara 3 minggu. Wengi kuwi aku ana acara perguruan sing miturutku luwih penting saka Mas Putra. Aku yo ora mikir reno-reno. Aku mung mikir piye acaraku wengi kuwi sukses lan ana manfaate.
Sesok wengine kancane Mas Putra sms aku, jenenge Mas Ridho. Aku kaget deweke sms aku dowo banget perkara Mas Putra.
“Dek.. wis ora usah mikir Mas Putra, ora usah ngangen-ngangen deweke iso bareng terus karo kowe. Ndek wingi bengi pas awakmu ana acara perguruan, Mas Putra ora melu aku ning Alas Srigati. Mas Putra mara ning omahe pacare ndisek, deweke mbalik karo bekas pacare.”
Aku nratap maca sms kuwi, nanging aku macak biasa.
 “Halah nggagas mas...” Padahal ning ati rasane wis ora karuan.
 “Aku ki tenanan dek.. Mas Putra ndek ingi nyilet tangane ben metu getihe, banjur dingo nggawe tulisan I Love You ning kertas. Malahan Mas Putra ndek ingi yo mbungkus hadiah dingo bekas pacare ning omahku.”
Aku wis ora bisa omong apa-apa maneh. Eluhku mbrebes mili wis kaya tirta segara. Aku rangerti apa salahku banjur deweke ninggal aku tanpa sebab.
Sawetara menit Mas Putra sms aku, deweke njlentrehne kabeh sing diomong Mas Ridho.
 “Dek.. sepurane. Jujur aku ndek wingi ning omahe bekas pacarku mbiyen, aku balikan karo deweke. Aku ngerti aku salah, tapi ora bisa dipungkiri aku isih sayang mantanku kuwi. Aku pacaran karo dewekw wis 2 tahun. Deweke sayang banget karo aku. Bapak, ibuk’e lan mas’e wis ngerti hubunganku kuwi, yo uwis nyetujoni. Aku pengen njaga janjiku karo mas’e dek, aku kudu njaga deweke, nyemangati deweke mergo wis arep Ujian Nasional.”
Aku wis bingung arep ngomong apa maneh, rasane durung wae nganti garing catu sing ning atiku. Tegone sakiki kowe nambahi larane bathinku.
“Iyo mas.. aku ngerti. Yo piye maneh nek wis kadung tresna ora bisa dipungkiri.” Pikiran ku ruwet ora karuan.
 “Sepisan maneh aku njaluk ngapuro dek, aku salah. Aku yo ora ngerti sayangmu kuwi tulus opo ora ning aku. Aku yo ora wong apik sing patut nggo kowe. Jik akeh wong apik sing patut nggo awakmu tinimbang aku. Aku pengen dadi mas mu, sing tansah njogo awakmu. Aku pengen ngomong langsung ning ngarepmu, nanging aku ora tego ngingeti kowe nangis dek..”
Aku sadar aku dudu sak apik-apike uwong sing patut dadi pendamping wengi kuwi aku ana acara perguruan sing menurutku luwih penting saka Mas Putra. Aku mung bocah sekolah sing isih labil perkara tresna.
Sakiki 3 tahun wis kelewat, saksuwine kuwi uga deweke ora nakok i aku. Aku mikir, deweke sing miwiti, deweke uga sing mungkasi banjur sakiki deweke merlakokne aku kaya ngene. Nanging, aku ngerti paling kabeh kuwi amarga cerita 3 tahun kepungkur. Aku ngerti deweke ngerasa salah banget. Aku sakiki wis nyoba biasa lan nyoba ngelalekake kabeh kenangan sing nate tak lakoni karo Mas Putra. Sakiki wonge wis urip seneng karo pacare kuwi. Kaitung sakiki wis ana 5 tahun wonge pacaran. Aku uga bisa nampa kabeh kuwi. Senadyan deweke tetep ora tau nakoni kaya wong ora kenal karo aku.
Pesen moral sing bisa dipundut saka cerita iki yaiku, awake dewe kudu bisa nampa kasunyatan. Yakino jodoh, pati lan rezeki uwis diatur gusti Allah ingkang Maha Mirah.















Oktober 01, 2018 0 Comments
CERKAK 08 ^_^

Jaga Silaturahmi Kuwi Penting
Dening : Shela Dwi F

Isuk iki mau Pak Anto Ketua Rt 02/Rw 03 ngumumake kanggo kabeh warga supaya saben dina minggu ngadaake kerja bakti lan saben bengi giliran ronda kanggo bapak-bapak. Kegiatan kerja bakti kuwi tujuane supaya jaga lingkungan tetep asri,endah,resik lan nambah rukun ,nambah silaturahmi karo tangga-tanggane.Tujuane saka ronda yaiku supaya lingkungan aman,tentram,nambah raket karo tangga.
Tugase bapak-bapak ngresike suket,ngecat pos kampling,dandani dalan sing wis rusak,nandur wit,tugase ibu-ibu nyiapke suguhan panganan karo ngombe uga ana sing ngewangi bapak-bapak.Anak-anake sing lanang ngewangi bapak-bapak,sing wadon ngewangi ibu-ibu supaya tugase cepet rampung.
Akhire dina minggu wis teka, kegiatan kerja bakti arep di wiwiti
“tung..tung..tung..tung..tung..tung” suara kentungan sing di tabuh pak RT nandaake supaya para warga kumpul.
Jam 8 isuk warga wis padha kumpul. Bapak-bapak gawa alat arit,sekop,graji,pacul,uga ibu-ibu wis kumpul ning omahe pak RT arep masak.Kerja bakti diwiwiti saka ngresiki sampah sing ana ning kalenan,banjur ana sing nandur wit ,nebangi wit sing wis gede,dandani dalan sing rusak.
“Pak,pak bandi kok mboten nate tumut kerja bakti kalih ronda ta pak?” pitakone pak bari.                                                                                                                                     “Mboten pak,menawi pak bandi nembe wonten keperluan kalih keluargane pak.”wangsulane pak RT marang pak bari.                                                                                             “Wonten keperluan kok terus-terusan to pak,napa mboten purun sareng kalih wong biasa ta pak, amargi pak bandi tiyang sugih?”                                                                                 “Nggih boten ngenten niku pak,pak bandi niku nggih tanggane sampean pak. Mangga dilanjutake pak kerja baktine.”                                                                                                  “Nggih pak ,mangga.” Akhire warga nglanjutake tugase dewe-dewe.                      ”Mangga pak ,diunjuk kopine.” Salah siji ibu-ibu nyuguhi kopi lan panganan.                     “Nggih bu.”
Jam 10 kerja bakti wis rampung ,para warga bali ning omahe dewe-dewe. Bengine jadwal ronda ne pak RT,pak bandi,pak santo,pak rudi lan pak karno,nanging sing ora teka yaiku pak bandi. Bapak-bapak kuwi kumpul ning pos kampling kanggo bagi tugas.
            “Pak bandi mboten rawuh ta niki pak?” pitakone pak santo.                                     “Mboten  katingale pak ,sibuk menawi.” Wangsulane pak RT.                                   
Akhire bapak-bapak bagi tugas ,pak Rt kalih pak santo tugas mubeng,pak rudi kalih pak karno jaga pos kampling. Pak RT lan  pak santo wis ngubengi omahe warga,nanging ning dalan pak RT  lan pak santo ngerti wong sing asing ,dudu warga RT jumlahe ana papat mlebu omahe pak bandi . Pak RT curiga yen kuwi maling ,akhire pak RT ngajak pak santo nyedaki omahe pak bandi. Pak santo ora gelem amarga pak bandi iku sombong,ora srawung karo tanggane.Pak RT ngomong  marang pak santo yen nulung wong ora oleh pilih-pilih, akhire pak santo gelem. Pak RT lan pak santo nyedaki omahe pak bandi tibake wong asing kuwi maling tenan, banjur pak Rt ngunikne kentungan supaya warga kumpul.
“Tung..tung..tung..tung..tung..tung..tung..tung”suara kentungan sing di tabuh pak RT lan pak santo. Krungu suara kentungan para warga pada mara ning omahe pak bandi.                     ”Maling..maling..maling..maling.” suara warga pada benga- bengok,supaya warga sing kumpul tambah akeh.
Akhire para warga bisa nangkep maling kuwi, amarga akeh warga pada ngepung omahe pak bandi ,dadi maling e ora bisa kabur. Maling e kuwi di gowo ning penjara karo pak polisi. Sadurunge mau pak RT wis telpon kantor polisi ngomong yen ana maling ning desa jururejo Rt 02 RW03.
Saka kedadeyan kuwi mau pak bandi ngucapake matur suwun marang para warga sing wis ngewangi nangkep maling ning omahe. Pak bandi akhire sadar yen jaga silaturahmi ,rukun karo tangga,kuwi penting amarga yen ana masalah kaya kebakaran,kemalingan  tetangga sing bakal nulung . Sakwise kedadeyan kuwi setiap ana kegiatan kerja bakti,ronda,lomba agustusan lan kegiatan laine pak bandi lan keluargane melu.


Oktober 01, 2018 0 Comments
CERKAK 36 ^_^

KEKANCANAN
Dening : Yulikhe Indra Handayani

 Ing sawijining sekolah SMK ning Ngawi, ana loro wong sing wis kekancan suwi yaiku Manda lan Ana. Manda lan Ana kenal pas SMP amarga sak kelas. Kekancanan iku terus lanjut sampek SMK iki. Wong loro kuwi sengaja milih sekolah lan jurusan seng podho amarga ben gak pisah. Saiki Manda lan wes kelas telu.

“Eh, we wes nggarap PR durung?” takon Ana. Ana sengaja takon kuwi ning Manda supaya Manda bingung.
“Emang enek PR? Nak enek PR emang PR opo ae?”
“Lah, kowe po ra ngerti? Pelajaran dino iki niate enek PR kabeh kok. Piye to we ki? Wong kok lalinan.” Jawab Ana karo medeni Manda.
“Mosok to Na? We gak ngapusi aku kan?” Manda bingung.
“Tenanan iki, Nda.” Wangsulane Ana
“We wes nggarap kan? Aku nurun ya? Ya ya ya, Ana cantik deh.” Rayu Manda menyang Ana karo masang muka paling melas.
“Bwahahahahaha….. Gak enek PR kok dino iki, Nda.” Omong Ana jujur menyang Manda amarga Ana wes gak tahan ngingeti wajah e Manda sing melas.
“Ya Allah Anaaaaaa, dadi we ngapusi aku? Seneng banget we ngingeti koncne sengsoro?” Manda masang wajah nesu.
“Maaf deh maaf, lagian dadi wong kok penak banget diapusi, lalinan pisan”
Manda wes gak jawab omongane Ana amarga bel masuk wes muni lan Bu Siti, guru pelaran Matematika masuk kelas.
Kringg…..kringgg. Gak kroso bel mulih sekolah wis muni. Murid-murid podo metu soko kelas. Ana lan Manda metu soko kelas bareng. Ning perjalanan arep menyang parkiran,,
“Eh, Nda we gelem gak tak jak ning toko buku?” Ajak Ana ning Manda.
“Oke, sok kapan? Jam piro?” Takon Manda
“Sok Minggu jam 10 ya, oke? Tapi aku ngko parani ya…”
“Oke siipp.” Wangsulane Manda karo ngacungne jempol.
Detik ganti jam, jam ganti dino gak kroso dino iki wis Dino Minggu. Awet jam pitu isuk, Ana wis resik-resik omah ben lah ning toko buku ora telat. Jam songo isuk, Ana wis siap budal ning toko buku. Ben mengko nak Manda teko ning omahe Ana iso langsung budal pikir Ana.
Jam sepuluh, Manda urung teko ning omahe Ana. Ana ijek nunggu. Sampek jam sewelas awan, Manda yo urung teko ning omahe Ana. Ana ijek nunggu. Sejam……siji setengah jam…..rong jam, Manda yo urung teko ning omahe Ana.
“Iki Manda ning endi to? Kok sampek yah mene urung teko.”Takon Ana menyang awak e dewe.
Amarga wis kesel nunggu, Ana mlebu kamare karo mrengut. Rencanane arep tuku buku gagal total goro-goro Manda. Sesok e ning sekolah, Ana ora omongan karo Manda. Nanging dasare Manda wonge ora peka, dadi Manda pikir Ana cuman lagi kesel.
“Na, iki carane ngerjakne sing iki piye?” Takon Manda. Nanging Ana cuman meneng ae.
“Na, ngko istirahat ning kantin bareng yok,” Ajak Manda nanging Ana ijek meneng ae
Sampek seminggu, Ana karo Manda ora omongan blas, luwih tepate Ana ora gelem nyauri omomgane Manda. Sampek akhire, Manda nekat takon ning Ana.
“Na, sakjane we wi ngapo? Saben tak takoki ora tau dijawab” Takon Manda saking penasarane ngapo Ana ora gelem omongan karo Manda.
“Pikiro dewe, Nda! Nduwe utek ki dingo mikir to.” Wangsulane Ana judes.
“We kok lah nyauri ngono men to Na, nak aku nduwe salah aku yo minta maaf.” Wangsulane Manda.
“We nyadar gak, Nda? Nak ndek dino Minggu kae aku ngenteni kowe sampek jamuren tapi opo? Kowe malah ora teko.” Wangsulane Ana karo emosi.
“Ya Allah, Na aku lali Na. Sepurane ya. Aku bener-bener lali nak arep ning toko buku karo kowe.” Manda nyuwun sepura menyang Ana.
“Yo wis, saiki tak maafne. Tapi ojo diulangi maneh! Nak mbok ulangi maneh aku emoh maafne kowe!”
“Makasih Ana, koncoku sing paling apik, paling ayu dewe pokok.”
Akhire Ana ngekeki sepura ning Manda. Amarga Ana pikir nak nesunan suwi kuwi ora penak tur Ana karo Manda wis konconan suwi. Semenjak perkara kuwi, Ana lan Manda luwih cedhak.
TAMAT



Oktober 01, 2018 0 Comments
CERKAK 35 ^_^

SAHABAT X KANCA
Dening : Yulia Ariska 

            Wong-wong biasane ora patio merhatikne bedane sahabat lan kanca. Asline saka tata bahasa lan pangertene iku uwis bedo. Menurutku Sahabat iku wong  sing cedak ngerteni keadaane awake dewe, nulung pas awake dewe susah lan melu seneng yen awake dewe seneng. Lek kanca iku wong sing teko nek butuh tok. Ning panggonanku basane kanca musiman.
            Sahabat iku bisa diitung karo driji, lek kanca iku akeh. Sing ketoke njobone apik, durung mesti njerone iyo apik. Iso diumpane kaya-kaya kedondong lan durian. Pinter-pintere awake dewe milih kanca. Aku lagi sadar tentang bedane kanca lan sahabat akhir-akhir iki saka pengalaman sing lagi bar tak lakoni.
            Jenengku Aska, aku nduwe pengalaman sing bakal tak bagine karo kanca-kanca. Ndek mben pas aku kelas loro SMA aku ndue kanca jenenge Anes. Menurutku pas awal-awal kelas siji, pas gung rodok akrab sikape wonge ning aku biasa. Ora nate nyalahi, apikan marang kanca-kanca liyane. Pas aku kelas loro aku mulai cedak kancanan karo Anes, ning ndi-ndi mesti bareng karo Anes. Ameh mulih sekolah ae janjian bareng.
            Pas sasi Januari aku Kunjungan Industri ning Jogjakarta, Jawa Tengah. Pas kui aku janjian dadi kanca sampingane Anes. Pas dino sak urunge budal, Anes sempet crita ning aku nk wonge awake rodok gak penak.
“Ka, awakku ws gak penak iki piye? Aku kuat melu KI opo ora ya?” ucap Anes
“koe mesti kuat kok nes, enek aku ning kono. Mengko nek enek opo-opo njaluk o tulung marang awakku ae.” Saurane Aska
“oalah iyo ka, matursuwun ya” ucap Anes
“iyo, podo-podo nes” Saurane Aska
            Sak bare kui, bengi jam loro cah-cah dikon kumpul ning sekolahan mergo bis budal jam telu. Aku teko rodok keri, aku goleki kursi panggonan sing arep tak lungguhi karo Anes. Aku moro ning Anes, lan takon,
“Nes, kursi sing arep dipanggoni adewe ning bagian endi?” takon Aska
“ning cedak lawang guri ae ka!” saurane Anes
“oalah oke” saurane Aska
Trus aku moro ning kursi, terus aku lungguh karo dolanan hp. Kanca-kancaku lan Anes podo lungguh ning kursine dewe-dewe amarga bis arep dibudalne. Bis wis dibudalne, awit budal Anes awake wis aget. Trus aku inisiatif ngekeki minyak kayu putih karo ngekeki jajan lan ngombe, menawa nek wonge durung sarapan.
            Banjure wis teko rumah makan, wonge tak tuntun marang panggonan maem. Trus wonge tak jak antri jupuk maem, bar kui awake dewe maem. Trus nglanjutne perjalan, wis teko perjalan awake  dewe seneng-seneng lan dolanan ning kono. Mampir ning pabrik, lan dikeki pengarahan marang pegawaine. Banjur kabeh wis bar, pas mulihe awake dewe mampir menyang Malioboro. Pas mampir ning Malioboro kui wayah wis sore arep bengi, cah-cah dikon ndang cepet nek ameh tuku oleh-oleh.
            Pas aku ameh medun, aku ndemek batuke Anes. Aku ngecek kok panas, opo wonge loro. Aku takon marang Anes,
“Nes kok batukmu panas, koe loro to?”
“iyo, awakku panas. Aku gak medun ya, aku ameh leren ae ning bis. Omongne gurune ya?”
“iyo nko tak omongne gurune, koe sing ati-ati ning jero bis”
Terus aku medun, melu tuku oleh-oleh. Trus aku mbalik ning bis ndelok keadaane Anes. Trus pas wayah mulih Anes muntah-muntah, aku gak tego trus wonge tak urusi. Tak ewangi sekabehane ben wonge penak, tak rewangi melek bengi ra iso turu dingo ngurusi wonge. Kanca-kancaku liyane ora enek seng gelem ngewangi. Trus pas wes teko sekolahan wonge mulih ning omahe mas ponakane.
            Semenjak mulih KI sifate wonge marang aku wis bedo, sing ndek mben e apik saiki mbuh goro-goro alesan opo wonge ngadoh soko aku. Sing tak kirone wonge bakal dadi sahabatku, terimane saiki cuman dadi konco. Aku nate nakoni alesane wonge ngadohi aku, tapi pas wes tak cedaki meh tak takoni wonge malah ngehindar. Sak bare kui wonge tak umbar, aku wis kesel nyedaki wonge. Trus tekan saiki wonge ora cedak ning aku.
            Sak bare kedadeyan kui aku bakal ngati-ngati nek golek sahabat. Golek konco sing tenan gelem nompo awakku opo eneke, ora malah enek opone. Sing tak kirane wonge apikan tapi malah kerine seneng ngelek-ngelek awakku.
            Uwis sak mono wae cerita pengalaman saka awakku, mugo-mugo iso didadekne pelajaran marang koe-koe sing moco ceritaku iki.


Oktober 01, 2018 0 Comments
CERKAK 34 ^_^
“Seminar UN/PTN”
Dening : Yga Yunan Risma

Dino Kamis  tanggal 13 September sekolahku ditekani karo mahasiswa . mahasiswa-mahasiswa iku mau gabung dadi siji ing forum organisasi kang diarani “GEMAS” yaiku gerakan mahasiswa cerdas. Banjur aku lan kanca-kanca diwenehi pengumuman kumpul ing Mushola skansa jam 13:00. Wektu wis nunjukake jam 13:00 aku lan kanca-kanca bebarengan mlaku moro ing mushola. Saktekane ing mushola awakdewe iseh ngenteni sedilut amarga tasih ana sing sholat. Sakwise sing sholat rampung, akhire aku lan kanca-kanca lungguh bareng karo kanca-kanca teka kelas lio. Ing kegiatan kui salah siji mahasiswa presentasi ngenani babagan UN/PTN ananging gur singkat amarga waktu sing disediakne sekolah ora suwe-suwe. Ing akhir presentasi mahasiswa iku mau nawarke masalah seminar kanga rep diadakne dina munggu tanggal 16 September nanging kudu cepet datane sing melu kudu disetorake paling telat jam 15.30 .
Ngerti yen waktu sing disediakne dening panitia saitik akhire aku lan kanca sekelas cepet-cepet mlaku balik ning kelas lan ngrembug babagan iki bebarengan. Akhire bocah sekelas setuju yen bayare seminar iku mau ditalangi duwek kas kelas disek amarga bocah-bocah wes pada kentekan duwek. Banjur bendahara kelas njipuk duwek ing Bank Mini . Nalika wis rampung aku lan kanca sekelas praktek myob kangge persiapan Lembaga Sertifikasi Profesi utawa singkate yaiku LSP. 2 jam pelajaran ing lab akuntansi lan madep komputer.
Mara-mara ora krasa wektu wis nggenahke jam 15.20. banjur enek pengumuman teka sentral donga muleh bareng sakbare donga ngenteni sekitar 10 menitan akhir e bel muleh muni. Aku lan kana-kanca bale king kelas lan muleh teka sekolah. Salah siji kancaku mara ing tribun cedhake alun-alun kanggo daftar seminar iku mau. Karo daftar iku mau diwenehi pengumuman yen acara seminar e yaiku dina minggu tanggal 16 September 2018 ing gedung Eka Kapti ananging lokasi lan waktune bisa maleh sakwayah wayah. Dina Jum’at e aku lan kanca-kanca iseh sekolah kaya biasane lan dina sabtune prei. Bengine aku takon koncoku jenenge Tari .
Risma :”Tar sesok budhal karo sopo?”
Tari      : “gak karo sopo-sopo ma, bareng opo pie?”
Risma : “Iyo tar”
Tari      : “yo sesok isuk tak parani budhal jam 06.30 ya”
Risma  :” oke”
            Banjur ning grup kelas ana pengumuman yen seminare iku diubah lokasine yaiku ning gedung STKIP ngawi jam 07.30 lan diwenehi pesen  nggawa alat tulis lengkap kangge nyatet. Sakwise maca pengumuman iku mau aku nyepakake opo ingkang digawa sesok ben ora lali sakbare nyepakne barang-barang sing arep digawa sesok banjur aku turu amrih ora kerinan sesok isuk amarga budhal e lumayan isuk.
            Isuk e aku tangi jam 04.30 banjur wudhu terus shalat subuh. Sakbare kui aku nyetrika krudung lan klambi sing arep tak gawe ngko ning acara seminar. Sakwise setrika aku ngurusi adiku sedelo amarga arep sekolah. Sakbare kabeh kui aku mangkat adus wektu wis ning jam 05.45 lan salin sakwise salin aku iseh nunggoni koncoku mau yaiku Tari. Sakurunge budhal ibu mpun ndawuhi maem amarga cepet-cepet selak telat. Let sedhelo ananging aku ora maem Tari teko banjur moro ing sekolahan ngenteni kanca-kanca liane mlumpuk.
            Sakwise tekan sekolah wis ana kanca-kanca sing teka banjur sepeda motoran bareng mara ing STKIP ngawi. Perjalanan e kurang luwih 15 menit. Saktekane ing lokasi aku lan kanca-kanca antri tiket lan absen disek . Panitia ngumumake yen acara wis arep dimulai akhire aku lan kanca-kanca gemruduk mlebu ruangan ben entuk lungguh ngarep. Let ora suwe mas sing biasane nyampekake materi. Acara kui diawali njawab pertanyaan sing isine “Ya/Tidak” sing ana ing layar monitor jumlahe 40 soal . Banjur acara diterusake babagan persiapan UN/PTN.
            Bocah-bocah diduduhake gambaran gambaran bocah-bocah sing ora lulus UN kareben sregep sinau lan tirakat saka saiki. Sateruse njelaske babagan cara ngebarke soal-soal UN/PTN nggawe cara ingkang gampang dimangerteni lan mbutuhake waktu singkat. Aku lan kanca-kanca seneng iso melu seminar iki amarga bias nambah ilmu lan nambah pengetahuan sing saurunge ugung ngerti wes lumayan ngerti. Amarga cara-cara sing wes diterangke gampang dipahami akhire aku lan kanca-kanca nduweni niat tuku buku iku kareben gampang sinau. Acara seminar iku mau rampung jam 10.30. Dirampungi donga bebarengan.
            Sakbanjure acara bar aku lan kanca-kanca metu teka ruangan ngrembuk bareng masalah buku iku mau lan akhire sepakat yen sakelas tuku buku 6. Banjur aku lan kanca-kanca balik ning omah. Ning perjalanan balik mara-mara ana akeh polisi yaiku tilangan. Aku lan Tari diendek polisi lan akhire mandek ditakoni SIM lan STNK. Akhire tari ngetokake STNK lan SIM e sakwise iku dipeseni polisi aja banter-banter nek numpak montor.
            Saka operasi tilangan iku mau akeh kanca-kanca liane sing ketilang amarga during nduweni SIM. Sakbare kui aku lan kancaku mampir ning masjid sedela . Sakwise ning masjid terus tumbas maem amarga luwe teka isuk durung sarapan. Sakbare maem balik ning omah. Tari mampir disek ning omahku sedela merga  arep shalat dzuhur lan leren merga awan iku panas banget.
            Pas jam 13:00 Tari muleh amarga wes kesuwen lan dheweke arep leren ning omahe dewe. Banjur aku mapan turu lan tangi jam 16:30 banjur sholat lan adus. Terus bengine ngewangi ibu sedela,ngajari adik sinau banjur aku sinau materi dinggo sesok, ngerjakne tugas . Sakbare iku ndelok acara tv . Ora suwe wes jam 22:00. Terus aku mapan turu merga sesok wis kudu tangi isuk lan sekolah amrih ora telat.



Oktober 01, 2018 0 Comments
CERKAK 33^_^

KEKAREPAN SEPELE
Dening Wulan Dwi Susanti

Rini yaiku Murid ing SMKN 1 NGAWI. Rini murid kelas 12 jurusan Akuntansi sing nduweni otak sing cerdas lan pinter nang kelas e. Rini okeh di senengi marang guru-guru merga Rini nduweni budi pekerti luhur lan sopan santun marang kabeh wong. Ora heran lan kancane Rini podo seneng kekancanan karo wonge. Rini wonge apik an gelem marai kancane sing raiso marang pelajaran.

Rini nduweni adek jeneng e Rina, Rina kwi nduweni Kekarepan kepengin nduwe sandal anyar.Pas Rini ngajak Rina Ing pasar Ngawi Rina ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane wis ora bisa di gawe. Adhine Rini jenenge Rina,sing umure 5 taun. Rini sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Rini saka keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi  buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai klambi ing desane. Nanging Rini tetep nrima opo sing dadi gawean e bapak lan ibuk e Rini.

Ing salah siji toko pas Rini lewat karo Rina nang ngarep e.
“Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis.

“Mba ora duwe duwit,Rin. Iki ae duwite arep nggo tuku sayur tok ora cukup lan dinggo tuku sandal barang.” jawabe Rini sing melas karo adhine.

Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.

Sawise saking pasar lan tuku sayuran Rini bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Rini bocah sing sregepan lan manutan. Rini ora isin amarga anak saka keluarga sing gak mampu, kancane yo ora tau ngelokne Rini utawa ngucilne, kancane podo ngerty ekonomi saka Rini. Omahe saka pring sing dianyam durung bata lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, latare isek saka lemah, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar. Mergo kuwi omahe isih ketok apik.
Senajan Rini saking keluarga sing ora  mampu, nanging bapake pingin Rini dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi supaya bisa ngangkat Drajat e wong tua. Bapake ora kecewa amarga Rini termasuk siswa sing pinter ing sekolahane. Amarga iku Bapak e Rini bersuyukur sanget nduweni anak koyo Rini. Wengine pas Rini arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Rini.

“Ni, kowe harus dadi  wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Rini
"Enggih pak"
"Kudu bisa dadi wong sing sukses lan ojo lali tetep bersyukur" ngendikane bapak
“Nggih pak,kula ajeng usaha lan terus bersyukur marang gusti.”
 Esuk-esuk sing atis banget Rini wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolahan. Rini uga mangkat esuk merga Rini  arep melu lomba Cerdas Cermat sing diadakake nang SMA. Sewise siap Rini pamitan karo wong tuwane.

“Pak, Bu, kula badhe mangkat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,” pamitane Rini karo jabat tangan wong tuwane.

“Ya, Amin. Ati-ati ya Ni,” ngendikane bapake.
"Aminnn, Ojo lali dunga sadurungu garap yo nduk" ngendikane ibuk e.

“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar.

Tibaning sekolahan Rini deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah amarga sekolah liyo podo melu lomba cerdas cermat nang sekolah e Rini. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik.

Ing lomba Rini bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Lan wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh  juara 1 kuwi Rini. Rini langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Rini seneng amarga bisa juara siji lan ora nyangka banget bisa juara siji. Kanca-kancane podo seneng Rini iso dadi juara.
Sawise lomba bar Rini bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.
Tekan kenyang omah.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”

“Wa’alaikum salam, ana apa Ni?”pitakone ibune Rini.

“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”

“Alhamdulilah, Ni.  Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.
"Alhamdulillah mba, aku sido ditumbasne sandal ki" omong e rina kanthi bungah.

Sore-sore, sawise ganti klambi Rini ngajak Rina adhine menyang pasar Ngawi tuku sandal anyar.
Tibane sing salah siji toko bakul sandal.

“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Rini maring adhine.

“Sing werna pink mba!”

Langsung bae Rini tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Rini lega merga  wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.

“Matur nuwun ya mba.”
"Iyo dek sami-sami" ucapane rini.

Atine Rini tambah bungah amarga iso nukokne sandal adhine lan iso menang lomba.



Oktober 01, 2018 0 Comments
CERKAK 32 ^_^

Kanco Apik Ku
Dening Winda Siti

Jenengku Laras, aku duwe 4 kanca sing jenenge Dian, Dewi, Eliana, lan Rianti. Dheweke kanco nalika cilik nganti gedhe. Kita mlebu sekolah seng podho dan kelas seng podho, koncoku padha uga ngerti yen aku cedhak karo Mas Vian. Kita pacaran uwes ketkelas 1 SMP. Hubungan kita uwes suwe banget nganti 4 taun. Dekrikala semono hubungan kita rusak amarga Rianti. Éwadéné Mas  Vian nyedhaki Rianti, ing wiwitan mula aku dadi curiga, nanging ing wektu sing padha dheweke wis cedhak banget. Sanadyan aku curiga karo wong loro, nanging aku ora bisa langsung ngandhani ala marang Rianti, aku kudu nemokake dhisik. Nalika aku mulih saka sekolah, Vian teka kelasku lan nimbali Rianti, aku mikir Mas Vian nyeluk aku.
"Rianti" ngandika Mas Vian.
"Ya Mas, piye apa," wangsulane Rianti karo eseman.
"Aku arep ngejak sampeyan menyang toko buku, kowe sibuk dina iki opo ora," pitakone Mas Vian.
"Ora Mas." Rianti mangsuli. "Laras sampeyan uga melu lan kabeh sedaya," ujare Rianti.
"Aku nyuwun pangapunten, nanging aku ora bisa melu Dewi lan aku arep les," Dian mangsuli.
"Aku ora bisa melu, amarga dina iki aku duwe janji karo Eliana, aku arep ngeterke dheweke menyang rumah sakit," aku mangsuli kanthi pasuryan sing kesengsem.
"Ya, ya, yen sampeyan ora bisa gabung. Aku lunga dhisik, "ujare Rianti.
"Sampeyan bisa mulih dewe, Laras." Takon Mas Vian
"Ya".
Aku mangsuli kanthi nesu lan ninggalake dheweke.
Nalika Rianti lan Mas Vian ngiwa, Eliana lan aku ngetutake dheweke. Nalika aku teka ing toko buku aku weruh Mas Vian lan Rianti begitu mesra, nalika Rianti kepéngin metu saka toko dheweke kesandhung lan tiba. Sawise kuwi, Vian nggawa Rianti kanggo njagong ing kursi lan ngobati tatu. Aku luwih nesu lan duka karo dheweke, Eliana lan aku banjur ngalahake dheweke. Aku dadi duka banget karo Rianti. Malah Vian, sing weruh aku sing ngejak Rianti lan ngomong bab ala babagan dheweke, langsung disabetake ing ngarep. Aku luwih nesu lan duka karo dheweke, Eliana lan aku banjur menyang mobil lan ninggalake dheweke. Ing mobil Eliana, aku nangis lan Eliana nyoba kanggo menenangkan aku. Nalika aku mlebu omah aku langsung menyang kamar lan mungkasi kabeh kuciwane nalika aku nangis. Ana, aku ora sekolah, amarga aku lara. Nalika jam nuduhake jam 15:30, ing ngarep omahku ana Aby sing nelpon aku. Aku langsung mbukak lawang lan nyritakake Mas Aby teka. Mas Aby teka karo woh-wohan kanggo kula.
"Apa sampeyan duwe masalah karo Laras? sing nggawe sampeyan lara kaya iki "takon Aby nalika nyekel tanganku.
"Ora ana masalah, mas". Aku mangsuli
Dumadakan kabeh kanca-kanca teka omah karo Mas Vian. Mas Vian, sing weruh aku nyekel tangan karo Mas Aby, langsung nesu lan ngalahake Mas Aby. Aku langsung mandhegne geger, nanging Mas Vian nyurung aku lan akhire aku ambruk lan kebentur  meja makan lan ambruk ora sadar. Lan nalika aku tangi aku weruh Mas Vian lan Mas Aby cedhak karo aku. Aku uga weruh yen aku ana ing Rumas Sakit.
"Endi aku?" Aku kandha kanthi nyekel sirahku
"Sampeyan ing rumah sakit Laras," wangsulane Mas Aby
Nalika jam dituduhake jam 18:00 sore, Mas Aby ngucapake pamit marang aku. Sawise Mas Aby tekan omah. Mas Vian nyuwun pangapunten, aku isih bingung lan duka marang dheweke ora bisa ngapura. Tiba-tiba Rianti teka kanthi woh. Aku mung ngecakake dheweke lan menehi dheweke metu saka kamar. Rianti nyoba ngapura nanging aku ora bisa ngapura dheweke malah Mas Vian nerangake kabeh nanging aku ora bisa pracaya, aku langsung tangi lan ninggalake dheweke. Nanging Mas Vian mung ngoyak aku lan malah narik aku menyang mobil. Pungkasane kita telu bebarengan. Sakwise rianti metu saka mobil, Mas Vian ngejak aku metu. Nalika awake dhewe teka, Mas Vian ngandhakake hubungane karo Rianti.
"Laras aku pengin ngomong yen Rianti lan aku ora duwe hubungan  apa-apa, nanging hubungan sekandung" ujare Vian
"Hubungan sekandung" Aku mangsuli kanthi kejutan. "Maksudku sampeyan sedulur"
"Ya, dheweke iku adhikku. Dheweke urip karo paman lan bibikku, "wangsulane
"Nanging kenapa Rianti ora ngomong, yen dheweke adhikmu. Yagene dheweke ngreksa aku iki. Aku ora tau nyimpen apa-apa saka dheweke. "Aku kandha kanthi rasa syukur. "Besok aku bakal ketemu lan pengin ngerti jawaban," Aku ngandika.
Esuk esuk aku sekolah karo Mas Vian. Nalika aku kelas, aku weruh Rianti ngresiki kelas. Aku langsung njaluk ngapura lan takon marang dheweke.
"Rianti, kula nyuwun pangapunten tumrap panjenengan, ingkang ngandharaken bab ingkang awon tumrap panjenengan. Aku nyuwun pangapunten Rianti. "Aku ngomong kanthi pasuryan sing luput" nanging kenapa kowe ngrusak kabeh iki kanggo aku, apa sampeyan mikir aku. Rianti "
"Kula nyuwun pangapunten Laras, mboten ateges kula mboten kepareng matur babagan Mas Vian punika sadherek kula, nalika wonten ing ruanganne osis, kula wangsul dhateng sampeyan, nanging sampeyan kaliyan Mas Aby amargi bisnis Osis. Mulane aku bakal pitutur marang kowe ing wektu sing tepat aku kepengin weruh carane kanca-kancaku nanggepi yen aku ngerti yen pacare iku sadulurku. "Rianti mangsuli kanthi pasuryan sing seneng
"Oh ... aku nyuwun pangapunten Rianti, iku bodho aku wis curiga karo sahabatku." Aku kandha karo eseman
"Ora ketompo Laras, iku mung salah paham. Mungkin sampeyan cemburu ndeleng aku mlaku bareng karo sadulurku. "Rianti ngendika kanthi nglipur aku
"Ah ... kepriye aku cemburu karo kowe Rianti?" Aku kandha kanthi rasa isin. "Aku seneng duwe kanca kaya kowe Rianti, kowe pancen kanca apikku" ujare nalika ngisin-isini dheweke
"Apa bab Dewi, Dian lan Eliana. Dheweke uga kanca apik, "ujare Rianti
"Ya, kabeh sampeyan kanca-kanca sing paling apik, kanthi cara ngendi wae," aku takon, nonton kelas
"Padha ana ing kantin Ras," wangsulane Rianti
"Banjur ayo tindakake dheweke" Aku ngandika kanthi nyekel tangan Rianti